teks wayang Duryudana gugur

DISC 1

JEJER PAKUWON SEWUNTANA

Menika purwakaning bandha hamboja marwatasi mring sang hyang para pamriksa. Ngaturaken carita jaman purwa puniki tan nyedhehan wulan wuruk mung sumandha paring priksa den nira medhit palupi. Wasana mugi rahayu. Mugi rahayu kang samia tinandya. Palungguhna dwining netas lukita linoden kidung kadung kader hamomong. Memangun manah rahayu hanjwana tan manggulung cumolong manastungkara. Tarungan karana pangatus puspitawan salap samrawut. Hong wilaheng. Hong wilaheng hawitnan hastu memasidan mastusilat mring nggon jagad sarola,siran tandha wiseksaning busana sana sinawung lan mula pangestuning sih listantun lan panjutur katur katuluk tetela mrih tulat ladin paradya. Winursita upama pramenwistara karan kodyan rumiyin jaman purwa. winisugra trah kang ginama gama winardikan jaman samana wusanane lupita tanduking pralamban matumpa-tumpa marma pandhuk sang hyang nata.

Swuh rep data pitana hanenggih pundi ta kang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Sanadyan gumelaring jagad kathah titahing jawata ingkang sinangga pratiwi kasung, sung akasa kinapit samodra kathah kang sami anggono raras. Nanging lamun ta kaupaya sewu datan waged mujudaken sadasa, satus datan jangkep tiga. Pranyata kang kinarya bebukaning caritanenggih pakuwon bulupitu, ya kasebut pakuwon sewuntana.

Sanadyan ta gumelaring pakuwon aneng madyaning wana, nanging tan beda kadhaton nggenggen. Awit nalika samanten ing pakuwon munggwing telenging wana Bulupitu narendra binathara ingkang angrenggani turaya ing negara Ngastina ingkang ajejuluk Prabu Duryudana, ya Prabu Jaka Pitana, ya Kurupati Gendarisuta, ya sang Dastratmaja, ya Tripanansah. Nalika samanten gumelaring jagad bebasan peteng ndhedhet linungan yayah bangun kang sampun lebu maruta dhatan lumampah, ron-ronan padha tiniba amung sakedhat-sakedhat kapireng suwanten jumeglug saking telenging samodralaya. Sayekti iki swarane alun bantheng gumelaring bawana makaten awit kena pradawaning pangageng Baratayudha Jayabinangun ingkang sampun tumindak wolulas dinten rikalenggan punika. Lumampahing perang Baratayudha Jayabinangun ingkang sampun tumindak wolulas dinten rikalenggan punika ora mokal gedhe prabawane. Sinebut perang Baratayudha awit peranging dharah Barata, inggih punika kurawa lan pandhawa sami-sami dharah Barata, ingkang sami nggegeti leresipun piyambak. wonten bebasan cukeng klayan akri, dumadosing pasulayan ngantos dumadi dledhak perang Baratayudha Jayabinangun. Sanadyan ta sampun kathah ingkang dados bebanten wonten madyaning paprangan Tegal Kuru, namung kala samanten Prabu Duryudana yayah tugu raja panggalihna. Wantot ing penggalih dhatan kepareng minangkani panuwuning Pandhawa, ingkang sanyatanipun minangka kwajibaning pandhawa. Nalika samanten Prabu Duryudana lenggah wonten madyanining pakuwon, ngregemeng ingkang munggwing kanan kiring amung abdi emban ingkang kepareng ndherek wonten madyaning pakuwon. Kinen munggwing ngarsa tumungkul yayah konjem pertwiwi, wedanane pisowanane naredra mantrinoka hiya Patih Harya Sengkuni, ya raden Tri Gantalpati, ingkang lenggah klasa jenar.

Aja dumeh Patih Sengkuni wis kaduk yukswa, bebasan wis gempong pil kutu ampas jandil wanik, nanging kalukeng rat kacuriganing manah dungkas kawruh salwiring elek datan mokal pinercaya ngasta abaning negari Astina, dhasar taksih kaleres bapa pamanira sang nata. Patih Harya Sengkuni mengkeraken pisowanipun kadang taruna nata Ngastina, satriya ingkang lenggah kasatriyan tirta kinalan. Kekasih raden Kartamarma ingkang pinarcaya minangka kahartadan negari Ngastina. Raden Kartamarma mengkeraken sowan para kadang santana ingkang taksih gesang kasambet pisowanipun para wadya. Nadyan wus datan sepintena kathahing para wadya turta sampun saminandang tatu ora mokal ketingal pating tleset. Namung ingkang dereng nandang cintraka tansah ngencengi kendhoning gendewa. Anyudan gada miwah anglimis-limis gegaman kaya-kaya sedya nyirnakaken mengsahne. Rikala samanten tan ana kang obah. Candrane yayah sang hyang candra katalengan hawa penggalihan nira sang nata. Ingkang amurwani tumembenging suntawa sang nata menggalih, donya katumben kicalan bagedhut negari Ngastina.

Prabu Karna Basusena ingkang kakukuh ing madyaning Suramadyalaga. Eling-eling Prabu Duryudana, narendra gung binathara sanadyan tumendem sungkawa sinawung-sinawungggana ngantos dhatan kang wistara. Narendra Mandaraka nun inggih Prabu Salya tedhak saking titianira sigra kapapat para kadang sentana den acara linenggah. Kalenggahanira kapareng caket kalenggahan dalem sang nata Duryudana. Prabu Salya wus mapan lenggah katingal mencorong cahya tejane, sirna sipating bathara, inggih Bathara Indra dewaning budaya mangejawantah.Dene rawuh Prabu Salya bebasan ngrembug ing ngajeng sangga prawadya. Kacarita Prabu Duryudana ngrawuhaken Prabu Salya kepareng ngacarani sawesatiw. Hanungkulaken jangga, mujudaken asta, kapareng rukming doya mangkana cipta wringganira ingkang dereng kawijil. O,,,

Kerlap-kerlap sami tumonton rengganing pragata. Para dewa-dewi myang para resi. Para dewa-dewi myang para resi kadyas mawas ing dalu. Murbeng laku bangsa rarung. Fajar aruming katingal. Reng-renging driya manawung rinawung Sang Hyang Wisesa. Leng-leng ramyaning bangsa sangka wayah murbeng lagya somar. Maring garuning puri. Redyangitna sirmandaya, mandaya sekaring bawana. Jaladri kang kapitaning surya, deneng diwangkara anjrah sumembur saking jariya risang sekaring narendra. Sukmeng nala sedya asmara, dewataning sukmengnala. Sarira kang madibya-dibya. Hamuja harja harjaning bawana. Leng-leng dadiningkan awan saba-saba keng Ngastina samantara tekeng tegal kuru nararya ywa Kresna langguh. Sireng prasurama, myang kang ywa Janaka, dulur narada katandya tegal wiluri milu karya. Sang nohupati, sang nohupati.

 

 

Pasewakan ing Pakuwon Sewuntana.

  1. Duryudana : “Jagad wasesaning bathara, estungkara manik raja dewaku. Paman

Harya Sengkuni!”.

  1. Sengkuni : “Kawula nuwun wonten dhawuh ingkang ngendika, sinuwun”.
  2. Duryudana : “bilih mboten sisip pandulu putra pekenira ingkang katemben rawuh

Rama Prabu Mandaraka”.

  1. Sengkuni : “kawula noknon, kepasang yogya pangandika dalem ingkang sinuwun mawantu-wantu panuwun kula sinuwun. Kepareng lajeng ngacarani rawuh sinuwun, panjenenganipun Kaka Prabu Mandaraka”.
  2. Duryudana : “paman Harya Sengkuni! Rama Prabu Salya! Dereng dangu rawuh wonten madyaning pakuwon Sewuntana, putra jengandika nyaosaken pambagya palakrami saha pangabekti kula konjuka sahandhaping pepada mawantu-wantu”.
  3. Prabu Salya : “e…e… jagad dewa bathara. Dahat kadya kalinggamurda dugi nampi sabdanipun angger Prabu Duryudana ruwentah ingkang Bapa Mandaraka. Pangandikanipun anggen Prabu Duryudana kula tampi asta kalih kula pethelaken njaja nambahana daya kasantosan kula. Anggen prabu mundhut pirsa, sowanipun ingkang bapa wonten madyaning pakuwon sewuntana. Awit pamujinipun angger Prabu kasengguh pangayomaning hyang widiwasa. Sowan kula wonten Pakuwon Sewuntana winantu ing karahargayan mboten pinanggih sambekala, ngger. Puja pangestamanipun ingkang bapa sayogya katur ngarsaning angger Prabu Duryudana”.
  4. Duryudana : “ora walat panampi kula. Sabdanipun bapa prabu menapa rama prabu kula pundhi mestapa mygi dadosa jejimat. Keparenga dipunprayogakaken lenggah”.
  5. Prabu Salya : “e…. inggih”.
  6. Duryudana : “paman, sampun ngantus kadaluwarsa nyaosna pambagya ngersanippun rama Prabu Mandradiba”.
  7. Sengkuni : “kawula noknon inggih dalem sendika. Kaka Prabu Salya ingkang rayi Prasa Jenar linepatna saking bebendhu, keparenga nyaosaken pambagya basuki rawuh wonten ngarsa madyaning pakuwon Sewuntana”.
  8. Prabu Salya : “iya iya. Manguji nguwadi kepatihan ora ana ing sambekala”.
  9. Duryudana : “rama Prabu Mandaraka?”.
  10. Prabu Salya : “inggih kula, ngger”.
  11. Duryudana : “sasampunipun lenggah kanthi Prayogi, sanadyan kula sampun mangertos bilih kaka prabu Karna kasangguping rana sejatos kejet raosing manah kula. Upaminipun tiyang cangkriman, kaka Prabu Karna tandhing layan Janaka, kula batak kedah sasak, kaka adipati. Nanging sebab menapa katemahan kaka Prabu Karna ingkang kasangguh ing rananggana. Kula pengin mangertos kados pundi dedongenganipun? Dawanipun rama prabu ingkang ngasta kendali kendhalining kuda pngiriting rata titiyanipun kaka adipati, tamtunipun priksa sasolah bawanipun kaka adipati”.

Leng-leng ramyaning kang driya, e… katantreman sumuking tyas kang daduridan.Oooong kadadyan wujid. O….

  1. Prabu Salya : “e…e… pancenipun awrat anggen kula badhe matur, jalaran kados mboten wonten paedahipun. Nanging bareng prabu kepengin priksa kawontenanipun kang raka mwangga majeng raranggana, inggih sedya kula aturaken menapa kadadosanipun”.
  2. Duryudana : “inggih”.
  3. Prabu Salya : “sasampunipun kang raka Awongga kanthi layan Arjuna tangkep jaja kang taran bahu genti milah tatu. Rame anggenipun pacakoro dedel pinedel, diya diniya, satemah anggenipun ngasta curiga ligan lajeng sesarengan kendel sami mundur saking pabaratan lajeng nitih rata. Karna nitih rata Jatisura pinagka kusiripun, Arjuna nitih rata Jaladara kang raka Dwarawati kusiripun”.
  4. Duryudana : “inggih”.
  5. Prabu Salya : “salaminipun Karna dados anak kula mantu, sayekti kula mangertos watak wantunipun raka Awongga jebul watak satriya estu”.
  6. Sengkuni : “sebabipun kados pundi kaka prabu?”.
  7. Prabu Salya : “aku iki kudu mangsuli kowe apa kanjeng prabu?”.
  8. Sengkuni : “caos kanjeng prabu Duryudana, kula namung badhe ndherek mirengaken”.
  9. Prabu Salya : “dugi rata punika sampun ngancik wonten madyaning blambang manunggal. Babar pisan mboten wonten ingkang mijil saking mendho kendanunaga sabongkoting ngetal”.
  10. Duryudana : “naga sabongkoting ngetal?”.
  11. Prabu Salya : “inggih. Naga wau saged tata jalma. Kula mirengi anggenipun rembagan. Naga wau ngagem harda walika. Mrepeki kang raka, kepengin badhe nandhingi pun Arjuna. Mangkin yen Janaka pejah, kamenanganipun dipuncaosaken dhumateng kang raka Awongga. Sanesipun kang raka Awongga lak kedah lira, nanging yen raka Awongga malah ndadosaken muntaking manah dados duka. Jalaran Karna saged milah-milahaken iki butuhing pribadi iki butuhing kulawarga. Yen Janaka punika dipunpejahi harda walika mboten lila awit enget yen Janaka niku kadange taruna. Nanging kok Karna purun nandingi kudangipun Janaka amargi netepi kuwajibanning satriya anggenipun sagah netepi dados senopatinipun Kurawa. Lho, rak awis to, ngger? Perang ageng punika saged makaten manahku, bisa mbedakake iki butuhing kulawarga, iki butuhing kuwajiban”.
  12. Duryudana : “inggih”.
  13. Prabu Salya : “wasana naga dipuntundhung sarana rembag mboten purun, dipunsorok mawi keris nanging saged mluncat. Lajeng nyumanggakaken naga wau dhateng pundi kula mboten ngertos”.
  14. Duryudana : “inggih”.
  15. Prabu Salya : “sareng lancaran jemparing Janaka layan kang raka Awongga. Waaah perang baratayudha tumindak wolulas dinten, mboten wonten ingkang kados tandhingipun Karna lan Janaka, rame, edi”.
  16. Duryudana : “ram nanging sae?”.
  17. Prabu Salya : “sae. Sae nalika Karna tandhing. Dhalangipun enem, mila sae sanget. Ngger banthara kados mendhung ngendanu, punika wujudipun jemparing, jemparingipun Karna kalawan Janaka. Mangka pun priksani dewa telung puluh watak sanga widadari kethi kurang sawiji. Rak katingal dhirgantara pating glebyar. Namung ndadosaken kawuningan, ngger. Dupi kang raka Awongga den lepasi pusaka dening Arjuna ingkang nama Kyai Pasopati. Tumanem jangganipun kang raka Awangga sanalika seda sumendhe rata kwandhanipun”.

Leng-lenging driya mangu-mangu mangungkung,mangu-mangu mangungkung wan wan winangun kang lagya hamangi. O….O…. dan kena niya ing nala. O… dupi Prabu Duryudana midhanget pangandikanira sang rama Prabu Salya, sanalika muntak dukane tumenga tebak jaja tumungkul tampel betis. Gegrontolan mijiling riwik sajagung-jagung mijil sasela-selaning jaja. Dereng ngantos ngandika sowaning para wadya katungkul pisowanipun Bambang Aswatama. (sindhenan).

  1. Duryudana : “waaah Aswatama gawe kaget. Kawula noknon nuwun sewu nyadhong duka sinuwun”.
  2. Sengkuni : “ana apa Aswatama, tanpa paliwara? Bebasan kumrojog tanpa polarapan”.
  3. Aswatama : “inggih paman kepatihan. Awit wonten wigatos ingkang kedah kula unjukaken ngarsa dalem ingkang sinuwun”.
  4. Duryudana : “padha kanthi becik sowanmu”.
  5. Aswatama : “inggih pangestu dalem sinuwun. Boten manggih sambekala sowan kula, sungkeming pangabekti konjuka sahandhaping pepada mawantu-wantu”.
  6. Duryudana : “iya tak trima. Ana wigati apa sowan ing ngarsaku ora daktimabali?”.
  7. Aswatama : “kepareng ngonjukaken atur sedaya lepat nyuwun gunging pangaksama”.
  8. Duryudana : “iya”.
  9. Aswatama : “ingkang badhe kula aturaken ngarsa dalem ingkang sinuwun, lelampahan majengipun kaka Adipati Karna dinten wingi wonten madyaning Suramadyaloga”.
  10. Duryudana : “iya”.
  11. Aswatama : “wiwit bidhal saking Pakuwon Sewuntana prasasat kula mboten pisah kliyan Krata titiyanipun Kaka Adipati Karna. Kula wonten pengkerning krata”.
  12. Duryudana : “Aswatama ana mburining krata titiyane kaka Prabu Awongga”.
  13. Aswatama : “inggih prabu, inggih. Mila sasolah bawanipun kaka Prabu Awongga kula tansah ngulat”.
  14. Duryudana : “iya”.
  15. Aswatama : “wadhuh ndadosaken kawuningan. Umpaminipun tiyang lumampah, yen kaka adipati punika mboten wonten ingkang njagal, kedah kaka adipati ingkang unggul jayanipun. Janaka kedah pejah saka astanipun kaka Adipati Awongga”.
  16. Duryudana : “kowe aja waton matur. Kowe matur umpamane wong mlaku kaka Adipati Karna ana ingkang njagal iku kepriye lelakone”.
  17. Aswatama : “kula mboten matur ndara menapa mboten wonten ingkang kula aturaken. Saweg ta adipati ngasta pusaka menthang gendewa Kyai Wijayandanu sinandhangan larastra Kyai Wijayacapa. Anggen kula maspadakaken bebasan kedhep tesmak. Ingkang kedah dateng klesah tumaneming jemparing kedah jangganipun Janaka. Namung ndadosaken kawuningan kaka prabu. Sesarengan lumepasing jemparing, kendhalining kuda pangiriting rata dipunsendhal kaliyan risang kusir. Krata sisih wingking dipungenjot. Mboten mokal, kuda kaget satemah nebak-nebak lampahipun. Lumepasing jemparing olih, nanging banter kebat pindho kilat kesit kadi sakit, namung lampahipun mboten leres. Satemah namung saged nyaut lungsenipun Janaka. Dados menawi mboten wonten reka dayanipun nuwun sewu sinuwin Mandaraka panginten kula kedah Kaka Adipati Karna ingkang unggul jayanipun”.

Jaja muntap pindho kinedat, netra kocak ngondar-andir idep mangala cakra. Ong…. gumedut padoning lathi terota nang pojok, sumung-sumung jajanira netra ndek sarira tunggal.

  1. Prabu Salya : “nuwun sewu, ngger Prabu Duryudana. Kepareng mboten kepareng wanci kula suwun”.
  2. Duryudana : “badhe kagem menapa?”.
  3. Prabu Salya : “badhe kula angge mangsuli tiyang ingkang dahat nyerweteh pamanggihipun”.
  4. Duryudana : “sampun ngantos duka rama”.
  5. Prabu Salya : “mboten, mboten napa-napa mboten napa-napa. Awit kula mireng aturipun Aswatama menika menawi namung kula ampet wonten batos, kula pendhem wonten raos, yen getih kula punika menggah mlempat dumugi sirah, kula saged pejah dadakan. Mila leganing manah kula kedah badhe kula wangsuli. Mboten napa-napa kok, ngger”.
  6. Sengkuni : “eeeleh”.
  7. Prabu Salya : “ora usah yang yung, Sengkuni!”.
  8. Sengkuni : “inggih”.
  9. Prabu Salya : “aswatama? He! Aswatama!”.
  10. Aswatama : “kula”.
  11. Prabu Salya : “kowe matur ing ngarsane Prabu Duryudana akeh-akeh titi mau. Kowe nggunakke pikiranmu ingkang wening, apa mung waton kowe matur? Apa kowe mung waton ngucap, apa nggonmu ngucap nganggo wewaton?”.
  12. Duryudana : “sampun, rama!”.
  13. Prabu Salya : “sekedhap, mboten napa-napa, ngger”.
  14. Prabu Salya : “Aswatama! Cekak gampange kowe duwe pandakwa marang aku, nek Karna kuwi mungsuh Janaka, nggone kalah aku ingkang ngalahke, aku ingkang dadi dalane, ngono? Jajal aku tak takon. Karna kuwi apaku, Janaka kui apaku? Angger Prabu Duryudana iku apaku? Nek kupingmu kui budheg, mripatmu kui bisa nyawang. Nek mripatmu kuwi blawur ora bisa nyawang kupingmu kudu krungu, Aswatama. Mokal nek ora ngerti. Nek Janaka kui mung plunan wae, merga adhiku iku dadi kuwalon siJanaka. Ning nek Karna, rak cetha kui mantuku. Mula ing madyane perang baratayudha iki Prabu Duryudana iki ya mantuku. Apa klakon aku maratuwaning kloro iki anak mantu? Aswatama! Kowe duwe panemu kaya ngono kuwi kowe arep golek kamukten, ning ngancik-ancik sirahe wong liya tak kandhani. Ora maido nek bapakmu kui sugih ngelmu, ora mokal wenang dadi gurune dharah kurawa. Nanging kowe mung mamerke dumeh kowe anake wong ketrima. Anake wong ketrima kui nek ora prihatin dhewe ora bakal bisa ngundhuh kapinteran lan kabegjane wong tuwa. Kono wangsulana! Nek pancen kowe pilasatun mulaladi, dhek bapakmu mati kowe ki banjur madeg ing madyaning praladan mung ngeluske dhadhamu, ngatonke kekendelanmu, apa sebabe nalika bapakmu mati kowe minggat? Malah nek ora kleru matine bapakmu merga rumangsa nek kelangan kowe dianggep kowe wis mati tak kandhani. Bareng bapakmu tekaning pati, kowe arep kepengin ngatonake lelabuhanmu, ning ndadak arep ngancik-ancik sirahe wong liya, iya? Kowe kuwi manungsa ning anake wong sing doyan suket tak kandhani. Ora jeneng mokal kowe guneman waton bisamu. Saiki tak walik takone ora susah, kok kowe ndadak ngakeh-akeh tembungmu. Aswatama wae. Wani tandhing karo Salya? Nadyan ta Salya wis ngadek ora jejeg nek ora dicagak nganggo teken. Nanging tanganku kiwa nyampluk seiringanmu ora pecah sigar mratak sirahmu tak sembah ider-ideran Aswatama!”.

