Atur pambagyaharja

Bismillahirohmanirrohim

Assalamualaikum Wr.Wb.

Para pepunden, para sepuh, para pinisepuhingkang pantes ppinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning negri ingkang pantes kinurmatan, para kadang wreda mudhaingkang bagya, saha para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.

Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sedaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapak sekaliyan, kinen ngaturaken wudhareng gantha gagaring sedya, raos duks ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatising gati ing kalenggahan punika.

MInangka purwakanig atyr langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarso dalem gusti allah ingkang maha Aging, karena sih wilusa miwah barkoh inhkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kulo saengga maksih saget kmepal manunggalkanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para lenggah inkaang siuba ing pakurmatan. Madyaning wiwahan punika Panjenenganipun Bapak sekaliyan lumantur kula ngambali ngatiraken sugeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindahan, kasuwun tansah lelenggahan kanti mardu mardikaning penggali, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kulo aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawunginangi gathining sedya ing palenggahan punikaingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan. Nun nggih netepi darmaning asepuh Bapak sekalian ingkalenggahan punika mahargyo suto hamiwaha siwi ngantes pitulus Kenya putrinipuningkang sesilih namipun Rara kaleksanan dhaup kalian Bagus priya tanaya panjenenganipun Bapak …… sekalian ingkang pidalem ing ingkang sampun kalampahan ijab mitirut satataning adat kanthi pinayingan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun Bapak….. (ingkang mengku gati) wonten ngarso panjenengna sedaya mugi wontena lilaning panggalih paratamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang khaesti.

Leave a comment