pendidikan anti korupsi ana ing Indonesia

Sekretaris Jendral Pendidikan lan Kebudayaan Ainun Na’im mrathelakaken, pendhidhikan antikorupsi sampun dilebetaken wonten ing kurikulum sekolah dhasar ngantos pendhidhikan tinggi wiwit warsa 2012. Ananging boten gampil nglaksanakaken program kasebat, amargi ngantos dinten samenika taksih kathah perkawis ingkang kedah diadhepi. Amargi wonten tiyang-tiyang ingkang boten sarujuk manawiantikorupsi dipunlebetaken wonten ing kurikulum. Sanajan boten mligi dados mata pelajaran, pendhidhikan antikorupsi menika namung dipunseselaken wonten ing salah sawijining mata pelajaran ingkang wonten gandheng cenengepun kaliyan korupsi, kayata Pendidikan Kewarganegaraan.

Pendhidhikan antikorupsi menika leres dipunlebetaken wonten ing kurikulum. Jalaran saking perkawis-perkawis ingkang sampun kalampahan, khususipun pejabat negara kang kedah dados conto kangge rakyat,nanging kathah ingkang kejerat kaliyan korupsi. Manawi boten diantisipasi, KKN(Korupsi kolusi Nepotisme) menika saged dados budaya wonten ing Indonesia. Rakyat boten malih ngajeni negara, amargi pejabat negaranipun boten saged nglaksanakaken amanat saking rakyat. Rakyat boten purun malih bayar pajak lan akibatipun negara boten gadhah pemasukan, amargi pemasukan negara ingkang paling ageng inggih punika saking pajak. Saking pajak punika negara saged mbangun fasilitas kagem masyarakat kayata aspal, sekolah, puskesmas lan sapanunggalanipun.

Pendhidhikan antikorupsi punika ingkang sae dipunlebetaken wonten ing kurikulum SMA lan Perguruan Tinggi. Amargi sampun trep kaliyan Kurikulum Berbasis Kompetensi, pendhidhikan kang dipunajaraken marang siswa kedah trep kaliyan kemampuan lan kebutuhan murid. Murid SMA lan Perguruan Tinggi perlu dipun adharaken babagan punika amargi sampun wancine terjun wonten ing dunia pekerjaan lan srawung wonten ing masyarakat, utaminipun manawi sampun bebrayan. Pendhidhikan antkorupsi punika saged damel pondasi lan sangu supados siswa mangertos punapa kemawon kang dodos hake piyambag lan hake tiyang sanes. Iga saged nglaksanakaken amanat saking tiyang sanes.

Pendhidhikan antikorupsi menika saged diajaraken wiwit cara kang prasaja.Kayata lewat organisasi sekolah(OSIS, BEM, ROHIS, HIMA, lsp) utawa organisasi kelas kang dipun awasi dening wali kelasipun piyambak. Saking organisasi punika murid saged dipun ajaraken babagan keuangan supados dipuntulis kanthi rinci, perkakas organisasi supados dijaga anargi punika amanat saking sekolah lan dipun paringi informasi kasus korupsi ingkang sampun kalampahan lan punapa kemawon kerugian kang ditanggung negara. Kanthi cara ingkang pungkasan menika inggih saged nuwuhaken sikap nasionalisme wonten ing dhiri siswa supados sami-sami njaga punapa kemawon ingkang sampun digadhahi negara, ugi supados boten ical wonten ing tangan-tangan kang boten samestine, kang saged njalari sangsaya mlarat panguripanipun rakyat alit.

Ananging pendhidhikan antikorupsi menika boten mligi dados dalan ingkang paling sae kagem nangani perkawis KKN wonten ing Indonesia. Kurikulum enggal punika kirang efektif amargi boten saged njamin murid-murid punika supados boten blereng manawi dipun adhepaken kaliyan kasunyatan wonten ing dunia pekerjaan. Ditambah malih kabutuhan kulawarga lan penghasilan kang boten imbang. Perkawis kasebat kang saged nglunturaken punapa kemawon ingkang sampun diajaraken kaliyan gurunipun.

