IJAZAH BAJAKAN MERAJA LELA

         Cepak-cepak iki lagi heboh yen ana kabar ijazah S1 palsu ana ing kampus –kampus Indonesia, berita anane pemalsuan ijazah palsu dadhi salah sijine berita sing gawe dunia pendidikan tambanh tercoreng jenenge. Berita anane ijazah palsu dadi sala sijine penyakit ana ing dunia pendidikan Indonesia, malsokake ijazah kuwi padha wae karo korupsi amargi nggawa cara sing ora bener utawa curang. Anies Baswedan nyebut (3/6/2015) “bagi yang memilih untuk membeli ijaza palsu, sebenarnya itu merendahkan diri sendiri. Dipaksakan tidak mampu kuliyah betul, sehingga akhiranya beli ijazah”. Ana ing Indonesia ana 18 perguruan tinggi sing nggadakake jual beli ijazah palsu S1 kota kuwi yaiku Jabodetabek, lan Kupang Nusa Tenggara Timur (NTT). Palahan ana ing sala sijining perguruan tinggi sing menehi ijazah palsu tanpa melu jam perkuliyahan, namung melu 1 utawa 2 tahun uwis oleh ijazah S1.

       Sak benere awal mula anane ijazahh palsu yaiku awet cilik uwong tua akon anake gawe sekolah saka SD tekane kuliah, amargi pendidikan kuwi penting lan yen nduweni pendidikan kuwi bisa nyambut gawe ingkang kepenak. Ananging masalah ana ing Indonesia yen pendidikan kuwi larang lan akeh sing ora bisa ngrasani kaya apa rasane dunia pendidikan, ananging saiki kuwi akeh kerjakan sing kudhune nduweni ijazah minimal S1. Padhahal akeh sing padha ora nduweni ijazah S1 ana ing kono, lansung ana sing jenenge ijazah palsu metu ana ing dunia pendidikan ing Indonesia. Tekan seprene kebiasakan migunakake ijazah palsu isih padha digunakake ben kepenak sing nggolek kerjaan.

         Ijazah palsu kuwi luweh murah ketimbang biaya kuliah sing ngasi pirang-pirang puluh juta ananging yen ngganggo ijazah palsu namung sedela tur murah regane. Sakbenere uwong sing migunakake ijazah palsu kuwi ora bisa apa-apa amarga namung nduweni kertas ingkang ora nduweni manfaat. Beda karo sing nduweni ijaza sing bener mesti deweke ya nduweni kapinteran sing bisa diandalake yen wis terjun ana ing dunia kerja, ora namung modal kertas ijazah palsu.

         Fenomena ijazah palsu ana ing Indonesia wis suwe ana ing dunia pendidikan ananging ora kaya saiki iki sing wis saya subur, amargi saka pihak nduwur ora serius ngatasi masalah sing gawe dunia pendidikan Indonesia tercoreng na ing luar negeri. Dadhine ana peluang bisa mlebu kaya dene bocore ujian Nasional mesti ana pihak-pihak saka nduwur sing melu ana ing babagan kuwi. Ijazah palsu ora mung ana ing rakyat cilik ananging ya digunakake marang Anggota Dewan lan PNS, cara curang kuwi digunakake pihak-pihak elit mau gawe ngunggahke pangkat, Ananging bab kuwi mau wis diteliti marang Dikti. Ana ing salah sawijining koran nerangake yen pemerintah uwis mbentuk tim satgas ijazah palsu,ana ing koran kuwi neranggake yen ana kampus sing ora nduwe izin njalanke program studi arep dicabut utawa ditutup kampus sing ora nduweni izin mau. Kelompok Dikti ora maen-maen amargi uwis ana kampus sing ora nduweni izin program studi lan kampus kuwi mau ditutup utawa dicabut izine, kampus kuwi mau yaiku kampus Adhy Niaga Bekasi.

         Ijazah palsu kuwi saiki uwis kaya dene kaset bajakan ake sing padha nggawe lan migunakake cara sing ora bener kuwi, miturut aku ora bakal ana pembuat ijazah palsu yen dunia pendidikan iki diatur lan disusun sing apik lan bener kaya dene ana ing negara berkembang liyane. Ijazah palsu kuwi ana merga ana sing nggolek lan mbutuhake kayadene klambi, klambi ana merga klambi dibutuhake dening manungsa gawe nutupi aurat, kayadene ijazah palsu dibutuake dening uwong sing ora nduweni kapinteran lan keahliyan. Miturut data sebagian besar ijazah palsu digawe nglamar kerja lan gawe ngunggahke pangkat.