Aswatama lunga jengkar mlayu.

  1. Prabu Salya : “sampun dipunalang-alangi, ngger! Pancenipun badhe kula jangkah Aswatama. Sanajan aku wong pikun, ning dereng rumaos blereng ningali wujudipun Aswatama”.
  2. Duryudana : “wadhuh rama, nyuwun pangaksama kepareng ngracut dujanipun kanjeng rama”.
  3. Sengkuni : “wadhuh kaka prabu. Bilih kaka prabu kalampah mbujung Aswatama, upaminipun ngantos pasulayan bandayuda, menawi menang mboten badhe kondhang. Nanging nyuwun sewu yen ngantos keseser marak barang wirang”.
  4. Prabu Salya : “dadi kowe mestheke yen aku kalah, ngono”.
  5. Sengkuni : “kula boten nemtokaken yen kawon, nanging yen kaka prabu menang rak ora kondhang, mung mungsuh Aswatama. Keparenga ngracut dukaning penggalih kasilama mawi tirtaning kesabaran makaten”.
  6. Duryudana : “inggih rama prabu. Keparenga ngracut bermantiyanipun rama prabu. Menawi rama prabu mboten saged ngracut ubaling duka rama prabu, lajeng dados menapa menika mangke?”.
  7. Prabu Salya : “kula nyuwun priksa angger prabu, kula sejatosipun baratayuda menika tumut inggih saged, inggih mboten tumut inggih mboten napa-napa. Nanging rehne kula enget yen kula menika bapa mara sepuh wasana lajeng wonten kadadosan kados makaten. Kula nyuwun priksa angger prabu, pitados menapa mboten kaliyan aturipun Aswatama?”.
  8. Sengkuni : “pitados Aswatama ajeng ngge napa? Sinuwun kula ajeng matur yen mboten ngaten niku”.
  9. Duryudana : “kula mboten pitados aturipun Aswatama. Kula pitados rama prabu. Rama prabu mboten kalampah ngloropaken Adipati Karna”.
  10. Prabu Salya : “estu, ngger?”.
  11. Duryudana : “kula noknon, inggih”.
  12. Prabu Salya : “menawi makaten, ngger, kula gadhah panuwun. Aswatama wiwit dinten menika kedah minggat saking tlatah negara Ngastina. Mboten kenging ngambah tlatah Ngastina. Sinten ingkang ngayomi Aswatama, kedah dipunpidana mawi wasesaning nagari Ngastina, dipunkatutaken dosa lepatipun Aswatama, tepakipun Aswatama kedah dipuncukil, dipuncuri bubur kapurenta”.
  13. Duryudana : “nggih. Paman Arya?”.
  14. Sengkuni : “kawula noknon”.
  15. Duryudana : “mangkin kadhawuhna para kadang, wiwit dinten menika Aswatama mboten kenging ngambah tlatah Ngastina. Sinten keng ngayomi Aswatama, kula katutaken lepatipun Aswatama, badhe nampi pidana”.
  16. Sengkuni : “kawula noknon inggih dalem dhawuh sendika”.
  17. Prabu Salya : “lega raosing manah kula, ngger. Rehne angger prabu sampun minangkani panuwun kula. Kula kadakwa dening Aswatama ngloropaken Karna, mila kalenggahan menika senopati keparenga kula suwun, kula keng sagah ndhepani paprangan Tegal Kuru”.

Leng-lenging driya mangu-mangu mangungkung, gandhwan rimang yayah rina tan kanin. O… lamun tan dulu sumengku ndyah utama. Sang nata mudha, sang nata mudha wuwuse angrepa. O… O…

  1. Duryudana : “matur sembah nuwun rama prabu. Rama prabu kepareng badhe paring pangayoman dhumateng ingkang putra Ngastina. Keparenga lajeng nyuwun priksa mbenjang menapa jumangkah wonten madyaning paprangan?”.
  2. Prabu Salya : “kedangon menapa ingkang kedah kula entosi. Sanajan ta cara lintang sambet obor sedya bidhal kalenggahan menika nanging kula kapeksa, ngger, nyuwun pamit wangsul dhateng Mandaraka. Awon sae leres lepat kula kedah pamit kaliyan keng ibu, kanjeng Ratu Setyawati. Mangke saking Mandaraka kula mboten prelu sowan dhateng Sewuntana, kula lajeng njujug wonten pesanggrahan Ngrunting tepining paprangan Tegal Kuru, dek ing wingi pesanggrahanipun keng raka Ngawongga”.
  3. Duryudana : “nun inggih ndherekaken kaluhuran”.
  4. Prabu Salya : “Sengkuni!”.
  5. Sengkuni : “kawula noknon”.
  6. Prabu Salya : “mangsa bodhoa nggonmu mbeborehi atur ana ngersane angger prabu supaya bombong penggalihe”.
  7. Sengkuni : “kawula noknon, inggih”.

(Prabu Salya kondur menyang Mandaraka).

prabu Duryudana, mespadakaken Prabu Salya mijil saking pakuwon, bebasan kedhep tes mak, denya mandeng mindeng-mindeng ngantos satelasing pandulu. Prabu Duryudana, dereng mu nandika awit salebeting penggalih nemtokaken menawi Prabu Salya saged unggul jayane, nanging kosok wangsul kaliyan pamanggihipun Patih Sengkuni, dupi Prabu Salya majeng madyaning paprangan malah kawengku raos kuwatos. Mila kekalihnya Prabu Duryudana Patih Sengkuni bebasan ning kaya banyu ning kaya watu, salebetnya datan wonten ingkang mobah mosik, hor sowaning para wadya kang munggwing padelaradawu. Ingkang amurwani hor sowaning para wadya, sowanipun narendra gagah bideksa, galeyah-galeyah lampahe.

Tyo lumarap caraka kang nembe krato. O… tinata trapsilanira. Galontenge ratata lenggah munggwing ngarsaning narendra. O… tumanduking narendra. O… tan ana kuciwa raras. O…

  1. Duryudana : “Paman Arya!”.
  2. Sengkuni : “kawula noknon”.
  3. Duryudana : “ana narendra gagah pideksa rawuh wonten pakuwon sewuntana”.
  4. Sengkuni : “kawula noknon inggih sampun ngantos kadaluwarsa, kaparenga lajeng ngacarani”.
  5. Duryudana : “mengko, ta, ki sana ingkang katemben wae rawuh aja dianggep aku tumangguh, sejatine wadya iki aku gambuh. Nitik rengganing busana, busana narendra, lamun kepara nyata narendra ngendi, sapa jejuluk ira?”.
  6. Suryabupala : “estungkara jagad maneka raja dewaku, ui,,,e. Boten lepat panjenengan dalem mastani yen kula jejering narendra. Awonten kula niki narendra saking negari Girigupita. Dene jejuluk kula ingkang mersud mestani jejuluk Prabu Suryabupala”.
  7. Duryudana : “Prabu Suryabupala?”.
  8. Suryabupala : “kawula noknon”.
  9. Duryudana : “raharja rawuh ana Pakuwon Sewuntana”.
  10. Suryabupala : “inggih, pangestu dalem boten manggih sambekala. Keparenga nyuwun priksa menapa panjenengan dalem narendra Ngastina ingkang jejuluk Prabu Duryudana?”

 

DISC 2

(ing pasewaan ngastina)

  1. Prabu Duryudana :”Prabu suryagemala?”
  2. Prabu Suryagupala :”kula”
  3. Prabu Duryudana :”rahadjo rawuh hurung takon sewuntara.”
  4. Prabu Suryagupala :”pangestu dalem liirsambikala,keparenga nyuwun pirsa menapa panjenegan dalem , Narendha Ngastina ingkang jejuluk Duryudana.”
  5. :”ora bakal sisih panduganmu,sayogyaku ratu Ngastina Prabu Duryudana.”
  6. Suryagupala :”syukur begja sewu,nggeh kepareng mekaten kula anjuk atur sewu lepat nyuwun pangadsama.”
  7. :”iyo.”
  8. Suryagupala :”sowan kula ngarsa dalem.diwaji Ngastina ingkang sepisan nyaosaken pangabekti!”
  9. :”ndaktompo.”
  10. Suryagupala :”ingkang ndungkap tompo kalih.kula ngaturaken,nalika semanten putra siswanipun Rama pambadruna ingkang nama Prabu Suryandana menika adhi kula.adhi kula Suryandana,sampun kepungkuh ing ngayondra.miturut pawarto ingkang kula tampi hayanringi majengipun putra wilaseta utawa wilasangka!”
  11. :”iyo.”
  12. Suryagupala:”milajen…..boten trimah pejahipun adhi kula Suryandana,bawanipun ingkang mandegani dumadose perang Bratayudha nanggal koko Prabu Duryudana keparenga kula badhe caos pambiyantu,keparenga koko prabu marengaken pandhawa kula suwun nyirnaaken.mboten trimah raos ing manah kula,Bratayudha wolulas dinten kalenggan menika.nami werkudara,Janaka kontab ing jagad.sedya klenger,badmisuripun werkudara lan janaka,dereng lego ing raose mana kula menawi dereng ngremet-ngremet tulandhanipun werkudara tuwin janaka.”
  13. duryudana :”kados pundi paman sengkuni?”
  14. Sengkuni :”waduh…pemanggih kula menika dumawahe wahyu ning kemenangan.nyuwun sewu malih-malih menapa,nalika koko Prabu salya sagad madyaning katrangan raose ing manah kula,raos boten pikados awit nitik ngendikane prabu nandharaka wiwit dereng dados perang bratayudha menika lak kados ngrengangi dhumateng andhalem perang bratayudha dados,dados kula kebak raos sujana.nanging,suryagemala menika badhe dados caos pambiyantu.kula nemtokaen menika wahyuning kemenangan wonten ing kurawa.boten perlu kuwatosi kurawa katah ingkan pejah nanging pandhawa katah ingkang ical saking ngadyapadha.cobi pejahipun gathotkaca,ontowijaya menika ndadosaken angles raose manah werkudara,janaka kalih menika cara srwaung lak waras dereng babak buncik nadyan manjing wonten ing peperangan mesthi mlempem lho..
  15. duryudana :”yen mekaten dipun tampi dipun tampi.yayi Prabu?”
  16. Prabu suryagupala”:hahoha.”
  17. duryudana :”daktompo.yayi prabu bakal sambiyantu nyirnake pandhawa.”
  18. suryagupala:”wah,wahahaha…matursembah nuwun.namung tiyang perang menika ragadipun katah.menawi kula saged nyrinaaken pandhawa menapa kang kedah parengaken kula.panyumbutmu apa,bilih kura pareng ngunjuk menawi kalampah ngingkes pandhawa.ngastina kaloko gadah gunung kencana,gadah gunung haleyang menika keparenga kula murgawasesa.koko prabu inggih kula caosi mangkih.nanging,mesthinipun kula ingkang wenang wranata.”
  19. duryudana :”nggih.”
  20. suryagupala:”lajeng sumber lisah pertara,ingkang klebet kali ngastina ingginh kula ingkang murgawasesa.lajeng bandar-bandar ingkang damek mandek kaekoaken saking mancanagari kula ingkang nata,koko prabu mangkih kula caosi sampun kantun.umpami busana sampun kantun ngagem.”
  21. Duryudana :”dos pundi paman.”
  22. Sengkuni :”wah niku sing rada rekasa,isa menang nanging sesok kurawa karek plantase,patine digawa tengiri.”
  23. Duryudana :”nanging waton pandhawa tumpes tapis tanpo sisa,ludes keles tanpo kilap.kula lego ing raose manah,senajan kula boten menapa-menapa waton pandhawa sirna.”
  24. Sengkuni :”kula sumanggaken.”
  25. Duryudana :”yen mengkono yayi prabu dak sembadani kang bdadi kersane yayi prabu.apa kang dadi panyuwunmu bakal tak lilake.”
  26. Prabu Suryagemala:”matursewu sembah nuwun koko prabu duryudana semanten kapitadosan dhumateng gangsanu.nyuwunsewu kula sowan dhateng sewutara sakmenika nganthi prejurit tanpo wicalang sikep saigalange ngarendra,kula ken nglati wonten ing telenging wana,ingkang sampun nyateti gumelaring katrangan tegal.mila sampun dados panganti-anti prejurit pendherek kula,kula nyuwun pamit,nyuwun pangestu sedya bidhal madyaning paperangan,kula aturi nemtoaken kula wangsul.”
  27. Duryudana :”ingkang prayitna yayi prabu.”
  28. Prabu Suryagemala :”kawula luhung-luhung.”
  29. Duryudana :”paman sengkuni?”
  30. Sengkuni :”kulanuwun wonten dhawuh?”
  31. Duryudana :”Prabu Puryagupala kula nemtoaken saged mumbul jayanipun!”
  32. Sengkuni :”inggih,nanging anggen cuwo manah kula yen prabu suryagupala sasat.peran dalem sampun boten gadah menapa-menapa.awit nagari ngastina patinipun sampun dipun bekta piyambakipun wonten duyudugita.ngastina kang punatas.”
  33. Duryudana :”boten menapa-menapa.”
  34. Sengkuni :”keparenga konjuk atur,sewu lepat nyuwun pangadsama.”
  35. Duryudana :”nggih.”
  36. Sengkuni :”badhe ngonjuk wau-wau wigeri-geri raos ing manah kula,kuwantos bok menawi dadosaken duka ing penggalih!”
  37. Duryudana :”badhe matur menapa?”
  38. Sengkuni :”umpaminipun suryagupala menika saged sasat nanging sampun ngatos sedaya dipun bekta dhateng gililugita.kula kepareng nglajengaken,senopati pengapit!”
  39. Duryudana :”sinten?”
  40. Sengkuni:”nuwunsewu,anak kula kang rayi sura basah tuwin adihi kula jayawiluka.”
  41. Duryudana :”inggih.”
  42. Sengkuni :”wonten bebasan babati ngalungkut ngobori ngapeteng.ngrumiyin lumampah,ngrumiyini suryagupala.syukur pandhawa saged pejah saking king rayi anti sura-sura basah king rayi boten badhe nyuwun ganjaran.awit namung niat ngringing ngetingalaken bekti ngarsa dhateng manah prabu.”
  43. duryudana :” menapa sagedipun pitadosi kekiyatannipun,kula wong sampun boten sapinter kekiyatanipun.”
  44. Sengkuni :”nuwunsewu,salebetipun perang bratayudha dados prajurit saking plasajenar menika wonten ingkang dereng medal ing paperangan.menika ingkang saged dados kanthinipun kang rayi.anti sura-sura basah pangiten-inten kula prajurite pandhawa sampun boten saged nataki katahipun prajurit saking plasajenar,lan sakderenge bratayuda lumampar sampunkula gladi,anggenipun sami damel gelar paperangan kados boten badhe nguciwani.”
  45. duryudana :”yen mekaten guru parani.”
  46. Sengkuni:”keparenga nglajengaken bapa nyuwun tambahing pangestu!”
  47. duryudana :”koko sampun pegat kapryitno,karuta marmo.ati-ati aja keri,gawa digawa paman sengkuni?”
  48. Sengkuni:”nyuwun tambahing pangerstu.”
  49. duryudana :”kartomarmo.”

Suluk……………

(ing pasewaan ngastina)

  1. Prabu suryagupala :”kangmas srigatalpati ingkang rayi jayawiluka dawuh?”
  2. Kartomarmo :”kula nyadhong dawuh.hahahehahahahahah ing putro ngatur dendra.”
  3. duryudana:”kartomarmo?”
  4. Kartomarmo :”kula paman.”
  5. sengkuni :”dulurmu ki karek piro?”
  6. Kartomarmo :”kantun gangsal catutipun koko prabu duryudana?”
  7. sengkuni :”karek sapa?”
  8. Kartomarmo :”ingkang putra kartomarmo,kartodenda,citraksa,citraksi.”
  9. sengkuni:”andhekmen ramene ora jamak.sing jenegne kurawa angger kumpul leh ting brengek supaya lerem sakwetawa.”
  10. Kartomarmo:”kula sumanggaaken.”
  11. sengkuni:”kartodenda?”
  12. Kartadenda:”ehhehe..kula man?”
  13. sengkuni:”serekna ndisik sak kadangmu.ngko nek wes saur manuk,nggonku kei dawuh ora bisa cetha ngko menapa tuntang suh .”
  14. Kartadenda :”inggih inggih sendika dawuh.”
  15. sengkuni:”jayawiluka?”
  16. jayawiluka:”inggih man.”
  17. sengkuni:”anti sura,sura basah?”
  18. sura basah :”kula rama?”
  19. sengkuni :”nek kowe arep mukti yo iki dalane,neg kowe arep mati yo iki dalane!”
  20. sura basah:”kangmas koko ngendika mekaten dospundi?”
  21. sengkuni :”tak jarwani.bratayudha wis wolulas dina iki kurawa wis akeh sing dadi bebanten wis ora ana sing iso dipercaya depaken peperangan iki.iki mau ana tamu saka mancanegara,sedulure tuwa suryanggana,jenenge suryagupala saguh amandegani peperangan iki.nanging umpama iki iso menang ngastina wes ora kumanan apa-apa.aja nganti kamulyan ngastina iki kagawa mancanegara.aku ngojuk ngarsa dalem anti suro-suro basah,jayawiluka supaya jumeneng senopati pengapit.marga senopati mahasenopati wis diasta koko prabu wandaraka.mangka aku karo koko prabu wandaraka ora percaya.heehh aku mastike patine werkudara apa janaka saka tanganmu.piye jayawiluka,kurngu tembung jenenge janaka malah menteleng ora kedhep-kedhep?wedi?”
  22. jayawiluka:”yen ajrih kula boten.lajeng panjenengan ngendika kedah kula saged mejahi janaka sing ajeng kula damel kekuatan niku napa?janaka pirang-pirang dadi jagone dewa,kula dijagoke bola-bali boten tau dadi.”
  23. sengkuni:”kowe kuwi aja wedi karo kadang,kudu dibukteke janaka kuwi ampuh biyen nek saiki lak ora.merga janaka kelangan antawijaya kuwi gelo atine,werkudara kelangan gatotkaca kuwi gela atine.mula nek kowe manut aku,aku sing nata.”
  24. Jayawiluka:”inggih lek.”
  25. sengkuni:”nek kowe melu aku,aku ngko sing nata.sakpatine gatutkaca,janaka kuwi sregep mlebu alas dewe pisah saka barisan gedhe.arep omong didaya kaya ngapa neg angles mikire,cara tembung saiki stres,yo apa lali tak kandani.arep muni lor kleru kulon,arep muni kulon kleru lor.ngecakna mantrap-mantrap wis tumpang suh bahasane.ora mardi,kowe ingkang tak percaya ngoleki janaka.”
  26. Jayawiluka:”inggih sendika.”
  27. sengkuni:”anti sura-sura basah nglulu-ngluluki pakuwone si werkudara,werkudara mati seko tanganmu,bakal gedhe lokmu.aku ora konjuk ganjaran,nanging ngko aku dadi adu manising rembuk.kowe anti sura-sura basah bakal mukti wibawa ing negara ngastina.heh saguh?
  28. Jayawiluka:”nggih sagah,sagah bagus.”
  29. sengkuni:”kartomarmo?”
  30. Kartomarmo:”dawuh ana.”
  31. sengkuni:”metua ana njaba,tatani para prejurit.”
  32. Kartomarmo:”inggih sendika.”

Suluk :sigra ndang undang wadya,dian kartomarmo enggal-enggal jawi.sewutara mangungkum ngumandhang awang-awang.tanggul sompret lawan buksur…..

  1. Kartomarmo:”kepareng matur dhumateng haryo paman sengkuni.para wadya kadawula sak wanci-wanci sampun boten badhe nguciwani awit sampun sawida ing gati,sakmeta ing diri.”
  2. Sengkuni:”yaya syukur ngger.jayawiluka?”
  3. Jayawiluka:”kawula lek non.”
  4. Sengkuni:”anti sura-sura basah enggal budhal ing kalenggahan.”
  5. Anti sura-sura basah:”inggih sendika,inggih sendika.bidhale prajurit saking telenging pakuwah sewu yayah singa ngrebak!”

Suluk:”siriget lumampahing prajurt saking plasajenar,ingkang tumuju paperangan tegal guru.saking carita prabu kumbala,ingkang minangka dadi geguluning para satriyo,ingkang mapan wonten pakuwon randukumbala.panenggak pandhawa ingkang angrehani kasatriyan jodhipati.hasilaken raden haryo werkudara,raden bratasena,raden wijasena,raden jayadilaga,raden kusumadilaga,haryo bima lah punika warnanipun raden haryo werkudara satriyo gagah widekso ageng ngaluhur,pakulitan jenar,hendro kencana sinangling.imbo muler bengi,rawis tumpang sanga,gudheg simbal jaja.njeggulnanging ora medeni malah marak ati,pangandika bleger-bleger kaya gludhuk.sumara tejane kaya sumarate lintang bima sekti luwak ing tutuking naga.ingkang sowan ing ngarsa tumungkul konjung pratiwi miswanipun sarto harbo ruci.kekasih haryo raden setyaki yo singa mulandara,wersine wira,bima luting yo raden padmonegara.sumambung pungkuruk pisowanipun retiyowati.jajar pisowanipun patih andokowana oooooooooo….oooooo….ooo engengeng…hong..hong.”

