TRADISI KIRAB MALAM 1 SURA DI KERATON SURAKARTA, JAWA TENGAH

 

Abstrak

Ana ing kasultanan surakarta, ana kebo kang dipercaya keramat, yaiku kebo Kyai Slamet. Udhu sembarang kebo, ananging kewan iki kalebu pusaka penting ana ing Keraton. Ana ing buku Babad Solo karyane Raden Mas (RM) Said, leluhur kebo bule yaiku kewan kesayangan Paku Buwana II, semenjak istanane ana ing Kartasura, sekitar 10 kilometer arah barat keraton seng saiki.

Miturut pujangga ana ing Kasultanan SurakartaYosodipura, leluhur kebo sing nduweni warna kulit khas, yaiku bule (putih radha keabang-abangan) iku, salah sawijining hadiah saka Bupati Ponorogo kanggo Paku Buwana II, kang digunakake gawe cucuk lampah (pengawal) pusaka keraton sing jenenge Kyai Slamet. Sekedar catetan, tekan saiki pihak Keraton ora ana sing saguh/gelem njelasake apa bentuk pusaka Kyai Slamet iki.

Awet mbiyen 250 tahun tekan saiki, kebo bule Kyai Slamet nduweni makna khusus, sekaligus nduweni tempat terhormat ana ing sakjeroning Keraton Surakarta. Mesti wae udhu kebo sembarang kebo. Ananging kebo iki kang dadhi pepunden keramat ana ing wilayah Surakarta. Ora ana kang bisa mastekake Kyai Slamet iki dadhi klanggenan Keraton. Akeh versi kang nerangake asal muasal kebo sing kulite albino iki.

A. Pendahuluan

  1. Rumusan Masalah

1.1 Kayangapa asal muasal tradisi suronan ana ing Keraton Surakata?

1.2 Kayangapa lelampahane tradisi kirab malam 1 Suro?

1.3 kenging menapa masyrakat isih percaya karo mitos sing uwis ana?

Konon, nalika Paku Buwono II nggolek lokasi gawe keraton sing anyar, tahun 1725, leluhur kebo-kebo bule  kuwi diuculke, lan  lungane kuwi dietotake karo para abdi dalem keraton, sing  akhire mandeg dana ing salah sawijining panggonan kang saiki dadhi Keraton Kasultanan Surakarta –sekitar 500 meter arah selatan Kantor Balai Kota Solo.

kanggo masyarakat Solo, lan kota-kota ana ing  sak kiwa tengene, kaya dene Karanganyar, Sragen, Boyolali, Klaten, Sukoharjo, lan Wonogiri, Kebo Bule Kyai Slamet uwis ora dadhi kewan sing asing. Setiap malam 1 Sura menurut penanggallan Jawa, utawi malam tanggal 1 Muharam miturut kalender Islam (Hijriah), sekumpulan kebo keramat iki mesti dikirab, dadhi cucuk lampah pusaka keraton.

Ritual kirab malam 1 Sura kuwe dhewe  mesti ditengga-tengga masyarakat. Ribuan uwong tumpah ruah ana ing sak kiwa tengene istana, lan ana ing dalan-dalan kang arep dilewati kirab. Masyarakat percaya arep moleh berkah saka keraton yen  ndelok kirab.

Kirab iki kalampahan ana ing  tengah  wengi, biasane tepat tengah wengi, tergantung “kekarepan” saka kebo Kyai Slamet. Amargi, anakalane kebo keramat bisa metu saka kandang sakwise  tabuh 01.00. Kirab pusaka iki sakkabehane tergantung saka kebo keramat Kyai Slamet. Yen uwis wancine,  biasane tanpa kudu digiring, kawanan kebo bule arep mlaku saka kandange tekan halaman keraton. banjur, kirab dipumulai. Kawanan kebo keramat arep manggon ana ing barisan ngarep dhewe, ngawal  pusaka keraton Kyai Slamet kangsing digawa para abdi dalem keraton. Kerumunan uwon padha ngumpul utawa menyemut saka keraton tekan sak kiwa tengene dalan kang  dilewati arak-arakan.

Tradisi kirab malam 1 suro yaiku tradisi turun temurun kang ana ing Keraton Surakarta. Ana ing saknjeronr  kirab kuwi ana hal sing unik pramila masyarakat rebutan barang kang digunake ana ing kirab kuwi kaya dene janur panganan kebo bule iku dewe yaiku tela lan kopi panas. ana hal kang luwih aneh meneh yaiku masyrakat rebutan tlepong kebo bule kyai slamet.

Kebo bule kuwi dewe yaiku kewan wenehane saka bupati ponorogo gawe paku buwana II. kang digunakake gawe cucuk lampah utawa pengiring pusaka ana ing Keraton Surakarta, pusaka kuwi yaiku kyai slamet dadhi kebo kang warnane putih keabang-abangan kuwi tekan saiki dikenal karo kyai slamet sing sakbenere jeneng kuwi yaiku jeneng  saka salah sijine pusaka.