Gurunipun piyambak inggih boten saged dijamin manawi bebas saking kasus korupsi. Ampun ngantos dados Jarkoni(bisa ngajar ora bisa nglakoni). Manawi gurunipun dereng saged dipastekake bebas saking kasus korupsi punapa malih murid-muridipun. Amargi guru ingkang sae inggih punika guru kang saged maringi tuladha, boten namung ngendika ngalor-ngidul kang boten wonten isinipun. Tenaga pendhidhik inggih punika tenaga ingkang mangertosi ngantos gamblang babagan punapa kemawon ingkang dipun ajaraken dening murid. Paling boten saged tumindhak miturut pengetahuan ingkang sampun dimangerteni, boten asal tabrak jalaran blereng gebyaring bandha kang wonten ing ngajenge.

Korupsi inggih punika kapinginan supaya nduweni sesuatu kanthi cara gampil ananging ngrugikake tiyang sanes. Dados kasus korupsi punika boten mligi kados nilep artanipun rakyat kemawon. Nanging uga saking perkawis kang sepele, kayata nyontek. Nyontek punika sampun lumrah wonten ing kalangan pelajar, nanging kalumrahan kang sepele kasebat ngajaraken tindhakan kang boten sae marang murid. Saking tindhakan kang sepele kasebat bisa njalari murid nglakokake tindhakan kang luwih boten trep, kayata korupsi ing sangajenge dinten. Samana uga kang kadadeyan ing guru utawa tenaga pengajar. Korupsi kang asring dilakoni guru punika yaiku korupsi jam pelajaran. Pelajaran sampun dipungkasi saderenge wekdalipun. Pancinipun njalari murid bingah, nanging sejantosipun kahanan kasebat inggih ngajaraken murid nglanggar aturan lan tata tertib. Amarga guru kang dipun dadosaken panutan uga nglanggar aturan.Wonten malih tindhakan guru marang murid kang nembe panas inggih punika pelecehan seksual, kang njalari traumane anak ngantos diwasa.

Anggota KPK(Komisi Pemberantasan Korupsi) lan hakim mawon wonten ingkang kejerat kaliyan kasus korupsi, punapa malih tenaga pendhidhik kang dereng dangu menika nembe gencar didhawuhi supados ngajar babagan antikorupsi. Tiyang-tiyang ingkang nangani bidang korupsi mawon boten luput saking parkawis kang saben dintene dipun tangani. Mendah dene tenaga pendhidhik kang boten nate kesorot publik.

Sampun kathah hukuman lan sanksi kanggo tindak pidana korupsi. Kayata kang katulis wonten ing Undang-Undang No. 31 Tahun 1999 kang sampun digantos kaliyan Undang-Undang No. 20 Tahun 2001. Nanging taksih kathah tiyang kang tetep nindhakaken korupsi. Bokmanawa tiyang-tiyang punika rumangsa yen hukum ing Indonesia kirang teges. Amarga taksih kathah tindak korupsi kang boten konangan tiyang sanes. Malah wonten tiyang kang korupsi nanging taksih saged mlampah-mlampah ngantos Singapura, menika jalaran kirang tegese hukum ing Indonesia.

Sejantosipun sadaya wau gumantung dhiri piyambak. Mangertos pundi kemawon kang dados hake lan hak tiyang sanes kang taksih kekirangan. Kepriye anggone nyambut damel kanthi cara kang halal. Ngantos direwangi adus kringet nanging hasile taksih dereng nyukupi kabutuhan kulawarga kang tansaya kathah. Nanging kang boten saged ewah punika yaiku rejeki kang halal njalari urip ayem lan tentrem sanajan sarwa kacukupan.