  1. Wekudara:”heh…kunthi?”
  2. Kunthi:”kulanuwun,wonten dawuh kakangmas werkudara.”
  3. Werkudara:”onto kakangku?”
  4. Onto:”kula,wonten dawuh yayi?”
  5. Werkudara:”apa dene andokawana lan yerbita bapaku,bebasan adoh kakawin cedak katurat cetate ,aku arep takon dawa karo kakangku.patine karno kakangku,dursasana kakangku,bebasan wes jebol betenge negara ngastina.apa sababe kresna jliteng kakangku?paring dawuh,isih ana senopati kang ora iso dianggep entheng ing bobote ngayuda,iku banjur saka geguburke duryudana kakangku,pamangkih garuda wes sempal suwiwine kiwo lan tengen,wes sempal sikile kiwo tengen.apa isih ana gegeduk sing isish mbebayani?”
  6. Onto:”kepareng konjuk atur yayi sewu lepat nyuwun pangadsama.”
  7. Werkudara:”yo.”
  8. Onto :”sinuwun darawati kang raka menika jejer pangayomane pandhawa,jejer pengajenge para pandhawa ingkang menang mranata lumapahing perang bratayuda tumrap pendhawa.dados pangajeng menika boten gampil tumindak sepecak ngendika saktrimahkedah saged tinuladha sinudar sana,dados pangendikanipun sinuwur darawati mesthi boten ngampilaken garapan ingkang dereng datheng.boten nganggep entheng bobotipun perkawis ingkang badhe datheng menika tanggung jawabipun pangajeng.kadaan menika gregek namung sumbar kadine suwanten kakehan janji menika malah sok nyulayani.”
  9. Werkudara:”mengkono?”
  10. Onto:”inggih,dados menika wau kepareng sinuwun darawati panjenegan sak kadang menika sampun ngantos sirna dhateng kaprtitelan lahir gatos,awit menika kawitane bebaya menawi lena prayitnanipun sakedeping netra menika saged damel risak pranakanipun dumadose perang bratayudha.”

Suluk:”hande bima kena suyaka ,sudibya sawara-wara unggul gadanira pitung gedhe.hong…hong..hong.”

  1. Werkudara:”hang…sopo kowe?”
  2. Patih suroto :”nyuwun sewu nyadhong duka raden haryo werkudara.ingkang abdi menika patih suroto,patih madukoro.”
  3. Werkudara:”pada kanthi raharjo?”
  4. Patih suroto:”inggih pangestu dalem.sungkeme pangabekti konjuk?”
  5. Werkudara:”yo tak tompo,ono wigati apa?”
  6. Patih suroto:”paring konjuk atur,palenggahan menika kula piniji macak baris,wonten ing sajawi pakuwon randukumbala,ngaturaken duta pun rawuh?”
  7. Werkudara :”duta kongkonan pengrawuh patih rejo pati ?”
  8. Patih suroto:”dereng wonten enten raja pati,nanging wonten kedadosan kang bebayani.barisa saking pakan sewutana tanpo wicalah dipun pandegani senopati kekalih kula dereng saged nyindekaken tuwin nyataaken sinten,nanging ingkang baku menika senopati saking pakuan sewutana ngirit wadyabala,nggaplak jati alang-alang payung angkruk kados jamur kering sumbarang woh-woh.nuwun sewu gusti para kadang?ingkang kula sumanggaaken abdi dalem cuwabuh dawuh.”

Suluk……

(ing tengah dalan nalika ketemu prajurit plasa jenar)

  1. Werkudara :”budawa kakangku prayogane laku?”
  2. Budawa :”yayi werkudara sedayake pewala saking ketebihan rumiyin,boten mrayogi bilih raden werkudara nyelirani mbuktiaken wadyabala cekap para kadang menika ingkang buktikaken langkung rumiyin.”
  3. Setiyaki:”keparenga kangmas setiyaki mbuktiake rumiyin.kepareng pangestu?”
  4. Prajurit 1:”mandek,kosek sabar ta,sabar wong semene akehe mlaku sing ngarep mandhek sing buri ngangsek mangka kabeh gawa tumbak lidan,neg nganti tumbake nyoncot kancane dewe harak mati sing tanpo lakwan.
  5. Prajurit2:”ora ngono?sing dadi pangerpanmu sapa,lhe mlaku prajurite kok koyo ngene .”
  6. Prajurit 1 :”sing dadi pamgerpane ki slamet mbukti.”
  7. Prajurit 2:”oooo lha wong slamet mbukti dadeke pangarep,anggere slamet ki mung kakean itung.o kosek to aku ning ngarep ki ora arep ngubetke konco,lha neg sing diubetke yo ora ono kuwi?
  8. Prajurit 2:”ora saiki aku arep takon sing marake mlakune prajurit mandek ki apa ngono lho?”
  9. Prajurit 1 :”lha nak ngono takon sek,ora njur muring-muring ning sing ngarep,wong ngluputke ki sing gampang dewe,ngluputke ora percaya kuwi gampang dewe.”
  10. Prajurit:”kowe do menega sek <aku tak ngaglak.satriyo sing ana ing tengah ndalan sopo?”
  11. Setiyaki :”kowe takon marang aku?”
  12. Prajurit :”iyo.”
  13. Setiyaki :”aku tak takon ndisik,kowe prajurit saka endi?”
  14. Prajurit 1:”piye jok,tak takoni malah genten takon aku prajurit endhi?
  15. Prajurit 2:”ngaku opo anane,iki prajurit saka plasajenar.prajurit gusti ku raden anti sira_sura basah .kowe sapa?
  16. Setiyaki:”yen kowe takon marang aku,aku satriyo harbo ruci setiyaki.”
  17. Prajurit:”sopo?”
  18. Setiyaki:”setiyaki.”
  19. Prajurit 1:”co,setiyaki?”
  20. Prajurit 2:”sopo?”
  21. Prajurit 1:”setiyaki.”
  22. Prajurit 2:”lha kok kowe rodo wedi,kowe lak gek weruh saiki to?”
  23. prajurit 1:”iyo.”
  24. Prajurit 2:”ora usah wedi,takoni setiyaki ngopo wani ngedeke wong sak mene akehe?”
  25. Prajurit 1:”karepmu piye setiyaki,ngendeke wong sak mene akehe.
  26. Setiyaki:”cetho kowe prajurite anake sengkuni?”
  27. Prajurit:”iyo-iyo.”
  28. Setiyaki:”nek keno tak eman,kowe mundur senopati anake sengkuni.maju tak tandangi.
  29. Prajurit 2:”jebul setiyaki ki pikire apik?”
  30. Prajurit 1:”lha kok pikire apik?”
  31. Prajurit 2:”lha wong aku dieman ki,dieman kon mundur.perkara iki aja melu-melu.”
  32. Prajurit 2:”eh met,kowe le dadi prajurit wes suwe durung?”
  33. Slamet :”piye kang?”
  34. Prajurit 2:”kowe le dadi prajurit wes suwi durung?”
  35. Slamet :”iyo uwis kang.wis nduwe anak loro.”
  36. Prajurit:”wah ngrusak pasaran?”
  37. Prajurit:”ora gelem yo muni ora gelem.”
  38. Prajurit:”aku ora gelem mundhur,sumingkira setiyaki,neg ora sumingkir tak ranjak.”
  39. Setiyaki:”neg pancen kowe oragelem tak eman,ojo maju siji bareng loro,tak enteki.”
  40. Prajurit:”maju,maju,maju.”

Adegan pada geger antarne setiyaki lan prajurite plasajenar

  1. Prajurit :”ayo kanca padha mundur,mundur?”
  2. Prajurit 2:”aduh aduh sikilku kejeklok,seminggu hurung mari.aduh anggo mlaku kok loro nggo njejak kok ora ya?hadu haduh tanganku sempal,haduh kupingku ilang,aduh mripatku lara,nyeplondro tanganku dhewe,inuh inuh inuh… kuwi.”
  3. Prajurit 1:”aduh aduh aduh….?”
  4. Prajurit 2:”kowe ki napa?”
  5. Prajurit 1:”ndasku ilang.”
  6. Prajurit 2:”ndase ilang kok iso ngomong?”
  7. Prajurit 1:”sing diomong kan cangkem.”
  8. Prajurit 2:”lha cangkem kan dadi saperangane sirah.”
  9. Prajurit 1:”yo kosek,sing mlaku dudu ndasku sing ilang ki ndas mbedudak.”
  10. Prajurit 2:”ora memper.kancane kelangan sikil,tangan leng sambat ki yo lumrah,kelangan ndas mbedudak kok mbengek-bengek.”
  11. Prajurit 1:”oooo lah coto ek.
  12. Sengkuni :”o lha kowe prajurit mbunder sakmono akehe ora ditata,sambat wani loro.kena ngapa kowe?
  13. Prajurit :”lho sampeyan niku sinten?”
  14. Sengkuni:”hayo patih haryo sengkuni.”
  15. Prajurit :”oh..patih sengkuni,gene wes tuwek.”
  16. Sengkuni:”oh lha hurung ngrti to neg aku ki sesembahanmu.”
  17. Prajurit:”nyuwun ngaputen dereng nate pinanggih o gusti.”
  18. Sengkuni :”kena apa iki mau?”
  19. Prajurit :”pinanggih satriya ingkang nama setiyaki.ngamuk katah sanget ingkang boten tumawa.”
  20. Sengkuni:”hes mundur.sing lara ditambani kono?”sing tekani pati dirumati sing becik-becik.wis dika-dika.”
  21. Prajurit:”ngeng ngung ngeng,ngeng ngung ngeng.”
  22. Sengkuni:”neg prajurit kalah kuwi ora usah diuneke unen-unenne?”
  23. Prajurit:”lha kula boten jarak niku,tangan kula sempal,sing damel nuku nikun tangan siji,sing siji lembean terus nuthuk dewe,sing ditutuk lak sanes nggen pecu.”
  24. Sengkuni :”sura basah?”
  25. Anti sura basah:”inggih wonten dawuh.”
  26. Sengkuni:”prajuritmu plasa jenar bubar mangut candrane kaya keterjang banjir bandhang,kowe kudu bisa dadi pepulih.”
  27. Anti sura basah:”inggih nyuwun pangestu,kulo badhe nyuwun pambiantu.”

Suluk :”sidro tan bolo tumingal…….”

  1. Anti sura basah:”jagad dewo bado,para manungsa wani ngadar ing madyani paperangan,dak was-was kang wus suwa.blonjo mati gowo jeneng?ngakuwo sopo jenengmu?
  2. Patih nirdit:”jaga dewo badowo,kawistara yen satriyo ing ngurontoro opo mene yuda negara,wes rumongso klatak mungsuh wong tua,ilang tata kramamu.”
  3. Anti sura basah :”neng kene dudu wani wong ngajeni wong,katerangan papane wong golek sulaya,golek musuh dron.meng kari kowe ngaku opo ora?aku butuh ngerti jenengmu,ojo nganti kowe mati tanpo aran dron.”
  4. Patih nirdit :”yen ngono aku genti takon,sopo jenengmu?”
  5. Anti sura basah:”takon durung nganti wes ganti takon?”
  6. Patih nirdit:”eh yo.”
  7. Anti suro basah:”putra plasa jenar.putrane patih haroyo sengkuni.raden sura basah.”
  8. Patih nirdita:”laya ora ngrti tata krama anake sengkuni,yen gawene sok adu-adu,ngliciki calon ketul,gawene mung seneg marang pasulayan .”
  9. Anti sura basah:”ora sah kakean cangkem jenengmu sapa?”
  10. Patih nirdit :”ronggo dalem,patih nirdita.”
  11. Anti sura basah:”weh….patih nirdita?”
  12. Patih nirdita:”nggeh.”
  13. Anti sura basah:”wis pikun,yen ora jejeg yen kena tak ilingke,bratayuda iki dudu perkarane wong piro tok,naning perkarane pandhawa lan kurawa.kowe dudu sedulure pandhawa naning aku nak sanah sedulure prabu duryudana,dadi cenok candake ijeh sedulure kurawa.neg brotoyudha neg pandhawa menang kowe arep diganjar apa?neg kowe mati dadi labuhan,mumpung durung babat kucing uripmu,mundura.”
  14. Patih nardita:”salah sawijining satriya kang durung ngrti prakara kang becik lan luput.bratayuda kuwi perang suci,bratayuda iki perkarane kurawa lan pandhawa.naning ingkang bener kuwi pandhawa ora kurawa.kurawa ingkang luput,neg aku labuhe pandhawa.neg akumenang kontab ing jagad,neg aku kalah tekane pati dadi margowiwaning wiwara hargo mulya.”
  15. Anti sura basah:”wah kedhuwuren omonganmu.aku kuwi sugih japa mantra,bedhel uripmu,betas balungmu,kenthel getehmu lali carane mantarmu.”

 

DISC 3

Sinden…

  • Patih Harya Sengkuni: “Hantisura!”.
  • Hantisura : “Kula rama”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Lah kok koe meneng wae iki piye , adikmu wuspacatara la kok mbok tonton, koe tekan kene iki butuh nonton napa perang”.
  • Hantisura : “Anggen kula boten tumut cawe-cawe, dhene mengsahitun namung patih nirbita sampun tiyang ndungkap yukswa badheya digdaya wis wong tuwa niku rak pun apes jayane”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Nirbita iki ojo tok anggep wong loro saudon telu saurupan gak isih kusumar rembese mati, koe lak ra ngerti ta ! akeh sing rung ngerti, nirbita kuwi anake setomo, setomo kuwi sedulure enom rama begawan abiyasa, dadine bita kuwi karo pandu nak-sanak ngunu”.
  • Hantisura : “Oh.. lah dosipun seta niku sing pun pejah dek mben”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Lah lak seta putrane prabu maswapati nek seta mau kuwi lehe seda ngarepe lahire tata prabu destrarata ngunu mula sah takon karo wong tuwa”.
  • Hantisura : “Oh.. enggeh”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Dadi aja tok anggep tem iku loro saudon”.
  • Hantisura : “Teparingipun rama”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Tulungana adikmu nirbita lepasana gegaman saka kadoan”.
  • Hantisura : “Naminipun kula lajeng dudu watak satriya lek perang ora wani tangkep jaja”.
  • Patih Harya Sengkuni : “Wong perang ki butuhe menang dalan sewu ditempuh mengkunu kudu migunake akal nak perlu nakal ngunu he”.
  • Hantisura : “Geh yen mekaten sekecoh lenggah badhe kula lepasi pusaka”.

Sinden…..

Sulukan :

oo..ng oo..ng oo.ng rembuningtyas netya gung kingkin lir sudama surem tanta..da..ng wee.. kelingan lampaahee…mega mendung anghaayuu..ng lelayune tiyang re..nuu..wi.. kedah sambat prala..ya hoomm hee..m duduho betharane ja..gad oohm.. yektilila prapteka tonggo.. ehh.m.

  • Manuk : “Gawoook-gawok gawoook”.
  • Patih Nirbita : “Jagad dewa bathara yen nithik gonku pacatara keweragangan musuhku tegese aku i kentumpang jayane nanging apa sababe ana wektu sawetara aku pisah karo mungsuh dandang lelunggungan tanpa wilangan kaya nyaut-nyauta niktragung sadela-sadela aku krungu panangise ponang jabang bayi , yen mengkunu-yen mengkunu bethara wis bakal paring kanugrahan marganing kasampurnanku yen mengkunu kudu adu cecawis lahir lan batin”.

Sulukan :

oo..hm oo..hm katetange emengingtyas marang risang karya ri..mang sang pekik kabyataankuu..m oo..hm krengtengingtyas parang baya wekaasanya kangkadiya surya pantara ratri mugi sinembating karsaniraa.. ee..hm hee..

  1. dhalang : eling-eling raden nirbita wus kadukyukswa wus buntas kawruh marganing kasampurnan wonten pelap pito wus datang tumpangsuh denya nampi nadyan toh tata gelar unggul jayane nang saklebeting dados pasrah marang korbaning kang kawasa semulinu kaprayitnan lumaraping jeparing kebat kaya kilat kesit pidatatip tumanem jajahne patih nirbita aehm hurung hurmadyaning paperangan

sulukan :

oo..hm surem-surem dewantara pimpin lirmanuswa kang laayoo ooo..hm haa…

  1. dhalang : ludruk pasugiyane kaya kapuk den wusane ana madyaning pandangan nguyah-ngayuh bastara wus titi wanchi tatune dedamel mijil ludira yayah dineres mapan pernyatas sirna werga layu patih nirbita sukma sejati mijil saking raga jati katampi dewaningan tapa pinita suwargo mulya

sulukan :

oo..hm oo..hm oohm ana dandang saka sabrang aba rupang gak landaaang cucuuuuk wesi kuwasraaamiii paring peedang ooohmm aja nyucuk sri sedana nyucuka sarak sawahne wong sutreeetaa.. adohna tekan samudra duksina haaam hooom gojekna teguh wiyana selamet woo..hm linakcana jati walela oooohm eeemm

  1. Dhalang : gawoook gawok mapan pranyata seda wonten madyaning paperangan patih nirbita gagak lelunggungan umpamiya saged tatajelma angejak ruwang angelar suwiwi murih wewayanganing suwiwi ngayomi satriya pineksi dana madyaning paperangan ngelabeti kautaman kacarita patih udawa andagawana dugi mulat raden nirbita geladrahan wut madyaning paperangan njeleh patih harja sakngrikiya ngrumati dospundi rad.
  • Budawa: “Waduh reti ana patih nirbita kula aturi ngentosi bungkure peparing baling paring bali penganti-anti bonteng nginten bilih pendan kelenggan menika seda wonten madyaning paperangan kula boten mangertos pendalu marang majeng wonten madyaning paperangan”.
  • Handhaka Wana : “Waduh kados pundi kiraka patih udawa”.
  • Kiraka Patih Udawa : “Waahh udawa kakangku”.
  • Budhawa : “Kula yayi”.
  • Kiraka Patih Udawa : “Handhaka Wana”.
  • Handhaka Wana : “Kula gusti”.
  • Kiraka Patih Udawa : “Tok tangisana nganti wijiling luh dadi ludira nirbita bapakku ora bisa waliya tumahing jati aku mbelak kahanane wus mlayu tuwandhane pertanda wis titimangsa sapa senopati perang saka Ngastina”.
  • Handhaka Wana : “Pawarta ingkang kula tampi hantisura surabasah menika adik kula ipe niku putranipun rama Patih Sengkuni”.
  • Kiraka Patih Udawa : “Kowe aja melu-melu nirbita bapaku kuwandanu rinukti saktataning panembah Hantisura Surabasah tak tantange ya”.

Sinden….

Sulukan :

Rindu mahan awur-awurturahan ing araning ngajurit gong bari makruu gangsa ooohm tetek kaya butula worbang rihying turahing weesti haaam

  • Surabasah : “Kakang Werkudara i”.
  • Werkudara : “Iya koe Surabasah ohm apa Hantisura?”.
  • Surabasah : “Aku Surabasah koe maju ring madyaning paperangan dina iki musuh aku kepasang Yogya ora oleh berasaning atimu yen aku ora ngakap lugiyane Werkudara lak eman aja ngenteni babak gocik kulitmu ulungna tanganmu loro rak banda set anglungna gulumu tak tughel dhel tak cangking sirahmu tak gawa ana ngarsa dalem tapa Prabu Duryudhana”.

Oah..( gelut )

  • Surabasah : “Eddyaan aku omong krumutuk kaya brantal utah ora di wangsuli olehe mangsuli mung ngejrog lemah aku mumbul telung meter “ngombe sik”(dhalang) manas ludahku apa perbawane didelok wonk ayu-ayu kuwi haha, oh iya i Werkudara”.
  • Werkudara : “Apa?”.
  • Surabasah : “Koe nibakke penggendaman druhun gawe kaget meh gogrok marasku”.
  • Werkudara : “Ora perlu kakean murus hayo maju o”.
  • Surabasah : “Kene merganing patimu Werkudara”.

Sinden… ( gelut )

  • Werkudara : “Sambata kakean suwara ora ana buktine tak buwanting tak idyak njoget ilatmu mendelek mripatmu plesir nyawamu tangiya”.