B. Metode Observasi

Metode sing tak  gunake yaiku metode langsung skayata wawancara langsung karo orang sing tiap tahun melu ana ing saknjerone kirab malem 1 sura lan para warga sing melu teko ana ing kirak kuwi.

  1. Wujud

Kirab malam satu sura yaiku salah sijine acara kang dianakake ana ing kasultanan Surakarta gawe ngrumat pusaka-pusaka kang ana utawa kang diduweni Keraton Surakarta. Ana ing  tradisi kuwi ana salahsijine tradisi nalika malam 1 sura pusaka-pusaka keraton diarak ngubengi kuta Surakarta. lan kebo bule kyai slamet didadekake cucuk lampah gawe ngiringi pusaka-pusaka.

  1. Kemasan

Pengemasan kang tak suguhake berbentuk vidio wawancara lan vidio lelampahane kirab malam 1 sura ana ing Keraton Surakarta sing sak njeroni nduweni isi gegayutane karo kirab malam 1 sura.

  1. Proses

Proses observasi kang angka siji nggoleksalah sawijining anggota keraton sing tiap tahun mwlu ana ing acara kirab malam 1 sura, banjur wawancara. banjur aku ya njupuk gambar utawa vidio lelampahane adicara kirab malam 1 sura ana ing Keraton Surakarta.

C. Hasil dan Pembahasan

Ana ing Keraton Surakarta, ana sakumpula kebo kang dipercaya keramat, yaiku  Kebo Bule Kyai Slamet. Bukan sembarang kerbau, karena hewan ini termasuk pusaka penting milik keraton. Dalam buku Babad Solo karya Raden Mas (RM) Said, leluhur kebo bule  adalah hewan klangenan atau kesayangan Paku Buwono II, sejak istananya masih di Kartasura, sekitar 10 kilometer arah barat keraton yang sekarang.

Menurut pujangga kenamaan Keraton Kasunanan Surakarta, Yosodipuro, leluhur kerbau dengan warna kulit yang khas, yaitu bule (putih agak kemerah-merahan) itu, merupakan hadiah dari Bupati Ponorogo kepada Paku Buwono II, yang diperuntukkan sebagai cucuk lampah (pengawal) dari sebuah pusaka keraton yang bernama Kyai Slamet. Sekadar catatan,  sampai sekarang pihak keraton tidak pernah bersedia menjelaskan apa bentuk pusaka Kyai Slamet ini.

Konon, nalika Paku Buwono II nggolek lokasi gawe keraton kang anyar, tahun 1725, leluhur kebo-kebo bule  kuwi diuculke, lan  lungane kuwi dietotake karo para abdi dalem keraton, sing  akhire mandeg dana ing salah sawijining panggonan kang saiki dadhi Keraton Kasultanan Surakarta –sekitar 500 meter arah selatan Kantor Balai Kota Solo.

kanggo masyarakat Solo, lan kota-kota ana ing  sak kiwa tengene, kaya dene Karanganyar, Sragen, Boyolali, Klaten, Sukoharjo, lan Wonogiri, Kebo Bule Kyai Slamet uwis ora dadhi kewan kang asing. Setiap malam 1 Sura menurut penanggallan Jawa, utawi malam tanggal 1 Muharam miturut kalender Islam (Hijriah), sekumpulan kebo keramat iki mesti dikirab, dadhi cucuk lampah pusaka keraton.

Ritual kirab malam 1 Sura kuwi dhewe  mesti ditengga-tengga masyarakat. Ribuan uwong tumpah ruah ana ing sak kiwa tengene istana, lan ana ing jalan-jalan kang arep dilewati kirab. Masyarakat percaya arep moleh berkah saka keraton yen  ndelok kirab.

Kirab iki kalampahan ana ing  tengah  wengi, biasane tepat tengah wengi, tergantung “kekarepan” saka kebo Kyai Slamet. Amargi, anakalane kebo keramat bisa metu saka kandang sakwise  tabuh 01.00.Kirab pusaka iki sakpenuhe tergantung saka kebo keramat Kyai Slamet. Yen uwis wancine,  biasane tanpa kudu digiring, kawanan kebo bule arep mlaku saka kandange tekan halaman keraton. banjur, kirab dipumulai. Kawanan kebo keramat arep manggon ana ing barisan ngarep dhewe, ngawal  pusaka keraton Kyai Slamet kang digawa para abdi dalem keraton. Kerumunan uwon padha ngumpul utawa menyemut saka keraton tekan sak kiwa tengene dalan kang  dilewati arak-arakan.