         Bab anane ijazah palsu ana ing dunia pendidikan bisa disimpulke yen pemerintah gagal dening ngurus pendidikan, padahal pendidikan kuwi landasan bisane gawe negara kuwi bisa maju. Lan bisa gawe tolak ukuran negara kuwi maju apa ora yen negara kuwi dunia pendidikane ora maju bisa dipastekake yen negara kuwi angel majune utawa berkembange. Saiki kuwi. Kaya dene kaset bajakan ijazah palsu kuwi ya hasile ora kaya asli mesti ana kelemahane, lan ijazah palsu kuwi jebule ora nagel mbedakene. Andy Arisandi nyebut (13/6/2012) “ ciri-ciri ijazah palsu adalah form ijazah asli dikeluarkan oleh perusahaan kertas negara,Perum Peruri yang dilengkapi logo atau tanda khusus sedangkan ijazah palsu anya kertas cetakan biasa”.

       Ijaza palsu saiki kayadene kaset bajakan njamur kayadene jamur ing musim udan lan laris manis ana ing dunia pendidikan, lan penyebab sing bisa gaweake uwong migunakake ijazah palsu yaiku uwong sing migunakake ijazah palsu kuwi bangga yen deweke nduweni gelar sarjana, doktor, profesor gawe munggahke pangkate. Lan ya bisa uga kondisi finansial sing ora diimbangi karo kondisi kemampuan intelektual langsung padha motong jalur gawe nduweni gelar sarjanane utawa liyan-liyane, lan yen ijazah palsu bisa dientuki namong mbutuhake wektu dinanan nanging yen ijazah bener mbutuhake wektu sing suwe yaiku tekan 4 tahun bakan luweh.

      Sak benere bab ijazah palsu iki bisa diilangake ana ing dunia pendidikan Indonesa yen pemerintah tenanan mbrantas mafia-mafia ijazah palsu sing wis njamur ana ing dunia pendidikan Indonesia. Kayata menehi hukuman sing teges marang mafia-mafia ijazah palsu, lan polisi ora namung nunggu laporan ananging ya kudu aktif nggolek masalah babagan ijazah palsu kuwi mau.

      Ananging bab ijazah palsu iku kayadene korupsi anggel diilangeke amarga pihak-pihak sing kudune ngilangi kebiasakan curang mau ya ana sing nggunakake cara curang kuwi mau lan wis dadhi kebiasakane wong Indonesia yen pengen seneng migunakake cara singkat lan kuwi angel ngilangine, kudune saka cilik uwis diajari lan diwenehi ngerti yen bab curang kuwi kayata korupsi lan ijazah palsu kuwi ora apik lan ngrugeni awake dhewe.

       Saiki kuwi pendidikan ana ing Indonesia uwis kalah adoh dening negara-negara liyane miturut asil penelitian saka Human Development Inden (HDI) pendidikan ana ing Indonesia nduduki urutan nomor 112 saka 175 negara. Kuwi mau hasil sing ora mbanggakake malah nyedehake banget amarga negara tetangga cantone negara malaysia kuwi ana ing urutan 50 an padahal malaysia pas tahun 60`an ngimpor guru saka Indonesia tercinta kene ananging saiki uwis kalah adoh bisa diarani kalah rong njangkah karo negara malaysia liyane yaiku negara singapura kuwi ana ing urutan 28 padahal negara kuwi nyonto konsep pendidikan saka sala sijine tokoh sing berpengaruh ding dunia pendidikan ana ing Indonesia tercinta kene yaiku Ki Hajar Dewantoro. Saiki kuwi bisa diomongke yen guru uwis kalah karo murite amarga sing mbiyen negara merguru saka pendidikan ana ing Indonesia malah dadi negara sing dihormati dunia ana ing bab pendidikan.

         Negara Indonesia ana ing urutan 112 kuwi amarga pendidikan ana ing Indonesia namong nerapke konsep terpusat sing dilakokake. Conto ana ing sekolah-sekolah negara berkembang namong nerapke yen 1 dina dipusatke gawe namong siji pelajaran. Dadine murid bisa efektif sing namapa pelajaran sing diwenehake guru marang muride ora kaya ana ing Indonesia 3 tekan 4 pelajaran digawe 1 hari dadine murid bukane saya bisa nanging saya binggung.