Dhalang : “Raden Surabasah den banting Raden Werkudara ketoke njaga wutuh ning remuk njeruh baban sanga kinarya mijil ludira antawisipun niktra grana talingan tutuk lan liya-liyane nirbabah depane lemah kacriyosing ngajeng kena lara luputing pati mati sedina ping pitu ora gebacuting tiwas yen greget ora anggranu den langkahi raden sura hantisura surabasah waliya temahing jati majeng bar

Sinden…( gelut )

Dhalang : Hantisura pejah njerbabah depane lemah tuwandhane den langkahi surabasah hantisura gesang malih

Sinden…

  • Kresna : “Kadangipun Kakang Dimas Werkudara leget penggalihmu gonmu lenggah njeggrek kaya tugumanik arca molap, ana apa Werkudara?”.
  • Werkudara : “Kresna kakangku”.
  • Kresna : “Apa?”.
  • Werkudara : “Isih sabuh dadi bata e pandawa po ra nek wis ra sabuh blaka mundur akeh sing gelem nggenteni dadi bata e Pandawa”.
  • Kresna : “Sajak e kok buta?”.
  • Werkudara : “Leh ora nesu kepiye jarene bata e Pandawa jagone wes maju ana paperangan bata e sik turu ngorok apa kaya ngunu kuwi jejering bata”.
  • Kresna : “Eehh iki ta sing marahke nak kowe rumangsa dadi jago ana sing bata i apa sebabe bata e hurung ngedu kok jagone wis tarung dhisik , koe iki jago di kurung apa jago kebonan”.
  • Werkudara : “Ya wis manut”.
  • Kresna : “Entek-entekane manut sing jenenge Werkudara i angger wis tingak-tinguk ngunu kuwi arep golek dhalan kuwi, pun kakang ndak pundhut pirsa sapa tandhingmu”.
  • Werkudara : “Hantisura Surabasa anake sengkuni bapaku mangka nirbita bapaku wis kepupu ana ngayudha musuh Hantisura Surabasa”.
  • Kresna : “Aku kok hurung pathi dhong, sing akeh-akeh kuwi nek werkudara nyebut nirbita ki nirbita kakekku kok saiki muni nirbita bapaku”.
  • Werkudara : “Nirbita kuwi anake seta kakekku setama dudu seta sing musuh Bisma kakekku setama kuwi bebarengane Abiyasa kakekku anggone lahir dadi nirbita kuwi nek karo Pandu bapaku rak sedulur nak-sanak tuwa pandu bapaku aku isa pak cilik karo nirbita kuwi”.
  • Kresna : “Ehh nek cara saiki isa om ngunu ya?”.
  • Werkudara : “Ya”.
  • Kresna : “Lah rak kuwi ta ingkang baku kuwi lak kuwi ta geh ugi mas Wekudara dadi isa ndunung-ndunungke rene kowe iki aku barang iki ya wes tuwa nek arep nyabet sing apik wis ora isa ming karek cerita sing cetha lak ngunu”.
  • Werkudara : “Ya”.
  • Kresna : “Nek kowe mungsuh karo Hantisura Surabasa janji mati”.
  • Werkudara : “Urip meneh”.
  • Kresna : “Hantisura Surabasa kae prasetyo ana ngarepe bapa guru urip nunggal sakamulyan matine nunggal sapapan nek mbok pateni mbaka siji ora mati-mati lah bisane Hantisura Surabasa mati bareng mbok kapakke tak du uga”.
  • Hantisura : “He Werkudara”.
  • Werkudara : “Apa?”.
  • Hantisura: “Bebasan wis dadi jelantah isih wani maju sarah nyawa”.
  • Werkudara : “Sak karepmu gonmu ngucap nanging Werkudara durung rumangsa gigrik mungsuh kowe Hantisura”.
  • Hantisura : “Nek pancen mangkono iki mengko tibane patimu Bratasena”.

Sinden…( gelut )

  • Hantisura : “Mati aku Werkudara aku culna tak mlayu mati aku”.
  • Werkudara : “Mlayua nek bisa”.
  • Surabasa : “Sampeyan i pripun ta kang mas lah kok ya dicekel Werkudara og manut”.
  • Hantisura: “Manut apa bareng aku di jejak dadaku wis sumrepet ora weruh kiblat trus digendong Werkudara aku ya wis polah bareng sirahku didedeg iwak klintek lah kowe ngerti nek aku wis digendong kok kowe ra mlayu”.
  • Surabasa : “Sing ngomong sinten nek kula ora mlayu, mrikile mlayu ngebut trus dijangkah ping telu pas geger kula kepenyak, waduuh Werkudara aku wis tobat aku culna tak mlayu maati aku, sampeyan boten sambat kangmas”.
  • Hantisura : “Ora, orano gunane sampeyan ya mati ora sampeyan ya mati yowis kek apa perlune Werkudara kek rampung”.
  • Surabasa : “Sampeyan iku kok dubleg ngoyak-oyak”.
  • Hantisura : “Halah ora urung ya ngunu wee”.

Dhalang : “Kacarita Werkudara mulat Raden Hantisura Surabasa pinda singgat betatung matek aji Bandung Bandawasa yen aji Bandung Bandawasa wus kawatek karosane sayutha gajah bobote pitung gunung bobote Hantisura Surabasa tumrap Werkudara mung kaya kapuk selaba den undha-undha bukti wus kempal kekiyatane ya den benkumba pecah mestakane ajur tuwandane mblabar dadi ludira tuwndane Hantisura Surabasa”.

  • Prabu Surya Bukala : “Woy mandeka Werkudara”.

Sinden…

Sulukan :

Riduu mawur mangawur-awurwu rahaaang pengaraning ngajuuu..riiit gang bari makru gangsa tetek kaya buthula werparli ing turahing weestii rekaatak heeng kaaang daja lelayu seee..giiit

  • Prabu Surya Bukala : “Oh jagad Dewa Bathara he Werkudara durung entek mungsuhmu aja kowe melayu aja kowe nduwe anggep nek menang Werkudara”.
  • Werkudara : “Waaah kowe sapa?”.
  • Prabu Surya Bukala : “Sedulure tuwa Prabu Suryanggana, suryanggana kuwi karo kowe sedulur tunggal guru biyen wes tekaning pati Suryanggana, iki Surya Bukala tekaku ana tegal turu sedya ngrebut misuwurmu lega rasaning atiku aku bisa pinanggih weh pada dhewe nah kumpulna jimat kematmu wateken aji jaya wijayamu tumplak blak tamakna Prabu Surya Bukala, Surya Bukala ora mundhur jangkah nanging lirna kaprayitnanmu Werkudara kelakon gigit sung benavit tughel gulumu”. Aaahh
  • Werkudara : “Teka-teka kakean cangkem kaya ngunu kuwi sing mbok jalok nyata dikdaya tangiya legaring aku”.
  • Prabu Surya Bukala : “Mati aku bwah emm edyan tanpa wangsulan terus ngampleng pilinganku agih iki aku krungu Werkudara yahene muni cangkemu lah ya Bharatayudha rapapa woh Werkudara maju a kembarana kadigdayane Surya Bukala”.

Sinden…( gelut )

Dhalang : surya bukala meng saraden werkudara bebasan amung sakedheping nektra surya bukala wus den kakahi raden werkudara kacarita wadya bala saking giri lupita dugi mulat sesembahanipun kepikut nyandhak dedameligan sesarengan antawisipun tombak tawak lembing pedang wadung sapanunggalane sedya ngrayak werkudara nanging waspada werkudara ampyangipun surya bukala kalih kencandhak werkudara tuwandhane surya bukala den ubengaken ngganjret kaya kitiran satemah kengin dedamelipun perjuritipun piyambak astha kanan kiring sempal jangga tughel ampyang kanan kiring sempal isining waduk madul-madul sumerep kawontenan mekaten kamigilan wadya balane bubar mawut werkudara namung kantun ngasta ampyangipun surya bukala kalih

Sinden…

  • Kresna : “Kadangipun kakang Dimas Werkudara”.
  • Werkudara : “Apa?”.
  • Kresna : “Rajuten bermantyamu dimas perjurite Surya Bukala wus bubar mawut candrane kaya tambak merang katrajan banjir bandang merga padha wedhi gila weruh penganutmu perjurit tanpa wilangan nyekel gaman ligan tuwandhane Surya Bukala tok ubengke ngganjret kaya kitiran satemah matine Surya Bukala seka gamane perjurite dhewe sempal tangane sempal sikile madul-madul isining waduk tughel gulune ajur tuwandhane”.
  • Werkudara : “Iya keparenge Kresna kakangku”.
  • Kresna : “Mung kakang wus bola-bali maring pengendika marang jeneng pala samatine yai karna aja mbok anggep enteng babating ngayudha Senopati kang bakal teka prayoga ayo mundhur bali ana pakuwan gupalawiya pakuwan randukumbala percayakna dimas Setyaki kakang pati udawa sapanunggalane”.
  • Werkudara : “Yen mengkono ayo kresna Kakangku tak ndherek i”.

Sinden…

Sulukan :

seritinan wanenging pangiiyaaat busana maneka waarno ooohh heeem renggeng kencana retna oobroo bandir lanyu gumiii..giiir sendrang bandrees sing waruuta ooohm saha brasta kayu pangka raapal wuspiiita anggrahing siiiti ooohm ooohhm ron mawur kadya peenakan kene gupilaaa ang yarsuuu mbaaabaar layeng kana

Dhalang : wurung-urung pun kindan taksih mabur katrajan alas rungkut karungkat awit purbawaning bandhayudha wadya plasa jenar meng sak prajurit ingkang sabyantu para kadang pandawa nalika samanten patih nirbita kapupu wonten madyaning paperangan nanging raden hantisura surabasa saged den sirnaken gandyare werkudara wiwah prabu surya bukala bebasanane sak gebyaring taktip majeng wonten madyane paperangan mundur wus dadi kuwanda sak sirnane luh prabu suryabukala prabu bathara kresna mrayogiaken den werkudara manjing pakuwan bukalawiya sedya sarembat denya badhe ngajengaken senopatining kurawa ingkang badhe dhateng wooooh sinigek ingkang wonten madyaning paperangan tegal turu kacarita pundita kang kinarya sabeting carita adoh saged kadamel celak-celak saged kadamel tebih sejati tunggal panggung namung sejeh caritane awit ewoh lamunta sinarngo nanging kaya bareng ngangkate kang kinarya sabeting carita engging nagari mandharaka para kadang sentana ngacarani rawuhnya prabu saliya kaya gegandhengan punca

Gamelan…

Dhalang : Wooh..

Sinden…

Dhalang : Wooh..

Sinden…

Dhalang : “Dwi makandha tegesipun pirangan ing kengangka kalih kang kinarya sabeting cerita lenggih ladhari mandharaka ya negara madras nat kala semanten negari mandharaka kasebat negari kang tata titi tentrem ya gemah ripah lojinawi ingkang jumeneng nata wonten negari mandharaka putra prabu andhana putra ya mandra dipa jejuluk prabu saliya ya prabu narasuma ya prabu mandra dhipa karup ingrat prabu saliya nalindra sekti mandra guna buntas kalus saliringrat lamun ta madhuting laranggana jalma pinelih saged ngendih kridhane roh prabu saliya paranggene prabu saliya hangayomi sanghya para kawula boten kanthi daksiya datan kemarin ngendhak gunaning liyan dhuwur ora ngumpul-umpuli andhap ora kena den ashori saiki ja manjeng ajer-ajer bisa hamangku hamengku hamengkani suwasana ora mokal saya wimbuh yukswane nanging saya wuwuh puncarane nalika semanten katemben kundhur saking pakuwon sewu bukala pinatak ingkeng garwa kanjeng ratu dewi setya wati ya dewi gana wati lak punika ta warna nira dewi setya wati sanadyan ta wanudya ingkang wus ndungkap yukswa nanging maksih ketingal sumarat tejane ora mokal duk nalika maksih kenya tau dadi ojat para priya pelindung para satriya ora mokal minangka tetimbangan nira prabu saliya ngantos bebasan putra bebranan nanging dhereng nate karengon dhening ingkengraka hawin saking saged denya ngarang tani wataking kangkung dewi setya wati mengkraken rangka dhalem patih tuhayata saha prabu saliya mengkraken abdi mban kinasih embat sugandhini ning kaya banyuning kaya watu dhereng keparingi jelmae ndika ingkang kepareng mencak sepining kawontenan prabu saliya tepareng remendel mangkono panglindyasamaraning ndriya kang dhereng kawijil eee..hh eee..hh ooohmm ooo…hm ooo..hm ooohm eeehm ooo..hm eeehm

Sulukan :

ooohm ooo…hm dhene utamaning naa..taaa.. bee..r budhi bawa le..ksanaa.. ooohm ooo..hm liring ber budhi kang mangko..no hoo…hee..m rila legawaning ngriyaa.. ooohm ooo..hm hagung denya paring daa..na.. hang geganjaa..r saben ndiinaa.. lii..riiing kang bawa leksaana ooo..hm ooo..hm netepi pangandikan nii..raa.. ooo..hm ooohm heeem hee ooo..hm

  • Dewi Setya Wati : “Jiwantun enggen kula wonten madya padha sinuwun kang paringa kula nyawusaken sembah pangabekti kanjuka sanggaping pepadha sinuwuuun”.
  • Prabu Duryudhana : “He he jagad dewa bathara ni mbok Ratu Setya Wati banget panarimaku sira ngaturke pangabekti ana ngersanipun kakang pengestuku wae tampanana”.
  • Dewi Setya Wati : “Kula pundhi mustapa mugi dadosa jejimat sabdanipun ingkang sinuwun”.
  • Patih Tuhayata : “Sesembahan kula wonten madya padha sinuwun kang abdi tuhayata nyawosaken sembah pangabekti konjuka saandhaping wekudha mawantu-wantu”.
  • Prabu Duryudhana : “Patih Tuhayata”.
  • Patih Tuhayata : “He kula ulun yaya”.
  • Prabu Duryudhana : “Tak tampa gawe gedhening ati”.
  • Sugandhini : “Sewu nyadhong duka sinuwun kula nyawosaken sembah pangabekti”.
  • Prabu Duryudhana : “He Sugandhini tak trima kowe ngaturke pangabekti”.
  • Dewi Setya Wati : “Kajawi kang menika sinuwun sewu ngadhong duka panjenengan dhalem inkang sinuwun kepareng rawuh wonten negari ngastina konduripun wonten mandharaka sanged anggen kula anganti-anti kados ngentosi kumambanging sela Kresna sileming baita adus teka kalenggan menika ingkeng sinuwun kundur ketingal ben pelayan panjatan nuwun sewu sinuwun kados pundhi kedadosanipun keng putra angger prabu Duryudhana menapa temtu pasulayan kaliyan anak-anak kula Pendawa”.
  • Prabu Duryudhana : “Ohoo ni mbok ratu perkara kuwi ora perlu kowe ngerti ingkeng baku pun ana mandharaka”.

 

DISC 4

  • Salya : “ ingkeng baku pun kakang wis kundur ana mandaraga, sukur mangewu bagya sira ingkeng nanggapi kunduripun kakang saka ngastina”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ ingkeng baku pun kakang arep mundut preksa aku karo kowe iku jejodohan wis pirang tahun, wis pirang tahun kowe dadi ketimbanganku”.
  • Setiawati : “ jagad… kok ndadak dangu menika menku kersa kados pundi ta sinuwun”.
  • Salya : “ adile wong takon ki mung diwangsuli nek kowe kelingan wis pirang tahu?”.
  • Setiawati : “ inggih kirang sekedik yen langkah inggih mboten kathah, tiyang sampun gadhah wayah gemrayah kinten-kinten sampun 55 warsa”.
  • Salya : “ 55 tahun”.
  • Setiawati : “ inggih”.
  • Salya : “ wah wis wenang kawin mas kuwi ya?”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ sliramu tahu ngrumangsa tak dukani cilik tak getak gedhe tak gitik?”.
  • Setiawati : “ kados dereng nate kula karma ingkang sinuwun”.
  • Salya : “ sokor beja 1000 yaiku bebrayan sing kena nggo tuladha, mangka akeh-akehe ratu we selire apuse 20, mangka aku sinajan nek ratu gungbinadaratetimbanganku ya mong mligi siji kowe, umpama aku arep rabo 20 ngonolak ya iso ta, neng ora katresnanku ora tak dom-dom kejaba mung takparengke diajeng setiawati”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ dening kok ana uwong ora sembada teng greneng, kuwi jane njarak kepinginNyemplung neraka jahanam”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ dene leng muni ora papa ya betoke mblubut wis dadi tetimbanganku 55Tahun nek si adi kelingan nalika si adi dhawuh karo pun kakang kae Sliramu ngagem nyamping apa njur aku dhodhot apa ya?”.
  • Setiawati : “ menawi mboten klentu nalika dawuh kula panjenengan ngagem dhodhotsidhomukti kula nggih nyamping sidhomukti bareng ditemoke penjenengan ngagem dohdhot sidholuhur kula inggih nyamping Sidholuhur”.
  • Salya : “ nek ngono kelakon idam-idamanmu karo idam-idamanku ya mukti ya luhur”.
  • Setiawati : “ inggih”.
  • Salya : “ isih dodot nyamping sing mbok enggo nalika dawuh karo aku lan rung nemokke tegese malah teksih ketingal inggal”.
  • Setiawati : “ dereng wonten ingkeng ciri soganipun menapa malih kok dawir”.
  • Salya : “ sokur iku pramandaning katresnanmu karo katresnanku babar pisan durung Lungset”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ akeh ratu ning ora kaya aku karo sliramu kaiden dening betara jejodohan sing bisa diarani nganti kaken-kaken ninen-ninen ora tahu padu ora tahu sulaya”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ nganti anakmu bebrantahan, laa saiki tak jawab lelakon anakmu pendawa karo kurawa ditrenggalangana karosane manungsa lumrah ora bisa mbedak ukaning kodrat, kepinterane manungsa wae somantesi pesti pancenmanungsa iku mung bisane nggawe pesta nanging pesti wuhung kepani nggawe diasa perang bratayudha dadi”.
  • Setiawati : “ tobat-tobat temtu dados perang bratayudha”.
  • Salya : “ wis lumadi 18 dina seprene, kurawa pendawa wis akeh bebantene sing tak mesakke wong cilik sing ora ngerti kentang kimpuleng perkara dadhi bebanten, mangka nalika durung dadi perang bratayuda umpama ketok tak trenggalani merga wong perang kuwi wengis,titenana mbok negara ngendi ta negara ngendi ingkeng perang mesti wong cilik sing dadi korban”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ la iki aja kowe kaget anakmu mantu karna anakmu wadon sortikanti dina wingi tumekaning pati sortikanti seko tresnane karo karno sudug sliraanakmu burisrawa tekaning pati bareng karo majune pendita durna, anak murug marata tekaning pati kasempyok perkara bareng karang matine seta ingkeng mateni ya seta ajur wandane anak murug marata, kalengga niki aku kondor mundut pamit ana bebasan wong wis gerang ning kudu isih gelem dadhi gerong- gerong anak, angger prabu duryudana wiji pun kakang supaya dina iki madeg suraning griya jumeneng senapati ndepaning papranagan tegal kuru”.

 

o… o…ng o… rengkuning tyas nyeti obong tingpen ler suda mosurem tanpaga wo…ng, kasorlang lampa…hing mega mendung angnglayung o…ng, dalaniying dya anglawui tetesambat pralaya pralaya… duh dewa betharaning jagad yek durna praden antogog linang cana jati walila e…ng.