 Akeh uwong kang padha nyikapi kekeramatan kebo Kyai Slamet, banjur  cenderung ora masuk akal. Uwong-uwong padha melu kirab, padha rebutan ngemek utawa njamah kebo bule. ora cukup ngemek kebo bule, uwong-uwong iki trus mlaku ing mburine kebo bule, nunggu kawanan kebo bule ngetokake tlepong. sakwise tlepong tiba ing  dalan, uwong-uwong padha rebutan  njupuk tlepong.  Pancen ora masuk akal. Ananging padha percaya yen tlepong kebo bule bisa menehi berkah, keselamatan, lan  rejeki merlimpah. Padha percaya nalika rebutan tlpeong iki dadgi tradisi ngalap berkah utawa nggolek berkah Kyai Slamet.

Ngapa justru kawanan kebo bule iki  kang dadhi tokoh utama ing tradisi ritual kirab malam 1 Sura?

Menurut Kepala Sasono Pustoko Keraton Surakarta Gusti Pangeran Haryo (GPH) Puger, kirab pusaka lan kebo sekbenare berakar saka tradisi sakdurunge muncule Kerajaan Mataram (Islam), ing prosesi ritual wilujengan nagari. Pusaka lan kebo dadhi simbol keselamatan. ing awal masa Kerajaan Mataram, pusaka lan kebo kang padha-padha dijenengi Kyai Slamet, biasane ditokake ing kondisi darurat, yaiku saat pageblug (wabah penyakit) lan bencana alam.

Yen miturut sejarawan saka Universitas Negeri Sebelas Maret (UNS) Solo, Sudarmono, nuturkae, ora namung cepak karo uripe petani, sosok kebo bule kang akeh mbedakake sejarah kerajaan ing Jawa. nalika Kerajaan Demak, kayata, salah sawijining kebo seng jenenge Kebo Marcuet ngamuk lan lan oraana prajurit kang bisa ngalahke. amargi neresahake, kerajaan nggelar sayembara: yen ana kang mampu nengalahake arep diangkat dadhi senopati.

Ora nduga, Jaka Tingkir utawa Mas Karebet bisa ngalahke Kebo Marcuet kang ampuh. Mas Karebet banjur  ngepek bojo putri Raja Demak Sultan Trenggono, lan akhire bisa munggah kekuasaan.

muncule kebo bule Kyai Slamet ing kirab, tuturane Sudarmono, yaiku ana gegayutan antarane legenda lan sage (cerita rakyat kang ndewakake kewan).ing pendekatan periodisasi sejarah, sosok kebo bule ditengarai teko ing massa Paku Buwono (PB) VI ing abad XVII.PB VI ngliputi raja kang dianggep mberontak kekuasaan penjajah Belanda lan sempat dibuak ing Ambon.

Ana ing bedha Puger nuturkae, Keraton Surakarta ora pernah nyatake tlethong (kotoran) kebo bisa menehi berkah. ”yen tlethong dianggep bisaenyuburke sawah kuwi amargi digawe pupuk, kuwi isih bisa masuk akal. ananging kita mahami iki dadhi cara masyarakat nciptake media gawe njalok permohonan. paha sekadar mbutuhke semangat  gawe bangkit.”

Ana ing saiki iki kebo bule keraton jumlahe ana 12 ekor. ananging kebo bule kang dipercaya dadhi keturunan asli Kyai Slamet kuwi dhewe tekan  saiki namomg isih 6 ekor. yaiku Kiai Bodong, Joko Semengit, Debleng Sepuh, Manis Sepuh, Manis Muda, dan Debleng Muda.

Kyai Bodong kuwi dhewe nduweni adi lanang-lanang kang diwenehi jeneng Kyai  Bagong. ananging pituture Winarno, kebo iki saiki iki bedha ing kawasan Solo Baru, Sukoharjo, alasane kang enggan disebutake, kebo bule iki ora bisa digawa bali ing Keraton Surakarta.

Awet mbiyen, kawanan kebo keramat kuwi dadhi nduweni akeh keunikan. Kawanan kerbau iki, misale, sering lunga ing panggonan-pangg onan kang adoh gawe nggolek mangan, tanpa ditotake abdi dalem kang nduweni tugas nggembala. akeh sing tekan ke Cilacap kang jarake luwih saka 100 km saka Solo, utawa  Madiun ing Jawa Timur. ananging anehe, njelang Tahun Baru Jawa, yaiku 1 Sura utawa 1 Hijriah, padha bisa bali ing keraton Surakarta merga areo maelu ritual kirab pusaka.

D. Penutub

  1. Kesimpulan

Kesimpulane yaiku kirab malam I sura kang ana ing Keraton Surakarta dianakake tiap tanggal satu I utawa tanggal I  muharam ana ing kalender islam. Ing keraton surakarta dianakake kirab nduweni tujuan gawe ngrumat pusaka Keraton Surakarta carane dikumbah lan diarak ngubengi kuta solo. Lan kang dadhi cucuk lampah ing kirab iki yaiku kebo bule kang diduweni keraton Surakarta.

  1. Saran

Tradisi kirab budaya kang uwis ana ikiharus terus dilestarikan lan dilaksanake lan aja nganti ana kang ngrusak tradisi unik iki amargi tradisi iki bedha kaliyan tradisi-tradisi liane.

 

 

Leave a comment