Pendhidhikan ingkang sae inggih punika pendhidhikan agama kang luwih dipadhetke malih, utaminipun kangge sekolah umum kang namung wonten mata pelajaran agama 2 jam saben dintene. Wektu punika boten sebandhing kaliyan perubahan jaman kang tansaya rusak jalaran kelebon kaliyan budaya manca kang nyleweng saking budaya Indonesia kang sejati. Murid wonten ing Indonesia boten namung betah didandosi babagan ilmu umum lan akademik, nanging uga kedah didandosi babagan akhlak, moral lan pribadhinipun kang sampun luntur. Wonten ing agama Islam korupsi menika cetha dikharamake. Malah Rasulullah sampun ngendikan “terlaknatlah orang yang menyuap dan disuap.” (HR. Ahmad)

Tiyang-tiyang padha tumindhak serakah lan rumangsa kirang marang punapa kemawon ingkang samun digadhahi. Atinipun dados kasar, boten saged sumerep marang tiyang sanes kang sarwo kekirangan. Tiyang pinter punika kalah kaliyan tiyang mangertos, mangertos manawi tangga teparo lan sanak kadangipun sarwo kekirangan, mangertos menawi bandha punika boten bakal dipun bekta ing alam kubur. Boten tiyang pinter, nanging boten mangertos hak-hak punapa kemawon ingkah perlu ditindhakake.

Sajake tiyang punika betah diajaraken syukur dhumateng Gusti amargi sampun dipun paringi rejeki lan kasugengan sahingga bisa makarya. Pendhidhikan agama punika paling boten saged nyadharaken tumindhak-tumindhak ingkang kelentu lan saged ngandhelake iman marang Gusti Allah. Amargi sedaya bandha kang diduweni wonen ing donya menika saged ical sawayah-wayah, kalebu nyawa. Ngakaraken pendhidhikan agama marang anak punika inggih salah sawijining kawajiban tiyang sepuh dhateng anak.

Ananging pendhidhikan agama punika inggih boten mligi dados panutan kang paling sae. Amarga wonten ulama-ulama lan kyai kang tumindhak boten miturut dhasar agama. Kayata nampa bayaran pengajian utawa ceramah kang sejantosipun boten angsal ing agama. Wonten malih biro-biro haji lan umroh kang nilep arta nasabahipun. Ingkang paling mbangetake yaiku kyai kang nyabuli santriwatine piyambak. Ulama lan Kyai punika boten saged ngayomi minangka dados guru spiritual, nanging njalari icalipun kapitayan rakyat dhumateng Ulama.

Pancinipun sadaya wau inggih gumantung dhiri pribadhinipun piyambak. Wong tuwa kedah milihaken pendhidhikan kang paling sae dhumateng anak, kalebu pendhidhikan agama. Supaya anak angsal pendhidhikan kang sae, miturut kemampuane anak. Ananging paling boten, pendhidhikan agama punika kedah diajaraken marang anak, amarga kalebet kewajabane wong tuwa supados ngajaraken ilmu agama marang anak. Manawi pelajaran antikorupsi punika boten kaleksana, paling boten sampun ngguguraken kuwajibane wong tuwa marang anak. Ingkang paling baken pendhidhikan agama punika boten namung ngajaraken pendhidhikan donya kayata antikorupsi, akhlak, toleransi nanging uga ngajaraken pendhidhikan akhirat.

Manawi ing tindhakan korupsi pancinipun kita saged angsal punapa kemawon kang dipingini kanthi cara instan. Nanging manawi wonten ing agama ngajaraken sedhekah. Sedhekah punika boten bakal njalari telase bandha, nanging sangsaya nambah rejeki kita. Amargi sedhekah woten ing agama nduweni rumus nglipat gandhakake kaping pitu punapa kemawon kang sampun kita paringaken kangge sesami.

Sumber :

Mulyana, Rohmat.2004.Mengartikulasikan Pendidikan Nilai.Bandung:Alfabeta CV.

Majid, Abdul.2004.Pendidikan Agama Islam Berbasis Kompetensi.Bandung:PT Remaja Rosdakarya.

Wiyono, R.2005.Pembahasan Undang-Undang Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi.Jakarta:Sinar Grafika.

Mulyasa, E.2006.Kurikulum Berbasis Kompetensi.Bandung:PT Remaja Rosdakarya.

Drost, J.2000.Reformasi Pengajaran Salah Asuhan Orang Tua?. PT Graedia Widiasarana.

 

 

 

 

 

 

 

Leave a comment