  • Setiawati : “ sinuwun….. pindo dipun sendal mayang raosing manah kula dugi kula widanget pangandikanipun inkeng sinuwun paring preksa pejahipun anak-   anak kula, nanging dubi kula widanget brandalem kapiji jumeneng senapati mangka kraosing manah kula pertanda penjenengan dalem nadyan saben ndungkak yong suwa maksih kesindungan kaprawiraning kanglinan kung katitik maksih pingi kados dening narendra binatara teng putra duryudhanandepani peprangan tegal kuru pertanda paduka titah ingkang kinacek sesamasamaning dumadhi sinuwun…..”.
  • Salya : “ inggih….nalika pun kakang priksa yayi tedhak seka pelenggahan ngrungkepi pangkonku tawang-tawang tangis kaget, nanging bareng aku widhangetucapmu katon nek gede pikermu merga aku jinunjung senapati bombongatimu merga tetimbanganmu pancenki tak ingkeng kinacek kasudegyan”.
  • Setiawati : “ kula nuwun inggih”.
  • Salya : “ pancen bener wanidya iku nek kadhuk bungah dadi nagis nek kadhuk susah ya dadi nangis”.
  • Setiawati : “ nanging keparengan kula gadah penuwun”.
  • Salya : “ duwe penuwun apa?”.
  • Setiawati : “ dereni penjengan sugeng wonten mercapadha yen mukti wibawa kula ngayom kamulyan paduka yen seda kula kedah mangertos alang juringwanda kula kepareng mboten kepareng badhe nderek wonten paprangan”.
  • Salya : “ aja…wong wadon melu ana ing paprangan ora gawe santosaning ati nanging malah gawe ribeting laku”.
  • Setiawati : “ sinuwun…menawi mboten kepareng penjenengan inggih mboten kenging majeng wonten paprangan, awit yen kula nyuwun parengaken nderek yenpenang unggul jayanipun, dipun sugya-sugya para kerula kula tumut rumaos mulya raosing manah kula yen penjengan seda kula bade bela seda paduka”.
  • Salya : “ dadi ora kena tak…endakke karepmu”.
  • Setiawati : “ mboten sinuwun…”.
  • Salya : “ yo yo yo wis ora po po, nanging pun kakang arep manjeng madyaning paprangan sedya sesuci siram dewa sraya”.
  • Setiawati : “ ing wingking sampun wonten terta wening 7 njembangan kula sukani sekar ingkang mawar miwar limabar gandha alum minangka siram dewa sraya ingkang sinuwun sewawi kula derekaken”.
  • Salya : “ yo yo aku inggal nderekna manjing patirtan”.

o…ng wanedya ayutama mangambar arum o…ng, mangambar aruming kasokma tesmanya ngigit lati… o…ng e…ng

Kacarita prabu salya segra manjing patertan siram jamas kaping 7 dipun derekaken ingkang garwa saklebetipun siram jamas menggalih kengrayi supados sampun ngantos tumut wonten madyaning paprangan marginipun menapa, dutiwus purna daya siram jamas sedya ngadi busana nanging dereng saget ngagem busana kasenapaten kacandak astanira deneng keng garwa sarwi mesem anujiwat sanadyan dewi setiawati wis ndungkap yuswa eling-eling wanidya sulistya ing warna gebyaring, aja yayah mutiara rinonce satemah jlep raosing manah prabu salya tuwuh karaos sedya minang kaning panuwuning nira ingkang garwa ya minggak kantil gading, kekalihnya muja harganing asmara dadan kacarita solah hawaning priya lan wanodya prabu salya dupimolatken garwa sari kepati nanging wonten astanipun prabu salya, prabu salya morating garwa wusare tepati lon-lonan donya mlorot asta saking lungayange ngero ingkang garwa, medak sangking kantil gading ya ngagem busana kasenapaten mijil saking patunggon prabu salya.

e…ng leng-lenging griya mangun mangung-mangungkung o…ng wo…ng o…ng o…ng

  • Salya : “ patih tuhayata…tuhayata”.
  • Tuhayata : “ mriki dateng sendika”.
  • Salya : “ sendika ki ngapa aku durung dawuh”.
  • Tuhayata : “ mbok menawi sampun dawuh”.
  • Salya : “ sora patut seba kok turu?”.
  • Tuhayata : “ kula menika mboten tilem, ketileman”.
  • Salya : “ bedane apa?”.
  • Tuhayata : “ menawi kula tilem menika lak nggledak sareng kula kaliyan, mogok- mogok”.
  • Salya : “ lenggah ora isa?”.
  • Tuhayata : “ awakke dewe dilenggah-lenggahake keleru menika rak namong ketileman, keturon makaten wis tangi mboten temtu tindakan awit pran manjeng datulaya kaderekaken kang garwa kok lajeng nyenyet, kula namung mireng dehem”.
  • Salya : “ swandamu lak menika aku arep maju ramadyaning paprangan”.
  • Tuhayata : “ nuwun sewu agemipun agemipun canela klentu menika clipu putri”.
  • Salya : “ ooo iya tujune kowe ngerti kok an”.
  • Tuhayata : “ inggih”.
  • Salya : “ wah mau tak jejerke seng marai, gustimu ratu bisa tak kilapke nggone sari tepati jalaran pancen aku nduwe pangangkak aja nganti klakon nderek ana paprangan”.
  • Tuhayata : “ inggih”.
  • Salya : “ aja nganggo unen-unen tatanan prajurit ing mandaraga budal kantisesideman aja nganti mbribeni gustimu, inggal njujug pesangrahan ngrunting tepineng alas tegal kuru”.
  • Tuhayata : “ mringisaking dawuh”.
  • Salya : “ sugandini”.
  • Sugandini: “ kula nuwun wonten dawuh”.
  • Salya : “ mangsa bodoa kowe kudu bisa ngladeni sesembahanmu aja nganti klakon sungugusul ana paprangan”.
  • Sugandini: “ kula nuwun inggih sembah kula nderek tindak paduka ingkang sinuwun”.

Sinden…

  • Setiawati : “ nemban sugandini”.
  • Sugandini: “ kula gusti raden ayu”.
  • Setiawati : “ ingkeng sinuwun iki mau kepiye ana ngendi, nalika mau kaya ana kantil gading ana pantunggon teka, aku lir nggonku sare tak wis macake ora katon emban”.
  • Sugandini: “ ya joh sesemban kula raden ayu, sesemban kula sinuwun prabu salyantaka sampun bidal wonten nadyaning paprangan, milaha kanti sesideman mboten mawi tengara senajan kaderekaken madya ing wik mandaraga”.
  • Setiawati : “ ora trima ora saoling atiku kudu aku arep sungusul”.
  • Sugandini: “ dawuh dalem mboten kenging kula ingkang supados caos preksa, awit menika wonten madyaning paprangan kebak bebaya, kuwatos menawi ngantos penjenengan wau kesanja baya”.
  • Setiawati : “ sugandini… kowe tega karo aku ya kena ora ya karepmu, aku dipalangonomlumpat ya arep medot kudu arep sungusul ingkang sinuwun”.
  • Sugandini :“ duh sembahan kula gusti panjenengan nalika taksih timur kula ingkengngempit kula ingkeng nggendong kula ingkeng ngemban, bransak dewasa mukti wibawa kula ngiyup kamulyan paduka, yen pun njenengan nandang cintraka nggih kula labeti kula mboten saget misah layaning ingkang gusti reden ayu, badya manjing lak-lak aning naga kula derekken”.

Kacarita dewi setiawati,awit saking agenging katresna dateng niraka sungusul, keraka madyaning paprangan, eling-eling manugya dadanate preksa sak njawining kedaton. Kacarita tindaknya dewi setiawati ketlangso-tlangso munggah gunung mudun jurang, dateng saking pinagya papan padungunan nira keengga apa prabu salya.

Sinden…

Kayon-kayutan purwa sejati weduana pangklebat pa…pat o…ng godonge mega rumengge… apret apa kekuwong… o…ng o…ng gembang rintang slaga langen o…ng o…ng senine ndaru i…la…hat wos surya lanting suk asirat hun gawan udan wujude akasa bongkah prati oyote bayu bajra witing klapa o…ng e…ng o…ng,

Sinden….

lepas tindaknya dewi setiawati kaderekaken emban sugandini lenging panyepta sedya sungusul ingkang rata wonten madyaning paprangan tegal kuru eling-eling dewi setiawati datan nate preksa sak jamining kedaton, dugi manjing kelenging wana, lepas wahdadi gregeding andana cala sumengka minggah harga tumuruning jurang terbis letlangsa-tlangsa lampahe, dugi mulat kiblat paracima ketingal sang hyang pertanggawati konjeng pertiwi pertanda gumelaring jagad telasing rina sedya gumanti ratri tamtantara yowan candra mijil sedya merbrawaning jagad raja, lumampahing sang hyang candra panjer ing angkasa pertanda wis dumugi titi wanci, wancine ngancik goro-goro

Bumi gonjeng lan reng kang langit samudra kocak sumamburan yayah tinebur banyune hoyak kang gunung-gunung o…ng, lemah bengkah mawetu geni, katempoh bayu ho…jro, ngakoso jumeblok swarane lir gelap sasra kekayon genggrebah kaya dibabati pratawaning goro-goro e…ng, saya banter suwuking goro-goro sumudul kayangan njungring slaka kiwan jagad giri pati ngasto cumumanik isi tirta panjuta nirmala katetesaken jagad raya ingkang katempoh sumuking goro-goro, satemah sirep ponang goro-goro sireping goro-goro jagad tata tentrem gemah ripah loh jinawi kabarong suwanten jumeblok ngombeng telenging samudra pranyata alon banteng ngormati wijine lurah semar mewah putra cacah tiga nala gareng petrok sumawono bagong pacak kucingan ana madyaning paharatan a…lo…n

Hararing ho…ng, o…ng

Sinden….

Goro-goro…

 

DISC 5

Wana kendhaling rasa ingkang kinarya sambeting carita. Nalika semanten wana kendhali rasa, kasebat wana gung liwang-liwung, wana alas gung gedhe, liwang-liwung rungkut. Kasebat wana ageng matsihiar tebane. Adoh lor adoh kidul, adol wetan adoh kulon adoh desa adoh kutha. Kasebat wana rungkut masih kathah kekayon telung perangkul patang perangkul limang perangkul. Watu sak peluk rong peluk runggul ri bebundhutan. Ora mukal pinarya pananapan sato galak ingkang kulina mangsa daging manungsa. Antawisipun singa, sardula, jenggiri, bruang, cenguk, memreng sunajat dialapbal-abal mlewak blegendhuwak, udu-udu walangan taga kewan cilik-cilik gegremetan kangalawisa datan kurang papan pinarya panonopan jimsipan triprayangan kaengklek-ngklek balungan tandhak ilu-ilu bangaspati genderuwo thethek anjanggitan, jantung maru dorong pocong miwah gliya glundhung mringis, milawana kasebat gawat kliwat angker kepati. Nakala samanten wonten satriya imgkang kumawani nalas sak telenging wana kendalirasa, paranggene datanana panggiri budaya kang tumengkuh kepara sato galak jimsipan triprayangan lumajar gendhring kena praba wane satriya kang nedenganggon ngelala pranyata ingkang ala sak wana kendhalirasa pamadyane Pandawa kekasih raden Arjuna ya Raden Janaka satriya bagus warnane luruh pasmane pengawah banyu guwaya teja. Kasinungan watak sareh yen ngendika lirih ngarah-arah teledhak- teledhuk kayu madu pinustika ketingal ngemben sungkawa ingkang purwaning kengembening sungkawa dhumadosing prangageng kasebat Bharatayudha jaya binanggun. Tindhakna dyan den Arjuna kadherekaken Punakawan catur tinulas Semar nala Gareng, Petruk, sumawana Bagong.Kuwanci surya mangrangsang wayah ndirgantara mendhung angin ndanu lumayah perbawaning panas kaya mecah kalaraban kekasih den Arjuna kendhel wonten catur denda lenggah sela dilan kahadeg ngadi sekawan waneh-waneh solah bawane kang kinarya srana mlipur sungkawning dalih kepareng cah sepining kawontenan tunulas semar rukmendaya. E… lah dalah iii aaa….

  • Semar : “E, nala Gareng Petruk!”.
  • Gareng : “Kula ma”.
  • Petruk : “Kula ma”.
  • Semar : “Rene-rene to le rada maju, nyadhong sabdane ndaramu”.
  • Gareng : “Mangga kula dherekke ma”.
  • Petruk : “Mangga ma kula dherekke”.

O…o…

Sinden……………

e… o… e….

o…..

o…hehh…..

Remara rih manguswa ambrengengeng. Kadikarunganing kaswa se… ooo… Haning margaa malakuuu sang kandha prastratwa da… ooo… Leng-leng lalu leng… leng… lathii surya hangrangsang payah, humyus hamarwayangkut. e….

  • Semar: “E, lah dalah iii aaa…. Gus ndara Janaka. Kula linepatna saking deduka ampun dipun wastani wong tuwa kok celandhakan. Sejatosipun ndoro niku kersane pripun ta? Nyangkul jejibahan dereng rampung dumadosipun perang Bharatayudha teka ndara nebih kaliyan barisan ageng, niki napa sebabe?”.
  • Janaka : “Kakang Semar”.
  • Semar : “E, kula den”.
  • Janaka: “Dumadine perang Bharatayudha aku kudu tega nyirnakke kadhang tuwa nyirnakke pepundhen lan bapa guru. Upamane kelakon Pandawa menang mukti wibawa ing Negara Ngastina apa ora diarani mukti kuancik-ancik kuandhaning kadhang tuwa lan para pundhen. Ana ngendi lenggahing kasatriyanku kakang Semar?”.
  • Semar: “E lah dalah iii aaa…. Gus sampeyan iku satriya, kudu isa milah-milahke gegayuwan ndadosna kauningan. Ndara Janaka mengsangrahkanmu, Kurawa. Niku mboten kok sampeyan iku nggayuh kamukten, nanging sampeyan niku netepi dharmaning satriya kudu wani mbrasta watak murka ambek angkara nadyan thukul tetangganing sinten mawon. Angkara murkane rakamu Kurawa niku wis ora bisa diwulang, ora bisa disirnakke nek ora sak ingkeng nyandhak. Maka ndara wis kebacur ngaku satriya. Satriya niku kudu wani ngelabuhi bumi wutah getihe. Pindo satriya iku kudu wani ngayomi para tapa para pandita ingkang sedengkulak uja brata. Satriya niku kudu tresna karo sapadha-padha ora ndelok cendhek dhuwure derajat pangkat gedhe cilike panguwasa sugih miskine kadunnyan. Ping pat satriya niku kudu uga gelem ngoncati kesaguhan sing wis kawaca. Ping lima satriya niku kudu wani mbelani bebener ingkang dedhasar adil. Lha nek ndara ora wani nyirnakake Kurawa tegese malah sampeyan nyimpen saka jejere kesatriyan.

Tinangkarang abang na…te udan pati. Ludira kang manyembur-nyembur gagk rimanguniya… mbangun unn o… iku siji kang diwatak bumi kang gumingsir ana peteng dudu wengii ana padhang dudu rina, yaiku petenge Antaga a…. e…

Ledyar penggalih nya dyan Arjuna candrane kaya lumampah kuwanci panglong kepapat kobor sewu padhang tlarangan dugi midhanget aturnya tilurah Semar gadra laya. Lenging panyipta sedya menyat saking palenggahan manunggal dhateng para kadhang. Kacarita Raden Jayawiluka ngo nadyan Raden Arjuna saking katedyan cipta ringganira. Bocah perjuri, lho..lho..lho.. ana teja sumlorot wilang teja na satriya bagus mbok menawa iki Janaka cegaten lor wetan kidul kulon trajange tengah tak takoni gragap kuhut harjunika sunika ya..ya..ya…

  • Raden Jayawiluka : “Eh..”

Ngulat ngalarisa Arjuna e….. Ngulat ngalarisa Arjuna. Wis ngunyuk kang lagiya kamanungsan kasrepan ring tingkahing ingsun iran padha kadhang. E….Anak panganak ing yayah myang ibu leng panggih paman arep a salya sira Bisma dwi janggeh gu… e…

Estu mara jagad manikala jengsewang uii… ana teja sumlorot sumunduhing ngaliyan tak keep e ilang, ana wong bagus tanpa cacat luruh pasmane.

  • Raden Jayawiluka : “E, aja mati tanpa aran, sapa jenengmu raden?”.
  • Janaka : “Petruk”.
  • Raden Jayawiluka : “Nun?”.
  • Janaka : “Ana satriya takon marang aku tinggal tata krama”.
  • Petruk : “Sabar gus, wong sabar niku subur, nek mangke niku disabari kok jebul ora rumangsa a dikandhani ngoten cobi ndara ngendika diwangsuli”.
  • Janaka : “Iya mengko ta satriya kowe takon marang aku”.
  • Petruk : “Hehhh iya”.
  • Janaka : “Bali sara ganti aku sing takon. Kowe satriya ngendi, sapa jenengmu tong?”.
  • Raden Jayawiluka : “Takoni durung ngaku genti takon”.
  • Janaka : “Apadhang”.
  • Raden Jayawiluka : “Satriya saka Pelasa Jenar. Kadhange taruna kangmas patih tridhantal pati Raden Jayawiluka”.
  • Janaka : “Raden Jayawiluka?”.
  • Raden Jayawiluka : “Ya, dasar nyata. O… lesepa”.
  • Janaka : “Pamadyaning Pandhawa satriya Madukara”.
  • Raden Jayawiluka : “Sapa jenengmu?”.
  • Janaka : “Ora ana jeneng kekasih ingkang katon…”.
  • Raden Jayawiluka : “Tabuh cuthik kesosor kebagusanmu. Sapa kekasihmu?”.
  • Janaka : “Arjuna, ya Janaka, ya Parta”.
  • Raden Jayawiluka : “O.. ih kowe ingkang jeneng Janaka?”.
  • Janaka : “Iya dhasar nyata”.
  • Raden Jayawiluka : “Wa hahahahahhh…. Kepasang nyodya pinanggih kentak upaya sing gedhe dhuwur sapa”.
  • Janaka : “Kakange”.
  • Raden Jayawiluka : “Kakange Janaka, Werkudara?”.
  • Petruk : “Dudu. Kakange Bagong, Petruk”.
  • Raden Jayawiluka : “Mung ngaku jenenge ndadak menggok-menggok”.
  • Gareng : “Ngge ngeyem-ngeyem bature kok ya. Wong sing duwe kakang ora Janaka. Bagong ngendikaaken ora ketang kakang ge jung selandana. Iki petruk, aku nala Gareng”.
  • Raden Jayawiluka : “O nek ngono kowe kakange Petruk?”.
  • Gareng : “Kakange Petruk?”.
  • Raden Jayawiluka : “Kae sing mburi sapa?”.
  • Bagong : “Aja kok dudohke lho truk, antemi e…”.
  • Petruk : “Iki adhiku”.
  • Raden Jayawiluka : “Bagong?”.
  • Petruk : “Dudu”.
  • Bagong : “Sumawana kowe nek arep ngundhang jenengku kudu nganggo Sumawana. Rungakna ta nek dhalang-dhalang kae do njatur. Raden Janaka dipun seba pilurah Semar. Semar mung ora kenal Gareng, Petruk, sumawana Bagong. lho, dadi nek ngundhang jenengku kudu nganggo Sumawana”.
  • Petruk : “O gong. Bagong wong kaya ngono kok nyawane kerasan, ha nggur kowe kok nduwe aran sumawana”.
  • Raden Jayawiluka : “Janaka”.
  • Janaka : “Apa aran?”.
  • Raden Jayawiluka : “Kepasang yodya pinanggih padha dhewe nututa tak tugel guluumu”.

E… Jojo nguntap tendha pinetap nitra ngucap ngondhar-ngandhir idhep mangala cakra. Hee……

  1. Janaka : “Kowe arep nugel gulune Janaka? Apa mbok anggep Janaka dikrik wedi karo kowe? Hei kowe karo aku tangkep jejo kantaran bahu genthinge ilan tatu. Iki dadaku ndi dadamu? Kowe nyudhuk dhisik apa aku nyudhuk dhisik? Apa kowe aku nyudhuk bareng? nek kowe dikrik adu ngarep apa seka miringan. Seka miringan kwe sek wedi, saka mburi tilikana awakku. Nek kowe lali ora gawa gaman, kerise Janaka umusen kanggo mrawasa aku apa sebabe kowe kok meneng wae apa kowe sing njaluk tak kramasi epek-epek sirahmu?”.

Plakkkk…, sirahe ? digepuk Janaka nganggo tangane.

  • Petruk : “Kowe karo ndara Janaka kok sembrana. Ndara Janaka priyayi meneng, nanging nek kecocok penggalihe glusut, moh 5x kethes, glindhing. Iki dhurung, lagek tangane ndara Janaka dhurung tanganku. Ketiban tanganku resik sangumu gecret ora gawa satriya sandhangane moncer gencret wae ora gawa. Sandhangan sewan”.
  • Gareng : “Wong nylekutis”.
  • Semar : “Gareng kae elek-elek rak satriya ta? Arep omah-omah ngraket njalar bebasan, ning non paranti prawira. Senengane njaga stagene musuh o…. Nylekutis, nek Gareng ki ora tau kok yak-yakkan ngono kuwi. O… kowe jan lara tenana ki”.
  • Bagong : “Halah gareng tunggale”.

O… munggut-mumggut pindhuk sinabet, sinabet ngrembadha kesi aja o… he…. wahhh……

  • Raden Jayawiluka : “Wah gedhe perbawane Janaka. Ora ngerti serapating tangan jumedhot ana mustakaku kaya pendhil wesi”.
  • Janaka : “Apa gan?”.
  • Raden Jayawiluka : “Hee…, Janaka”.
  • Janaka : “Komparat”.
  • Raden Jayawiluka : “Aja tinggal mlayu”.
  • Janaka : “Maju organdhal”.

Sinden…………….

Janaka lan Raden Jayawiluka perang

  • Raden Jayawiluka : “Suwapatet banget Janaka”.
  • Janaka : “Apa?”.
  • Raden Jayawiluka : “Klentrang-klentreng medhak kapuk ora pendheng bareng kumandhang kacakara awas tumrampil krincil trengginas kaya sikat anyamber walang tubruk ngiwa mlumpat nengen, tubruk nengen mlumpat ngiwa kancane nyabet muka kaya pendhil wesi”.
  • Janaka : “Apa abang ora gelem ngelem awake musuh, awakmu dhewe dhandhana”.
  • Raden Jayawiluka : “Aja kowe nduka nek aku kalah, durung paja-paja aku mungsuh kowe kalah ning durung katiban katigdayanku. waa…. heee…… Lamun aku wis ngetrapke mantra-mantra sakti waa…. he….. mesti kowe woh…… he… he… oh… edyan ana wong gunemane didhepi kutub”.

Dhalang : “Tok kapakke ta Gong?”.

  • Bagong : “lha jare arep perang kok ndadak sesorah, ngono kuwi nek ana inti sarine sesorah ngono ki nek angger sak padha brol limang ewu-brol limang ewu ngono mung gur kothongan e… tak tutupi nganggo lilang”.

Dhalang: “O ya sembrono”.

  • Raden Jayawiluka : “Tanggalna katigdayanku

Dhalang : “Tibakna”.