         Ijazah palsu kuwi ana ing indonesia uwis gampang ngawene namong nyiapke duwit Rp 5-10 juta uwis oleh ijaza palsu sarjana S1. Kayadene korupsi bab ijazah palsu kuwi gawe negara rugi, amarga akeh para mudalan mudi njagagake lan ora serius sing nggolek ilmu amarga deweke nduwe pikiran yen ora lulus bisa tuku ijazah palsu lan ijaza palsu kuwi mau bisa digunakake gawe ndaftar kerja utawi ngunggahke pangkat. Amarga kurang telitine saka pihak-pihak sing arep diapusi marang uwong sing nggawe ijazah palsu kuwi mau.

      Perbandingane pendidikan ana ing Indonesia karo ana ing singapura kayadene bumi lan langit yen ana ing singapura departemene luwih akeh kerjane ketimbang mentiingke pendidikan gawe ladang rezeki. kurikulume apik, pengajar enak, fasilitas memadai lan biaya murah bedha karo ana ing Indonesia yen ana ing Indonesia kurikulume ora jelas, fasilitas ora memadai, lan biayane larang. Pendidikan ana ing indonesia ora mentingke kepiye pintere muride ananging malah para guru menehi biji muride sing apik ben sekolah kuwi bisa dipandang apik amarga lulus 100%. Cara kuwi yaiku cara sing bodo lan marai murid padha manja lan ora bisa mikir masa depan ngarepe lan yen wis arep kerja nggunakake ijazah palsu.

         Migunakake Ijazah palsu kuwi miturut agama yaiku padha wae karo ngapusi, amarga migunakake ijazah palsu wis ngrugeni marang wong liyane lan ana ing agama bab menik ora diintuki marang agama. Ijazah palsu ora mung ngrugekake marang awake dhewe ananging ya ngrugekake marang wong liya sing diapusi misal ana uwong migunakake ijaza palsu gawe nglamar kerja lan ketrima mangka leng nggawa ijazah asli palah ora ketampa nah kuwi sing diarani ngrugekake marang uwong liyane.

           Lan saiki ijazah palsu malah bisa dipesen liwat internet kayadhene pesen barang elektronik, lan ana ing itungan dina ijazah kuwi wis bisa digunakake marang sing pesen gawe nglamar kerja utawa ngunggahke pangkat. Kudune saiki sing bertanggung jawab ana ing dunia pendidikan kudhu teges marang uwong sing migunakake ijazah mboh kuwi gawe nglamar kerja utawi ngunggahke pangkat. Padahal mbiyen pas tahun 50 an Indonesia tercinta iki disegani marang dunia lain babagan pendidikan ananging saiki dunia pendidikan ana ing Indonesia gawe guyonan ana ing negara liya sing nduweni kurikulum pendidikan sing apik.

           Bahkan ana ing negara maju dunia pendidikane kayata Amerika Serikat ora meksa marang muride gawe milih pelajaran ya apa sing dipilih, lan bakate anak kuwi dadhine bisa berkembang ora kaya ing indonesia. Murid dipeksa nyinaoni apa sing ora bisa ditrima marang muride lan hasline dudhu bidange, bocah kuwi dahine ora bisa berkembang malah tambah setres.

           Ananging yen mbiyen ijazah S1 kuwi arang lan saiki akeh sing padha nduweni ijazah lan gawean saya sitik lan mbutuhake sing nduweni ijazah S1 dadhine pada nggolek ijazah secara singkat lan kepenak. Saiki kuwi yen ora nduweni ijazah S1 maka angel bisa oleh kerjakan dadhine uwong sing ora nduwe tanggung jawab manfaatke peluang kuwi mau, dadhine saiki praktek jual beli ijazah palsu njamur ana ing Indonesia.

Wacan

 

Mujianto,Yan. 1995. Pengukuran dan Evaluasi di Perguruan Tinggi. Semarang: IKIP Semarang Press.

Abadi, Ahmad Setiawan. 1993. Pendidikan dan Tatanan Sosial. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia.

Susilo,M.joko. 2007. Pembodohan Siswa Teristematis. Yogyakarta: Pinus Book Pubilser.

Zubadiah, Neneng. 1 Juli 2015. Pemerintah Bentuk Satgas Ijazah Palsu

http://m.liputan6.com/tag/heboh-ijazah palsu

Leave a comment