  • Raden Jayawiluka : “Nyeblahaken sampur Raden Jayawilukung, bel dadi dahana sak lumbung tandhung”.

Sinden………………………………………

Raden Jayawiluka perang karo Janaka, Janaka nuli diobong nganggo geni dening Raden Jayawiluka.

  • Gareng : “Weh… he..e… ndara. Boten wonten ndara seda diobong ndoro?”.
  • Petruk : “Wah aku ya jan ora ngerti, lek upama ngerti nek mungsuh ngethoki temandheng geni ya ndara tak caosi priksa, ngerti-ngerti wis geni numpuk anggane ndara”.
  • Janaka : “Nala Gareng aja kuwatir, aku ora apa-apa”.
  • Gareng : “Eh.. heeee…. Ora nyana baguse bagus yi kusuma, seda kok ngemandhang”.
  • Petruk : “Kok ngemandhang”.
  • Gareng : “Lha mau ngendika ik”.
  • Petruk : “Engko gek ndara iseh sugeng, tegese iseh urip ngono”.
  • Gareng: “Ngendi ana kok dibakar kok urip, iku mau mung temandhang”.
  • Janaka : “Aku iseh urip, nek kowe ora ngandel, iki tanganku”.
  • Gareng : “O… iya, kuwi tangan temandhang”.
  • Petruk : “Ndondhong. Wong sing diwei temandhang ki mung suwara tangan yo temandhang. Dadi pama nyuwara ki ning adoh. Ning ngetan kali sing diundhang nyemplung kali. O… wewewewewe lhah kae temandhang. Garuengeng-eng eng ngono. Mrene e e e e. Upama jeruk, jeruk jer jer jer”.
  • Dhalang : “Jeruk kie ora wani muni ruk”.
  • Petruk : “Lho senengane pasang jugangan. Gus nek ndara iseh sugeng kok wonten salebeting dahana niku pripun?”.
  • Gareng : “Sugeng ki apa ta truk jane?”.
  • Petruk : “Sugeng ki urip. Nalika sugengipun eyangipun ndara Gatutkaca, narindra pringgodani Prabu Trembaka mengsah Prabu Panduduk nalika teseh sugeng. Lho….”.
  • Gareng : “Lha kok sok ndadekke?”.
  • Petruk : “Lha jane ki salah kaprah. Bagekke ki saka sing ngemis slamet tegese”.
  • Gareng : “O, ngono?”.
  • Janaka : “Petruk.
  • Petruk : “Nun”.
  • Janaka: “Nala Gareng”.
  • Gareng : “Kula”.
  • Janaka : “Kepasang yodya ana geni paprangan, kena tak enggo serono nggirah busanaku. Busanaku ora pati tak girah nek ora nganggo geni paprangan, nek digirah nganggo geni paprangan ora mung resik, nanging dadi anyar maneh kaya disembuh lan kaya disangle”.
  • Gareng : “bedane ora truk?”.
  • Petruk : “Iya ya. Ngumbah sandhangan kok nganggo geni nek ora pancen kesuma ya ora kelakon. Apa ring kok uket”.
  • Gareng : “Gareng nek karo ndara Janaka rak tuwa Gareng, didaya a ya didaya Gareng. Ndara Janaka ngumbah sandhangan nganggo geni nek wis dikumbah nganggo geni paprangan ora mung resik neng dadi anyar. E… Sarungku iki arep tak cemplungke kono men kaya disembuh, njut anyar”.
  • Petruk : “Reng. Aja tiru kesuma, cilaka”.
  • Gareng : “Tuwa aku Truk. Dikdaya aku, kowe engko pengen”.
  • Petruk : “Karepmu”.
  • Gareng : “Plung (karo nyemplungke sarunge ning geni paprangan)

Perkothok-perkothok…

  • Petruk : “Eh, sing mbau reksa sarung kae”.
  • Gareng : “Lho kelawu-kelawu, lho mak klunthung, lho dadi.. lho rak dadi awu”.
  • Petruk : “Wong kowe ngeyel nek dikandhani ok”.
  • Gareng : “E… Sarung siji kobong kabeh”.
  • Petruk : “Gus nek empun cekap lajeng mpun walesi mawon”.
  • Janaka: “Sumingkira kowe truk!”.

Murat muraning arjuna, o…ng tesmya kang lagya kang manungsan kasrepan ring tingkahing mungsuh ngirang dadan pangguna wan wahan hanak hanganaking yayah nyangingu klen naggih paman magadirarpa salya e…ng

  • Arjuna : “ jaya wiluka, aja sambat aku ndosa klungepasing jemparingku kyai merdaging domama anggonmu kulit bedah daging pecah otot pedot putung balung jagadmu kang sko amasir patang perkara bumi, geni, banyu, angin bali asal mulane sukma sejatimu sukmane wong ambeg angkara ora katon podening dewaning antaka lemaranging neraka jahanam kang nampani sukmamu”.

Sinden….

  • Petruk : “ pripun gus kok mboten ambruk?”.
  • Arjuna : “ nadyan ta ora ambruk waspadakna bahtahludiro sko landeping gaman tigas pancing jangane mestaga dunumung ing nggembong deweke ora krasa nek wis tugel gulune”.
  • Petruk : “ o…tak arani nek ganti klambi abang”.
  • Arjuna : “ kowe wis gatah loh diro”.
  1. : “ ekh ekhg ekhg”.
  • Arjuna : “ mbok ya ojo kok ladeni”.
  • Petruk : “ kedah-kedahe nek nde mungsuh sumbar ora ketong meng sak metu-metune kedah-kedahe”.
  • Arjuna : “ kedahe ki apa?”.
  • Petruk : “ niku tembung dialeg kok”.
  • Arjuna : “ jaya wiluka nek pancen nek kowe isih panggah gage majuo, awit saking landeping dedamel tigas pancing janggane jaya wiluka dereng kraos amargimestaka maksih temumpang nggembong, sedya ngrangsang diararjuna dugi mestak gumlundung bantala serna merga layu”.
  • Semar : “ lunging kara-kara asak keblek kebleng wose ning ning na nung nong nong nang ning nong”.
  • Gareng : “ wahahaha… kakekne tuwek-tuwek swarane nyenu”.
  • Semar : “ nyeni kok nyenu, gus!”.
  • Arjuna : “ apa”.
  • Semar : “ jaya eilaku niku adine sengkuni”.
  • Arjuna : “ iya”.
  • Semar : “ pun rada suwe teng plasa jenar dereng tepung kalih ndara merga niku mbiyen teng nggendara niku tunggale dewi ngendari”.
  • Arjuna : “ iya”.
  • Semar : “ mboten wonten sing nggangu gawe tindake baguse kula prelu caos preksa suwali gus manunggal dateng kadang-kadang ndika wonten hupawaliya”.
  • Arjuna : “ iya kakang semar”.
  • Semar : “ dianarjuna kepareng nindakaken pemanggehnya kelurah nayantaka, manunggal para kadang wonten hupalaya yen ta kinon sangking manggrawa sumorote jane pakuwron ing hupalaya sumundul ing ngawiyat”.

Sinden….

Kang kinara sambeting carita inggih pakuwon hupalaya ingkang angrengani pakuwolu narendra ing wiralya sri baginda maharaja prabu maksuwopati ya prabu durgandana sanajan ta wis ndungkak yuswa nanging saya wuwuh kawibawane, awit denya saget ngayomi sang ya para kadang sentana medak para kawula, nalika semanten prabu maksuwapati lenggah wonten madyaning pakuwon tahadep ingkeng wayah para kadang pendawa ingemareng jajat lenggahnya prabu maksuwapati, biswanipun pembayaning pandawa prabu puntadewa ingkang nembe ngarsa tumungkul yayah konjeng pertiwi biswanira pamyadaning pandawa dianarjuna ingkang yayah prayetning kewuh lenggahna sumoro tejane kaya sumorete lintang bimo sekti nulak tutuking naga, sowanioun dianharya werkudara nganan ngerengaken sowanipun sumendening pandawa miwah wariju kekasih raden nakula miwah raden sadewa pangpangtara dangu rawuh nyananta dwarawati prabu sri batara kresna prabu maksuwapati mulak wiswanipun prabu batara kresna gupuh-gupuh deneng nanggapi mangkun cepta wirenggane rotan dereng kawijil ho…ng o…ng

Sinden…

Lir saptadaning sun tumeleng anglati medening sekar kang endahing warni … ngidering taman angon sekar warsigi o…ngo..ng e…ng

 

  • Salya : “ wayah prabu betara kresna kula nuwun wonten dawuh ingkang pengendika kanjeng eyang prabu, nggonku nganti-nganti rawuhing wayah prabu ana pakuwon hupalawiya kaya ngenteni kumambaning sela kresna sileming baita gabus dugi kalenggahaning ki wis bisa sak pejagong marang pun kaki lan kadang-kadang pandawa uga wis ngumpul ana kelenging pakuwolu hupawaliya kapareng wayah inggal paring pangandika parang kaleksananinggegayuhan kadang pandawa anggone inggal bisa unggul jayane dumadine perang bratayuda iki”.
  • Mandaraka:“ koko prabu betara kresna kang rayi puntadewa nyadong duka keparenga koko prabu inggal paring pangandika dateng kadang-kadang paduka pandawa saha matur wonten ngersanipun iyang prabu maksuwopati”.
  • Puntadewa:“ yayi prabu puntadewa inggih kepareng eyang prabu kula matur sami lepat nyuwun gunging pangaksama”.
  • Mandaraka:“ ya”.
  • Puntadewa:“senopatimg kurawa sak sedanipun yayi prabu basukarna kalenggan menika mboten saged dipun petan gampil garapanipun mboten kenging dipun anggep enteng boboting ngayuda awit palenggahan senopati kasalira paman prabu mandaraka paman prabu salya”.
  • Salya : “ ingkeng jumeneng senopati seliya”.
  • Puntadewa:“kula nuwun inggih kanjen eyang”.
  • Salya : “ banjur sapa ingkang kudu mapahake?”.
  • Werkudara:“kresna kakangku”.
  • Salya : “ apa sena?”.
  • Werkudara:“bareng kresna kakangku ngendikakake seliya bapakku wangune glarapan penggalihmu apa dianggep adi-adimu ora wani ngadepi kridane seliya bapakku aku ingkang bakal nanggulangi”.
  • Puntadewa:“dudu mungsuhmu”.
  • Werkudara:“menapa kula koko prabu”
  • Puntadewa:“dudu yayi kaipe”.
  • Werkudara:“kula koko prabu”.
  • Puntadewa:“kula dereng saget matur,alah kalah kok sajake sinuwun dwarawati mangu-mangu penggalihe prayogi lajengipun penggalih ing lanti wening”.
  • Salya : “ yo ngger sapa, apa aku sing wis pada dene tua?”.
  • Puntadewa:“sanes kanjeng eyang, mboten eyang prabu mengsahipun, mengsahipun paman prabu mandaraka menika dimas nakula sadewa”.
  • Werkudara :“ bwah ehehehehe”.
  • Puntadewa :“werkudara kok ngguyu”.
  • Werkudara :“arepa werkudara e, nek pancen lega pikire ngguyu ya kena”.
  • Puntadewa :“kok ngguyu?”.
  • Werkudara :“nek kembar adiku supuya mapahake kridane seliya bapakku lahapa timbangboboting ngayuda”.
  • Puntadewa :“wong perang we ora kok mung wani jotosan, ora kok mung wani gelut, ora kok pamer-pameran le bisa gawe gelaring aperang, ana cara-cara ingkeng kudu ditindakake”.
  • Mandaraka :“sena”.
  • Werkudara :“apa?”.
  • Mandaraka :“sena aja kowe njegat pengendikane koko prabu mundak ora prayoga leyabratasena wayah prabu kresna apa sebabpe kok adimu nakula sadewa”.
  • Puntadewa :“paman prabu mandaraka bade saget dipun sirnakaken nanging menawi pancen rila marengaken preksa pejah gesangipun twin pengapesanipun mila dimas nakula sadewa ingkang sejatos cilakep dening paman prabu mandaraka pambukti kula temtu dimas sadewa saget menika mangkeh dados sarana”.
  • Salya : “ yen mengkono mangsa bodoa”.
  • Puntadewa :“nekula sedewa majua”.
  • Nakula Sadewa : “ pringgih sendika”

Leng-leng alalu angolati surya mangrangsang wayah kumyos amorowo yangta o…ng

 

 

DISC 6

  • Nakula: “Nunten dhawuh bapa prabu.”
  • Prabu Puntadewa : “Dina iki kowe tak percaya, sowan ing papa paman prabu Mandaraka ana pesanggrahan Ngrunting. Nanging kowe ngati-ati sowanmu ana pesanggrahan Ngrunting, aja nganti ana jelma ingkang mengerti. Dadi kowe prayoga metu dalan punkhulan lan kowe nganggo busana sarwaseta, kowe ngasta pusaka kresligat. Sowanmu ana beksane kanjeng prabu, pasrawuh pati urip. Cukup mengkono, paman prabu mesthi priksa sing dadi kekarepanku.”
  • Nakula :” kula nuli nggih nadyan ngwrat kados menapa, kula mboten badhe suwala.”
  • Sadewa :” kula ugi mboten badhe suwala.”
  • Nakula :” nyuwun pangestu eyang prabu.”
  • Sadewa : “nyuwun pangestu eyang prabu.”
  • Prabu : “yoyoh plung sen tak bakali. Puji rahayu ngayomono laku jantran.”
  • Nakula : “papa prabu Bathara Kresna, kula nyuwun permating nyuwun pangestu.”
  • Prabu Puntadewa :” yoyo sing ngati-ati Nakula sedewa.”
  • Nakula :” papa prabu punta dewa, kula nuwun pangestu.”
  • Prabu Puntadewa:” ingkang prayitna, dimas Nakula Sedewa.”

 

  1. Gendhing

 

Ing nggone paman prabu Mandaraka

 

  • Nakula :”paman prabu Mandaraka, tamtu badhe kasembadan. Ngrilakaken sugengipun.”
  • Prabu Mandaraka: “Yo ngger.”
  • “Ingkang menika, keparengaken kula diipun pengestu eyang, mratak dimas sadewa tuwin dimas nakula.”
  • Prabu Mandaraka: “yoyo wes masa bodho a, kandha kencenging lelakon iki. Tak pasrahke wayah perang.”
  • “Yayi prabu puntadhewa kepeksa.”
  • “Kelenggahan menika, yayi mboten kengeng pisah kaliyan kula.”
  • “Inggeh.”
  • “Kula aturi nyuwun pengestu eyang prabu.”
  • “Nyuwun pengestu eyang prabu, kula ndherekaken papa prabu kresna.”
  • Prabu Mandaraka : “Yaya sing ati-ati.”
  • Sena :” Masiya pati kabeh, budhal pamit.”
  • Prabu Mandaraka :” Sena, sing ati-ati.”
  • Arjuna : “Nuwun pengestu kanjeng eyang .”
  • Prabu Mandaraka : “Arjuna. Aja kurang prayitna.”

 

  1. Gendhing

Suluk… sannganig kukila kanigara sakethet,

Ing anggone prabu Mandaraka

  • Prabu Mandaraka: “Nek ora kleru iki prunanku nakula sadewa.”
  • Sadhewa : “Kula nuwun inggih papa prabu, kula nuwun inggih papa prabu.”
  • Prabu Mandaraka : “Basuki tekamu.”
  • Sadhewa : “Kula nuwun inggih pengestu, boten manggih sambi kala nyaosaken sembah pangabekti.”
  • Sadhewa : “Kula ugi mboten manggih sambi kala pangabekti kula kojuk pa.”
  • Prabu Mandaraka : “Yaya tak trima ngger Nakula Sadhewa. Apa wigatene dudu wancine kowe teka ana ngarepanku iki wayah gagap bangun rahina. Sajake ora ana ingkang mangerti tekamu ana ngarepanku. Bar pesudi apa, hem nakula sadewa.”
  • Sadhewa : “Ka… kados pundi ka… kang mas.”
  • Nakula : “Kowe wae sing matur.”
  • Sadhewa : “Yen kepareng matur papa prabu, sing lepat nyuwun pangaksama.”
  • Prabu Mandaraka : “Heeh.”
  • Sadhewa : “Sowan kula nyaosaken pangabekti.”
  • Prabu Mandaraka :” Ya.”
  • Sadhewa : “Wigatosipun nuwun priksa. Menapa para estu papa prabu ingkang jumenengsinopati ning kurawa?”
  • Prabu Mandaraka : “Yo pancen ketara nyata.”
  • Sadhewa : “Sowan kula, wisaning papa prabu. Sowan kula mbekta pusaka duo pligat utawi busana utawi kula ngangge busana pethak. Kula masulaken, pejah pisan kula nuwun beksanipun papa prabu. menawi papa prabu majeng wonten madyane paperangan. Mboten wonten kadang kula ingkang saged ngembari kadigdayanipun papa prabu, temtu pandawa ba.. badhe tumpes apis ta… tanpa tilas. Kula mboten mentala ningali kuwandhanipun papa prabu puntadhewa, kuwandhanipun kakang mas werkudara, tuwin kang mas janaka. Kula nyuwun tulung pejahi rumiyin.”
  • Nakula: “Kula inggih nyuwun pejah pa.”
  • Prabu Mandaraka : “Kembar! Kowe kuwi anake pandhu. Bapakmu mbiyen kuwi wong kondhang digdaya sekti mandraguna, jalma pinilih bisa ngendhih kridhane bapakmu pandhu, ing reh kaprawiran ora ana sing timdan, ing reh kaprajan mumpuni ing reh kabagusan ura ngecewani. Lha kok nduwe anak ingah-ingih kaya mengkono kuwi kepriye? Melu isin aku. Merga bapakmu kuwi pandhu, ibumu kuwi adhiku. Nek pancen kowe nuruni kekendelane bapakmu. Ngerti nek awakmu arep dadi senopati, sesuk buyar kowe magang dadi pagelang, tangkep jojogan karan bhu genti wilangane ganti musuh aku. Ora kok pasrah nang urip. Kaya ngunu kuwi watak nistha tak kandhani. Kowe mati sak durunge perang kaya ngono. Nek pancen kuwi watak nesu, ayo. Aja mawas nek aku iki pancen pakmu, mung anake wong tuwamu, satriya kudu bisa milahke marang kabutuhan. Butuhing pribadi, butuhing kewajiban. Nek kowe nggor pasrah ilang satriyamu. He… nakula sadewa.”
  • Sadhewa : “Mangka raden siwa duka. Kula mboten badhe mingset. Kula mingset yen kersanipun si.. siwa prabu, menawi sampun dipun gotong kula kedah pejah. Kula kedah pejah mirsani papa prabu .”
  • Prabu Mandaraka : “Nakula sadewa! Nakula sadewa!”
  • Prabu Mandaraka : “Anakku ngger… nakula sadewa. Umpama ketok godhong lembayung koyo tak remet. Ora ngira lelakoning jagad ana kedadeyan kaya mengkene. Aku kudu, aku kudu mungsuh wong sing tak tresnani prunanku ngger.”
  • Sadhewa :” Kula nyuwun pejah pa. Kula nyuwun pejah.”
  • Prabu Mandaraka :” Isa meneng pora weki! Aku wes krungu nek kowe teka kene ki arep njalok mati.”
  • Sadhewa : “Inggeh.”
  • Prabu Mandaraka : “Gara. Kowe tumindak kaya ngono kuwi ndak karepmu dhewe. Hayo.. ndak karepmu dhewe, sing ngakon dudu kresna.”
  • Sadhewa : “Inggeh.”
  • Prabu Mandaraka : “Lha iya. Lha nek kowe sengara duwe panemu kaya ngono kuwi kaya ngono. Nakula sadhewa, arepa tak kipat-kipatna kowe kuwi prunanku. Kakangku sing tak bala-bala burisrawa wis tekaning pati, rukmarata tekaning pati, darah mandaraka wes entek. Sing ana mung karek kowe. Aku sepira bejatku, aku milih kowe sing isih nom umure, ijek amba jatahe, ijek jembar polatane. Aku rila ati ora madyaning patrane. Sak matiku mbesok, mandaraka aja tok nggo rebutan ngger. Tak pasrahne kowe bocah loro, nakula sadhewa. Tinggalane wong ra ana ke aja tok ngge rebutan, becik kowe kudu golek dhewe ngono ya.”
  • Nakula+sadhewa : “Inggeh.”
  • Prabu Mandaraka : “Aku mung melig karo kowe kowe. Aku nek wes mugkur, kowe aja wani karo kakangmu puntadhewa, aja wani karo werkudara, aja wani karo janaka, luweh-luweh, karo kunthi kowe aja wani. Ora mantra-mantra kae ibu kuwalon, yen momong karo kowe ligen, tegen nganti kowe bisa dadi dewasa. Kowe bocah lola, lair gledhak ora oman bapa, ora oman ibu, nek ora saka ligen tegene ibu kunthi ora kelakon kowe urip. Aku nek kelingan lakon nalika kowe disiya-siya kurawa, kowe bocah durung bisa ngrasakne lelakon kang pait, getir ana mbulak ngenthak-enthak kowe kaliren. Kunthi sambate, “umpama bisa tak kethok rambutku tak ijolke pangan, tak kethok rambutku tak nggo maremne anakku iki”. Yo koyo ngono kuwi sing ndadekne keranta-ranta pikirku, kunthi… Aja wani tenan ya karo ibumu.”
  • Nakula+sadhewa : “Inggeh.”
  • Prabu Mandaraka :” Sesuk, bayar aku mapar ana madyane paperangan. Kowe matura karo kakungmu kresna. Puntadewa, kon maju ana paperangan supaya nggawa klayang kalimasada.”
  • Nakula+sadewa :” Inggeh, sendika dhawuh, paman.”

 

  1. Gending

 

Ing…

 

 

  • X: :Kadangipun kakang dimas nakula sadewa parang purwa madya wusana dimas, ndak utus sowan ngersane paman prabu mandaraka.”
  • X : “Dalem Iya dimas nakula sadewa ndang matura.”
  • Werkudara : “Kembar ndang matura “
  • Nakula+sadhewa :” Matur nuwun kersa prabu dwarawati, nuwun sewu lepat nuwun pangaksama.”
  • X : “Ya.”
  • Nakula+sadhewa : “Perkawis, lampah kula sowan papa prabu mboten kula aturaken ingkang baku. Papa prabu salya paring pangandika, manjing ana paperangan mundhut dipun tandingi papa prabu puntadewa.”
  • Werkudara :” Waaah.. mbar, kakangku sing di kersakne. “
  • Nakula+sadhewa :” inggeh kangmas”
  • Werkudara : “Mangka mbar, kakangku ora tau perang.”
  • Nakula : “Werkudara, yayi prabu iki ora tau perang, ning durung karuwan nek wedi karo kakang prabu salya. Bisa lo, bar mireng ature dimas sadewa gumrigah penggalihe. Tul rak.”
  • X:” Ngoten ta yayi”
  • X: “Mboten dos pundi”
  • X: “Mboten gumrigah”
  • X: “Mboten wani punapa injeh”
  • X: “Pun nboten purun.”
  • Nakula : “Mboten pun paringi. Mpun ta. Dados dereng purun.”
  • X: “Pun mboten purun.”
  • Werkudara :” Waaaah.. njur piye mangka sing dikersakne mbar, kakangku.”

 

Suluk nalalira tan katawengan…

  • X: “Ingkang lumayan wonten gligantara, yitmanipun pendita ngada belak, begawan bragaspati. Duki prabu puntadhewa kapan digdaya pengaranipun begawan bragaspati. Saknalika kaya ginugak kaprawirane rukmandaya.”
  • X : “Papa prabu. Yen makaten kula kantun nderek. “
  • “Lha rak makaten ta”
  • X : “Werkudara”
  • Werkudara :” Apa”
  • X: “Tatanen prajurit nderek yayi prabu puntadewaanggone manjing madyane paperangan.”
  • X:”Nanging ndandosne pawelingan papa prabu. Nawanti-waanti pamundhutanipun papa prabu salya. Papa prabu puntadhewa kedah nyamektakaken pusaka jimat kalimasada pusaka jamus. Yayi prabu, paman prabu mundhut yayi prabu ngasta jimat kalimasada pusaka jamus. “
  • X: “ Inggeh.”
  • X: “Monggo yayi, nitih papa kang rapa ingkang nderek teng yayi prabu. “

 

Gendhing

 

Ing…

 

  • Senapati : “Yayi prabu.”
  • X: “Kula papa prabu mandaraka. Sampun ngesthi dayang aji candhabirawa. Paperangan sampun kebak gandarwa candaha birawa. Miturut aturipun kakung ismaya, menawi yayi prabu ngajeng-ajeng kridinadipun candhabirawa mboten kenging dedamel. Yayi kedah seleh dedamel pandherekipun mboten kengeng sami mbekta dedamel. Awit menawi mbekta dedamel, dipun cokot dening candhabirawa badhe sagedening wisaning siyung.”
  • Senapati : “Bapa prabu”
  • X: “Kula”
  • Senapati : “Kula menika rak senapati.”
  • X: “Inggeh “
  • Senapati :” Senapati menika menawi majeng wonten paperangan, mboten mbekta dedamel seleh dedamel. Tegesipun sampun kawon kaliyan rusak. Mila, manawi kula kahdawon seleh dadamel, mboten saged nindak dhawuhipun papa prabu.”
  • X: “Mangke yayi tamtu dipun singkara candhabirawa.”
  • Senapati : “Perkawis pejah menika sanes gadahanipun candhabirawa, sanes paman prabu salya, nanging menika pangraosing bayu diwasa. Kula badhe dipun kroyok gandarwa., yen bathara tasih maringaken kula gesang mboten wonten angelipun dewa badhe ngayomi, dipun gendhongono, dipun kuncenana, yen sampun pinesthi dunungineng pejah. Bebasan pejah marginipun sewu, kesandhung mati, kesrimpet mati. “
  • X:” Inggeh, yayi prabu menika ketingalipun mboten saged ngendikan, jebul nek ngendika angel diunggahi.Yen makaten kula sumanggaaken. “
  • Senapati :” Kula aturi pitados papa prabu.”
  • X: “Matih, senapatine kurawa haha..”

Gendhing

Ing anggone candhabirawa

 

  • Candhabirawa :” Ha… iki senapatine pandhawa ayo.”
  • Candhabirawa : “Tindangan aku nyekel tangane”
  • Candhabirawa : “Aku nggon bangkekan”
  • Candhabirawa : “Aku nggon dada”
  • Candhabirawa : “Aku nggon weteng”
  • Candhabirawa :” Aku nggon bangkekan”
  • Candhabirawa : “Aku nggon dengkul”
  • Candhabirawa : “Ayo a dicokot, ha.. kowe punthadewa kok ora males.”
  • Candhabirawa : “Yen kowe bisa nyengkana aku. Aku panganen “
  • Candhabirawa : “Ayo maju ta ayo maju ta”
  • Candhabirawa :” Ayo ayoo”

 

Suluk ngalaira kang kakung ana ing…

 

  • Prakaswari : “Candrabirawa, waspadakna. Mungsuhmu iku ratu ngamarta pambayune prabu puntadewa, manungsa kang kadunungan getih putih. Lha kok dadi kowe wani karo prabu puntadhewa. Piye karepmu?”
  • Candhabirawa:” Oho… kowe papa prakaswari.”
  • Prakaswari :” Iya”
  • Candhabirawa:” Nek ngono aku ora krasan melu anakmu mantu narasoma. Anakmu mantu tak eloni ora tau tapa. Senengane mung unyek-untek karo bojone, lali leh tapa najanta tetimbangane meh siji. Ning wis nglalekne nggone prehatin. Aku melu kowe. Aku melu kowe.”
  • Prakaswari : “Kowe ngertia. Prabu salya maju ana paperangan, ora sedaya mateni pendhawa. Kae golek dalan leh arep nyaur utang tak kandhani. “
  • Candhabirawa : “Kowe kudu bali ana kahyangku.”
  • Prakaswari : “Mengko tak dunungne sela selaning ngasela, kareben mantuku bali ana kahyangan bebarengan karo aku.”
  • Candhabirawa : “Wah ya aku manut”
  • Candhabirawa : “Aku manut.”
  • Candhabirawa : “Aku manut.”

Gendhing

Ing….

 

  • X :” Yayi prabu.”
  • X : “Kula.”
  • X : “Paman prabu salya sampun nganti-anti, supados yayi enggal nglepasaken dedamel. “
  • X : “Inggeh. Nyuwun pangestu papa prabu. Prabu puntadhewa sidhira nyandhak, sinandhangan warastra, sinar ntran-mantran, mantran sakti saha den prabawani jimat kalimasada mustaka jamus. Eling-eling prabu puntadhewa krumaos aben ajek klayang pepundhen. Puntadhewa mangku-mangku badhe nglepasaken dedamel. Den nglepasaken nanging kinarya lisan jemparing pratala. Nanging saking banter plung marang den jemparing najan ngengingi pratala mendat menginggil malih, kenging jan jane prabu salya tapa, pinesthi kareping bethara ngoyah-ngayuh baskara titi wanci prabu salya. Telas tulisya sirna marga layu wonten madyaning paperangan tegal kuru. “
  • Dhalang : “Seda wonten ing paperangan tegal kuru. Glandrahan wonten ing telenging rata. Prabu salya nalika semanten kesulak dalu. Watak kurawa senapati sinuhun-suhun, sinuba-suba, lamun ta taksih gesang. Nanging menawi sampun pejah wonten ing paperangan mboten kepanggih kados pundi anggenipun badhe ngrupti. Mila punthadhewane prabu salya wonten ing madyaning paperangan datan wonten ingkang wukup, awit wus kesulak ndalu. Nalika semanten, dirgantara peteng ndedhet, soroting candra lan kartika datan kaeksi. Awit mendhung lelimengan, sekedhap-sekedhap tapeling jagad, amung kapireng swanten gumludhug swaraning gludhug, sekedhap-sekedhap swantening bantheng jumlegur. Kacarita dewi setyawati ingkang wus dangu ngupadi kang raka datan pinaggih. Busananipun rontang-ranting awit kecenthel rirendhet ampyanipun mlenthung sak jagung-jagung, munggah gunung mudhun jurang dumugi paperangan tegal kuru wanci tengah dalu datan priksa kiblat. Nyandhung-nyandhung tuwandhaning madya ingkang pejah wonten paperangan. Kesrimpet rikmaning para prjurit ingkang pejah tumadyaning paperangan. Midhak wanda uda miwah tuwanda diraja. Terkadhang kesrimpet dadhung lan piranti paca kara, ngantos dumugi celak rata iket kinarya. Dedunung prabu salya kang wus dadi wandha paradene datan priksa.”

gendhing

Dalang : Cipya mring gaanera, waludya ingkang nedheng nandang sungkawa Dewi setyawati.

 

  • Dewi setyowati : “emban sugandhni.”
  • sugandhini : “Kula gusti ratu.”
  • Dewi setyowati : “Ana ngendi kuwandhaning kang seda.”
  • sugandhini : “Kula piyambak mboten saged matur, lantah kula sampun keblesek ing endhut, suku kula nyandhung tulandha, uda, tuwandhaning manungsa kesrimpet rikmaning tuwandha.”
  • Dewi setyowati :” Woh.. gandanipun amis bacin kados ngaten. Nek pancen kowe ora weruh gelem nindakne lelakon iki. Baliyo gaan, sugandhini. “
  • sugandhini :” Manggen kula sanggah wangsul kados pundi raden ayu. Panjenengan nalika taksih timur, kula kempit, kula indhit, kila panggul, kula gendhong. Sereng dewasa mukti wibawa kula nggeh yung. Sakmangke nandang citra kula getah lulang getih. Sampun malih namung wonten papan kados mekaten, nadyan mlebet lak-lakaning naga kula nderek.”
  • Dewi setyowati :” Kaelokane iki yo mban, nawono kono rodo adoh gandane amis bacin, iki kok gandane arum mangambar-ambar. Iki gandane apa?”
  • sugandhini : “Kula piyambak mboten sged matur raden ayu.”

 

Dhalang :

Kacarita mungun raosing penggalih. Dewi setyowati, senajan jagad peteng ndhedhet, sekedhap-sekedhap ana gebyaring cathit miwah wudah, dupi ana gebyaring cathit. Dewi setyowati datan kesamaran ingkang wonten rata gilan-gilan kuwandhane. Punika kang rata saknalika njeleh kemati.

 

 

  • Sugandini : “Sinuwun, mboten nginten kaduka wonten ngriki sinuwun.”
  • Dewi setyowati : “Sugandini… ora ngira jebul wusantara suwe aku cedhak, tuwandhaning kang sinuwun ana ngrata.”
  • Sugandini : “O inggeh gusti.. lajeng kados pundi gusti raden ayu.”
  • Dewi setyowati : “Aku rak wes waloko karo kowe sugandini. Gusti wungup yen nguwei iyup yen teka mati tak belani, aku kudu lampus dhiri.”
  • Sugandini : “Menawi penjenengan mekaten, kula mboten saged kantun. Dewi setyowati nganyut tuwa sirna merga layu. Emban sugandini semanten ugi.”

 

Suluk

Dhalang: mapan prenyata, dewi setyowati sedo. Nunggil sakrata layaning kang raka prabu salya. Pagedhonganing carita sukmanipun prabu salya miwah dewi setyowati tuwin dewi emban sugandhini, sesarengan minggah suwarga nderek ingkang rama begawan bragaswati. Nalika semanten telasing ndalu gumantirina wonten madyaning paharatan.

 

Gendhing

 

Ing……

 

 

  • Duryudana : “Pripun paman, kawusananipun.”
  • X : “Aduh ngger. Kang ngrayang kesura-sura basah. Pejah wonten ing paperangan sak werkudara.”
  • Duryudana : “Surya gupala”
  • X : “Surya gupala niku ming sumbare thok. Maju teng paperangan bebasan mboten kanggo setampel kuwandhane. Nelangsa pejahe, mrotholi kuwandhane, kari sikil loro dicekel werkudara.”
  • X : “Teng paman jaya wiluka. Kula ugi sampun nampi palaporan pejah mengsah arjuna.”
  • X : “Kaka prabu mandaraka ugi sampun wis seda.”
  • Duryudana : “Wahaha… paman prabu salya seda. “
  • X : “Inggeh.”
  • Duryudana : “Sampun saged molet kanan kiri. Man, tesih pinten kurawa.”
  • X : “Kartamarma kartadenda, citraksa citraksi. Pun mboten wonten isine kabeh niku.”
  • Duryudana : “Kula aturi ndiwarakaken. Dinten menika kula duryudana, madeg suraning ndriya. Jumeneng senapati, udan getih.”
  • Duryudana : “Kemerur siwaraning opo man.”
  • X : “Alokipun para wadya njawi benan ngendika jumeneng senapati, saknalika udan getih.”
  • Duryudana :” Udan ludira.”
  • X : “Inggeh. “
  • Duryudana :” Pralambang pripun?”
  • X : “Ludira menika rak abrit. “
  • Duryudana : “Nggeh.”
  • X : “Abrit niku pralambang remen. Penan badhe manggih remen, temtu badhe unggul jayanipun.”
  • Duryudana : “Menapa estu.”
  • X :” Estu tanggel.”
  • Kartomarmo : “Menapa estu yen abang niku seneng?”
  • X :” Seneng.”
  • Kartomarmo : “Kok bedo kalih penemu kula. Penemu kula abang niku setop.”
  • X :” Hayyah.. abang kog setop.”
  • Duryudana :” Kartomarmo.”
  • Kartomarmo : “kula”
  • Duryudana :” Kowe ora kena melu paperangan. Tak utus bali nang taman kadileng-leng. Mbak ayumu banowati tunggunen.”
  • Kartomarmo : “Inggeh.”
  • Duryudana : “Nek ana kabar aku kalah, mati saka tangane pandhawa. Aku ora lila nek banowati dadi putri boyongan. Gawanen minggat saka ngastina.”
  • Kartomarmo : “Nggeh.”
  • Duryudana : “Nek ana kabar aku menang, banowati kon dandan sing becik, methuk baliku saka paperangan. “
  • Kartomarmo : “Nggeh sendika. Nyuwun pangestu.”
  • Duryudana : “Ndang budhal.”
  • Kartomarmo : “Sendika.”

 

gendhing

Buhal perang

Ing…..

 

  • Kresna : “Yayi prabu duryudana. Raharja yayi?”
  • Duryudana : “Nggeh pengestune papa prabu kresna.”
  • Kresna :” Kula nyaosaken pangabekti papa prabu.”
  • Duryudana : “Heeh.”
  • Kresna :” Pada basuki duryudana kakangku.”
  • Duryudana : “Heeh.”
  • Kresna : “Kula nyaosaken pangabekti papa prabu.”
  • Duryudana : “Ya”
  • Kresna : “Yayi prabu, sakmenika bahu kanan kirinipun yayi sampun mboten wonten. Menawi ndahar atur kula yayi. Brata yudha dipun aturaken kalenggahan menika, yayi minangkani panuwunanipun kadang paduka pandawa. Mangsulaken kesaganipun yayi pandhawa hindraprastha sak jajanipun, negari nagstina sak jajar semangka. Ingkang menika kasutan main dadu mboten dipun toh aken. Pandhawa kaliyan prabu duryudhana wangsul dados kadang nem lan kadang sepuh. Pandhawa mboten niyat memengsahan klayang prabu duryudana. Dos pundi yayi?”
  • Duryudana : “Hemmm…”
  • Kresna : “Nuwun sewu yayi prabu lajeng ndekos. Kua ngertos yen yayi dereng saged nampi piyatur kula. Lah, yen yayi kedah nglajengaken perang bathara yudha. Sakmangke, rehne yayi mboten gadhah madyabala. Mboten prelu perang brubuh lan perang mawi gelar. Perangipun tandhing kinawuh. Rehne yayi duryudana kadang sepuh, kula wenagaken yayi milih, tandhinipun sinten. Yayi puntadhewa, menapa werkudara, menapa janaka, menapa nakula sadhewa.”
  • Duryudana : “Hrrmh..”
  • Kresna : “Panglucitaning ndriya, prabu duryudana pangandika ingkang mboten saged dipun midhangetaken ngadah-adah mekaten.”
  • Duryudana : “Nek aku milih tandhing puntadhewa. Puntadhewa iku wong aneh. Ketoke ura tau perang. Nyatane aku lwes meh arep mateni, tangane wes dibanda, meh arep tak tugel gulune. Saknalika mules wetengku, buyer sirahku, peteng pendhelenganku, dadi aku ra sida. Nek aku mungsuh janaka, janaka kuwi prajurit perang penget panah. Mangka nek panah kuwi isa mateni mungsuh sak adoh. Nek aku prajurit gada, gadha kuwi leh nuthuk lek ora adu arep ora iso nuthuk, dadi kudu saka cedhak. Nek aku milih tandhing nakula sadhewa, nakula sadhewa nek nyekel pedhang kaya nyekel kitiran. Ora kena diindari, ora kena mesthi ajur bathangku. Nek mungsuh werkudara ya prajurit gadha. ning wekudara tangane anteb. Pira-pira ratu sing mbantu aku mati, ming dibanting, diidak, dijotos, lha apa aku kuat nadhahi tangane werkudara? Hrrrrmh…”
  • Kresna : “Waaah… jaka pidana kakangku. Ming karek iki saguh pora? Ming wangsulan milih sapa kog meneng wae? Apa kowe njaluk tak jantur githokmu?”

Suluk hoooo… ja aja netap mindo netap, nitra kocak ngondar andir

 

  • Kresna :” Dupi dipun sodhok mawi gegeman. Griwanipun prabu duryudana. Griwa menika githok, githokipun dipun sodhok mawi gegemanipun werkudara, duryudana penampinipun dipun jotos. Mila saklebeting nggalih, dene kog mung semono bobote tangane werkudara. Mboten kapenggalih panjang sigromatur dhateng nata dwarawati. “
  • Duryudana : “Bapa prabu”
  • Kresna :” Kula yayi.”
  • Duryudana : “Kula nyuwun tandhing werkudara.”
  • Kresna : “Waaaah… yen makaten kepasang yogya. Monggo yayi prabu perang tandhing kaliyan bratasena. Yayi prabu kedah ngagem busana kasenapaten. Werkudara kowe ya nganggo sandhangan senapati, supaya bisa padha karo yayi prabu duryudana.”
  • Duryudana : “Kresna kakangku yo. Nyuwun pamit nyuwun pangestu.”
  • Kresna : “Nggeh ngatos-atos yayi.”

Gendhing

 

Suluk Anggek trima kena suyaka, Sudibya sawara-wara unggul…

 

  • Jayapitono :” Werkudara.”
  • Werkudara : “Bapa jayapitono kakangku.”
  • Jayapitono : “Kalenggahan iki pun kakang lan jenengkala singo bejo. Yen bejo aku, kwe mothar soko tanganku.”
  • Werkudara : “Kosok baline bejo aku, matih saka tanganku.”
  • Jayapitono : “Janji ora tinggal loncat bakuh.”

Perang

 

Ing….

 

  • Sengkuni : “Wee lah. Angger perang duryudana kesusu penggalihe. Arep nandingi werkudara ora pamit karo aku. Aduh, magka ingkang mangerti pangapese werkudara kuwi aku. Nalika werkudara wedhakan lenga tala. Ck.. ingkang medhaki papa prabu destharata. Rehne papa prabu destrarastra iku caca netya. Ora rata, pilingan ingkang tengen ingkang durung kambak lenga pratala. Mangka angger prabu duryudana ora pirsa, duh piye. Mangka nek aku ketok ngewangi, kleru. Menango dianggep kalah, yaa… tak gae pralambang. Nggonku nonton tak ngarep dewe, tak gawe palamita tak minget-minget pilinganku sing tengen. Ngger, mugi-mugi panjenengan priksa pikajengan kula ngger.”

 

Gendhing

 

  • Semar :” Pripun den, kang raka. “
  • X : “Kang mas wekudara, wus tandhing karo kakangmas prabu duryudhana.”
  • Semar : “Weeee… lah, sumengka penggalihe lakang. Lha kok mboten kandha kalih kula lah.”
  • X : “Ana apa.”
  • Semar :” Kang raka duryudana niku digdaya. Awit ndadosna kawuningan. Nalika rebatan lenga tala, cupune manik isi lenga tala niku rak diasta prabu ndara bratasena, sinuwun prabu duryudana. Njuk lengene prabu duryudana digandhuli sengkuni. Sak nlika tutupe kontal, lenga tala wutah. Ngesoki anggane kang prabu duryudana, kaya diwehak ke Ning rehne ming kegrujug. Dadi onten sak perangan sing ora kambon lenga tala, nggeh niku wentis ingkang kanan. Njuk pripun niku leh kula ajeng caos priksa ndara bratasena?”
  • X : “Banjur kepriye kakang semar?”
  • Semar : “Nha.. ngeten mawon. Nek panjenengan ketuk ngewangi ndak kleru. Leh nonton bisa di priksani rakange ndara werkudara. Sampeyan mang menyet-menyet utawa mejet-mejet wentis sampeyan sing tengen. Ndra bratasena niku rak lantip panggrahitane. Mangke rak lajeng priksa ingkang ndados kersane baguse.”
  • X : “Yaya yen mengkono dadi pangestumu tak jaluk kakang semar.”

Gendhing

 

Ing paperangan werkudara

 

  • Sengkuni : “Ngger. Pilingan kula niki lhi cekot-cekot. Pilingan tengen niki lho cekot-cekot.”
  • Duryudana :” Mboten ngrepoti wong pancakara. Wong lagek perang malah disambati mumet sirahe. Golek ubat dhewe yo. Kon nggolekke tumar.”
  • Sengkuni : “Yeeeng.. koyok ora tampa karo aturku ngger. Kula nyekel pilingan niki pralampita, kula aturi nampi ngger.”
  • X : “Ayo jaka pitana kakangku. Aja tinggal mlayu.”
  • Werkudara : “Kangmas. Wentis kula wingi gulu kangmas, kenceng sanget. “
  • X : “Tunggal dene.”
  • Werkudara : “Wong perang malah direpoti. Nek pancen sikile kuwi lara, kon mijeti dhukun kana. Ora sambat karo wong lara. “
  • X : “Wadhuh kepeksa durung nampa. Kang mas kula aturi mirsani wentis kula menika.”

Suluk leng lenging ndriya mangu mangu mangu, kang nduan nrima yayah lena tan kanit …

 

Dalang : dangu den ya pacakara. Prabu duryudana ngasta pusaka gadha lambitamuka. Werkudara gada pyai lukitasari. Prabu duryudana datan saget nampi pralampita saking patih sengkuni. Nanging wekudara saya dangu tanggap dhateng sasmintanipun dyan arjuna. Saknalika dipun suk prabu duryudana. Lena kaprayitnane. Mentis kanan kasabet gada lukitasari, saknalika rumaos datanana dayane lumajar saking padharatan nyemplung telenging kedhung tuntung.

 

  • Sengkuni : “Rampung. Angger prabu duryudana saking bodhone, ora isa nampa pralambang saka aku. Disabet gada mentise, saknalika gada kontal, mlayu banter mbuh nyandi. Dhuh, cilaka. Dheh agek aku mukti kemruyuk do teka nggonku. Saiki nek agek cilaka oleh, anak loro mati kabeh. Mantune siji ora ngerti karo maratuwa, udawa asu! Tekane wong tuwa ra tau ngajeni.”

Dhalang : kacarita patih sengkuni sampun telas piyandele. Ngantos kawijil pangandikanipun, ingkang mboten saktep dipun wijilaken patih sengkuni. Awit watake wong tuwa, menawi ngeden duka karo anak mantu, asu menika mboten napa-napa. Sangking telas pangajeng-ajenge mboten kanyana-nyana, nyandhak kremplus utawi kupluk. Parengipun gawan yasa duk e ngono. Mboten priksa yen krepus menika gedhe dayane. Carita den banting paperangan udan watu.

 

gendhing

 

DISC 7

  1. Sengkuni : “Sekati njut anak-anak anti wati anti sura, sura basah. Lha lek jebul kuplukku iki mawa daya tak buanting paprangan udan watu perjuite Werkudara bubar mangut. He… tak sulukke ora ya awakku iki? Menang e.. Sengkuni. Nek ngono pancen iki lelakon iki arep mukteke Sengkuni. Ngastina wis entek wadya balane sing seh meng karek Sengkuni. Sengkuni menang trus mengko aku dadi ratu ning Negara Ngastina. Jejuluk Prabu Sengkuni. Rabi maneh aku. Rabi kidulku sing rada munggah gunung kae ngono lho, tua ya men ta. Tua ki ratu ok. Hihi…. Tak enggo ngeyem-eyemi pikirku ngono ta. Kupluk tak banting, udan watu paprangan medhal turu”.
  2. Kresna : “Yai Arjuna”.
  3. Arjuna : “Kula”.
  4. Kresna : “Ilang takkedhepe Yai Prabu Duryudana. Paman Sengkuni, mbanting kupluk paringane Kanjeng Eyang Abiyasa paprangan udan watu, perjuritmu bubar mangut”.
  5. Arjuna : “Lajeng kados pundi?”
  6. Kresna : “Dimas Janaka, keparenga matek septi angin. Nyuwun marang Hyang Widi Wasa, paprangan wedhal turu, udan ning ora patek deres, udan angin ning ora patek deres. Supaya mbabar perbawa adhem, njekut. Nek kira-kira Paman Sengkuni mengko wis kadhemen, racuten septi angin, Sang Hyang Bhagaswara men katon”.
  7. Arjuna : “Inggih”.
  8. Kresna : “Nek wis serngengene kethok, mengo rak njut, kuplukke Paman Sengkuni dipepe, ning perjuritmu delikna ndhisek kabeh. Dadi kethokke kalah tenan karo Sengkuni”.
  9. Arjuna : “Inggih”.
  10. Kresna : “Nah nek wis kupluk iki dipepe, iki garapane Petruk. Kowe kudu isa nyolong kuplukke Paman Sengkuni”.
  11. Bagong : “Lha nek nyolong iku Petruk, sip niku mangke. Petruk niku ora diprintah wae nyolong, pancen panguripane Petruk ki ro nyolong”.
  12. Petruk : “Kowe, tak suwek lambemu e… iki ambak nyolong ning iki, kewajiban lho Gong, tugas. Kula nggih nderek, ning kula nggih njaluk kanthi Bagong. Kowe engko sing godha Sengkuni ngono supaya gampang tak colong”.
  13. Bagong : “O… ya”.
  14. Arjuna : “Nyuwun pangestu Bapa Prabu”.
  15. Kresna : “Ingkang ati-ati”.

Mulat ngararisan Arjuna wis ngunya kang madya hamanungsa.e….

Matek aji septi angin Kyai Arjuna ketrimah panuwunipun paprangan udan rintik-rintik lan angin sumiyut sanalika mbabar prabawa adhem, njekut.

  1. Sengkuni : “Waduh, ora ana mendhung tumemplekkane udan, ora patek deres ning ya ngleboske sandhangan, angine gedhe temen sanalika mbabar hawa adhem njekut, heh heh heh…. Memarenge yub nggone wis adoh banget, tekan pinggir kana ya wis malah wis entek kekuwatanku. Heh heh heh…. Lho kok mak byar serngengene kethok, hahaha kaiden panuwunku. Udane njut terang serngengene kethok, lha tak pepe. Ha… dipepe kene engko nek wis garing enggo ngamuk maneh ngono”.
  2. Bagong : “(Mum 5x, mum 8x) 2x, cadhuk3x”.
  3. Sengkuni : “Caduk-caduk ki apa iki?”.
  4. Bagong : “Barongan, niki reog. Mum 5x, mum 8x, cadhuk-cadhuk”.
  5. Sengkuni : “Ora codhak-cadhuk ning kana, mbribeni sing do ngantuk”.
  6. Bagong : “Kula niku mbarang, e…”.
  7. Sengkuni : “Udan-udan kok mbarang?”.
  8. Bagong : “Lha udan kok ya ngelih ki, lha golek wareg ndadhak mbarang iki”.
  9. Sengkuni : “Ora nanggap”.
  10. Bagong : “Ora nanggap uwes codhak-cadhuk ning kene niku. Njaluk dhuwite!”.

Sawetara Bagong karo Sengkuni lagi omong-omongan, Petruk njupuk kuplukke Paman Sengkuni sing lagi dipepe.

  1. Sengkuni : “Kok enak temen njaluk dhuwit, apa aku nanggap kowe ndhuwene tak undhang ngono? Ora diundhang codhak-cadhuk kok, njaluk dhuwit. Ndhuweh a dhuwit ora tak kekna manungsa kaya kowe. Sumingkir, nyepet-nyepeti mripat”.
  2. Bagong : “Jan ora ngeweki?”.
  3. Sengkuni : “Ora”.

Bagong muring-muring karo ninggalna Sengkuni.

  1. Bagong : “Patih suzuki medhit, dijaluki dhuwit e ora entuk, karo Bagong e warna-warna. Codhak-cadhuk mung arep ngemis e…”.
  2. Sengkuni : “Wi lha iki”. (Noleh memburi, nanging pemenane wis ora ana ning kana).

E… leng-leng ngindriya mangun-mangun mangumpung wo…ono heee…

  1. Sengkuni : “Haduh katrangane Bagong iku mau nggodha aku. Ilang kerpusku dicolong sapa iki mau? Aduh, Werkudara mrene!”.
  2. Werkudara: “Sengkuni bapakku, kecekel tanganku”.

Werkudara perang karo Sengkuni. Wetenge Sengkuni disudhet Werkudara nganggo kuku Pancanaka, nanging ora mempan. Werkudara banjur ninggalna Sengkuni.

  1. Semar : “Wonten napa, den?”.
  2. Werkudara: “Wah kuwilangan”.
  3. Semar : “Wonten napa?”.
  4. Werkudara: “Sengkuni bapakku tak sudhet kuku Pancanaka, mendhat”.
  5. Semar : “Wo, lha sampeyan arep mungsuhi Sengkuni mboten ngendika kalih kula. Sengkuni niku ndek rebutan lenga thala rak nggandhuli tangan sampeyan no. Wo tak eling lenga thala ning suketan niku, Sengkuni rak gulung teng suketan. Badhan sekujur kaya diwedhaki lenga thala, mula ora tedhas tepak palusisaning gurindha. Ning wonten papan sing ora kambah lenga thala enggone ndhelik”.
  6. Werkudara: “Ana ngendi?”.
  7. Semar : “Medhi Canthoka. Medhi niku silit, canthoka niku kodhok, teng silit kodhok. Dadi pangapesane Sengkuni niku teng nggon silit kodhok”.
  8. Werkudara: “Tak sudheti kuku Pancanaka”.

Werkudara ketemu maneh karo Sengkuni, arep mateni Sengkuni.

  1. Sengkuni : “Ora papa, aku ok. Ora tedhas tepak palusaning pandhe. Wis kanggonan wahyu ratu ok. Sudhet kuku pancanaka ya mendhat”.
  2. Werkudara: “Sakdhurunge kowe mati sandhata bapa ngakasa ing bumi pertiwi. Kene merganing patimu”.
  3. Sengkuni : “Akamblus”.

Saya duka Raden Werkudara. Midhanget wangsulanipun Sengkuni lan ngulat solah bawane Sengkuni anggenipun ngewak-ewakaken, sidra pake Sengkuni den jungkelaken. Sirah wonten ngandhap, suku wonten nginggil. Para pamriksa saged nggambaraken piyambak, yen sirah wonten ngandhap, suku wonten nginggil, sandhanganipun tentu nglembrek mangandhap sedaya. Sanalika medhi canthaka ketingal den sudhet dyan Brata Sena. Pinesthi keparening Bethara Sirna merga layu, awit saking srudhukanipun Raden Werkudar enget. Dhumadine perang Bharatayuda awit saking lincip lidahipun Sengkuni, mila mandi prasetyanira pribadi nalika Kresna manjing dadi dudha. Sengkuni ngoceki gedhang kelakon Negara Ngastina kecekel Pandawa nek kuwandhane Sengkuni wis kaya gedhang ocekan. Mila tutuk den suwek, niktranipun dipun jewer, kulitipun Sengkuni diun klocot pejah pake Sengkuni kuwandhani ngglinthing kaya gedhang ocekkan. Oo……

(Sengkuni dipateni Werkudara. Badhane Sengkuni diwolak-walik, sirahe Sengkuni dijungkelke ana ngisor, dene sikile ana ing ndhuwur. Banjur disudheti nganggo kuku Pancanaka. Pawarta matine Sengkuni nganti tekan pesanggrahan Hupalawiya. Dewi Kunthi sedhih banget kerungu pawarta yen Sengkuni mati).

  1. Werkudara: “Iyah… Tak patah…. Iyahhh…”
  2. Sengkuni: “Aduh… A…. Aduhhh…”.

Ungun-ungun tyasnya dyan Werkudara, priksa kuandhanipun matine Sengkuni kaya gedhang ocekkan. Pawarta pejahipun Sengkuni dumugi pesanggrahan Hupalawiya. Kacarita Dewi Kunthi dugi midhanget Sengkuni pejah. Sigra ngupadhi peputra dyan Bratasena, Dewi Kunthi talibrek.

O… O… O…

  1. Dewi Kunthi: “Sena”.
  2. Werkudara : “Apa Kunthi, babuku?”.
  3. Dewi Kunthi : “Apa kepara nyata Sengkuni wis tekaning pati?”.
  4. Werkudara : “Wis”.
  5. Dewi Kunthi : “Sing mateni sapa?”.
  6. Werkudara : “Aku. Tak klocoti lulange, kuwandhare ning burimu gumlinthing kaya gedhang ocekkan. Kejaba tak suwek cangkeme uga, merga dhumadine perang Bharatayuda seka adu manising rembug Sengkuni bapakku”.
  7. Dewi Kunthi : “Jaguk…. Yen mangkana aku patenana wae Bratasena”.
  8. Werkudara : “Sengkuni tak pateni kok kowe keranta-ranta pikirmu, apa kowe nyimpen rasa tresna karo Sengkuni?”.
  9. Dewi Kunthi : “Kowe aja kleru panampa. Nalika cah mbangun lenga thala Sengkuni kuwi nggoleki lenga thala dianggep aku sing ndelikke. Diadhul-adhul busanaku, kasemekanku diudhali karo Sengkuni. Mangka aku pinuju ora eling marga aku wis lumayu adoh karo Rama Abiyasa. Bareng aku eling aku ora ngagem kasemekan, sanalika aku diagemi lara tani jubah Rama Abiyasa tekan saprene. Nanging aku apratila ora pati-pati aku ngangge kemben nek ora nganggo lulange Sengkuni. Mangka sakiki Sengkuni mati wis ora duwe lulang. Nek ngono aku ora isa ngesahke punagiku, Sena”.
  10. Werkudara : “Dadi sing muk butuhke mung lulange Sengkuni?”.
  11. Dewi Kunthi : “Iya”.
  12. Werkudara : “Aja kuwatir. Tak beseti lulange iki mau ana sing keri semlempit ning kukuku”.
  13. Dewi Kunthi : “Lha nek mung sumlempit ana ning kukumu, lha apa kena tak enggo kemben?”.
  14. Werkudara : “Iki nek digelar 2 meter ya ana, tak kandhani”.
  15. Dewi Kunthi : “Jagad. Yen mangkono ki ja kemayangan, sah na punagiku”.
  16. Werkudara : “Ayo tak caoske Ibu Kunthi, lulange Sengkuni enggonen kembenan”.

Oooo………….ooo…

Tri gumawur mangawur-awur muran. E…. Ngaraning aji urip. O… Konver madru gangsa. Tetekaya butula. He…..

Raden Werkudara nganthi wonten tandyining kedhung tuntun. Pagedhonganing carita, Prabu Duryudana pinanggih Sang Hyang Rekatatama, dipun paringi Pusaka Godha Inten. Mijil saking kedhung tuntun bekta pusaka Gadha Inten. Gawane dipun lumampah Prabu Duryudana nyundhul ganggeng limah lumut, kejetek guru wekasan Werkudara ge nganggep beburon saking telenging kedhung lumajar kapianteng.

  1. Kresna : “Ana apa Werkudara?”.
  2. Werkudara : “Wah aku ngenteni Duryudhana kakangku ana tandyining kedhung tunthun ana beburon saka kedhung iju teng krembyak, kaget”.
  3. Kresna : “Kowe kurang menep rasamu, kae dudu beburon, kae yayi Prabu Duryudhana”.
  4. Werkudara : “Lumuten”.
  5. Kresna : “Ora lumuten. Le tindhak nyundhul gandheng karo lumut”.
  6. Werkudara : “Gawa gadha gedhe”.
  7. Kresna : “Gedhe ning kae kathong, suwung blung, kelingan ora? Gadha Inten ingkang diparingi biyen kowe, nanging tumeka mustina ilang ora kena ditonton. Digetak dening Rama Prabu Salya nganggo Aji Candra Birawa ya tiba ana ning kana, ya kae Gadha Inten aja kowe wedi”.
  8. Werkudara : “Dudu aku”.
  9. Kresna : “Ning ngendi ngono pangestumu tak jaluk”.

E…. Satrulayu gajah elar. O…. E….

  1. Duryudhana : “Werkudara”.
  2. Werkudara : “Apa?”.
  3. Duryudhana : “Durung rumangsa kalah, ayo kembarana kapidayanku. Ora tak indhani. Gadha Inten tantanana”.
  4. Werkudara : “Lupitasari pinarya kaleming”.

Werkudara lan Duryudana perang.

Rame denya paca kara dawane Gadha Inten wus kothong ora ana isine. Dhene tek mawi Gadha Lupitasari saya alit-saya alit kantun sak jangkil. Prabu Duryudana leh na kaprayitna kenging den kepruk Gadha Lupitasari sanalika ambruk. Saking srudukanipun Raden Werkudara kajambak rekmane Prabu Dhuryudana. Pasuryanipun den sapaken sela gupik. Sanalika mlocot kulit dagingeng pasuryan, waja ketingal mrangas, pipi ical, irung grumpung. Telapukanipun nitra tethel kantun mripat mlorok sirna sipate Prabu Duryudana yayah gandharwa ingkang kuthak ludira.

(Duryudana perang karo Werkudara)

O…. Ical pasuryanipun Prabu Duryudana. Pipine tetel, irung grumpung, lambe ical miwah janggut, telapukane uga tetel kantun niktra mlorok maja mrangas turta kutah ludira dereng pejah saweg setengah pejah rukmendaya.

  1. Duryudana : “Wah Werkudara, anggepmu kowe menang mungsuh aku ya? Aku saat dikuthuk pateni kabeh, nanging lelakon iki sing menang tetep Duryudana. Kowe wiwit cilik tak cecenggring, tak siya-siya, uripmu ning alas, manganmu kapiran, ngumbemu kapiran. Bedha aku saksedulur, mangan enak, ajang piring sutra, kuping ngrungokke suara-suara kang nengsemake, mripat ndelok keuripan kang nyenengke. Balik kowe, turu alas, gandrung karo sing jenenge utama. Mangka jane utama karo ora nek wis modhar padha wae. Aku sakdhulur tok pateni kowe anggepmu menang Bharatayuda iya? Ngukup Negara Sina, iya? Negara Ngastina wis entek bandhane, negara wis kothong. Bandhane tak enggo ragad perang. Wong enom-enom wis entek, do mati, sing ana mung kari wong kaki-kaki, wong tua-tua, randha, karo cah cilik-cilik. Kuwi sesok ngimbuhi gaweyanmu, kowe kudu ngayomi karo kuwi”.
  2. Kresna : “Arep apa Werkudara?”.
  3. Werkudara : “Arep tak gecek sirahe”.
  4. Kresna : “Kuwi suwarane wong sekarat. Ning bener pangandhikane yayi Prabu Duryudana, nanging bener mau pirang-pirang bener, bisa didadekake 3. Bener mungguhe awake dhewe, bener mungguhe laku utama, bener mungguhe wong akeh. Bener mungguhe awake dhewe ya kaya tekade yai Prabu Duryudana. Ya mung gedhe-gedhe cilik-cilik. Kepengen dhuwe neng aja kangelan ndadhak tuku, ning isa nyekel. Pamane cilik ijen do ijen, mlaku nok ndalan. Nganggo sandhangan becik kok kepingin nduweni. Sing nganggo sandhangan becik ditindhil sirahe. Semaput sandhangane didhedhel. Bener tumrap sing nglakoni kuwi, ya mung nek sing gedhe, mangan gedhuwis. Tangane kuwi mung karep awake dhewe, nek wong cilik. Nek wong gedhe mangan dudu kek’e ora mung wareg awake dhewe, wareg sak anak putune ngono lho, kaya yai Prabu Duryudana. Nek benermu ngge laku utama nek ndak iki wulanganing agama suci. Nek nindakkki piwulange agama suci, wong mateni wong ki dosa, aja kok mateni, wong ngandhakke elekke wong liya iku wis dosa, nanging Werkudara iku satriya. Ngenggonana bener mungguhe wong akeh. Nadyan Duryudana iku sadhulurmu tua, ning tumindhakke dadi rekaning jagad, nek kowe nandhani malah kowe tethel kasatriyanmu”.

THE END

 

 

 

Leave a comment